Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 26 Juni 2022 07:18 WIB)

(Cerita Cendhek) Titip Tuku Sawi


Kos Teram, 2013.

Ring dina-dina biyasah, buyeke Sumbersari – Ambarawa kaya sing ana agope. Sing ana empose. Angger rame, sakat isuk ketemu bengi. Sasate ya sedina jampleng megiyete. Merga Sumbersari – Ambarawa mula dadi dalan hang akeh-akehe diliwati lare UM, hususe lare Fakultas Sastra, Ekonomi ambi Fakultas Ilmu Pendidikan. Ring kunu, ya akeh panggon ngeprin lan potokopian hang dhirik ambi warung embuh iku wong adol matengan, warung lalapan, gorengan, es jus lan liyane.

Kadhung wis emeh jam 7 isuk, sing kaget kadung ring pertelon patung Singa buyek abane sepidhah ngunekaken klaksone.  Ring lompongan angger wong wadon hang jare aseli Madura dodol sate disuwun. Angger njanggol ring ngarep salah sijine kos, ambu welek bakaran satene mubal-mubal kaya nak temepel ring bacote sapa bain. Durung maning hang nggawa rombong bubur, bapak-bapak kacamataan angger dandanane necis nganggo penganggo rapi lengkap nganggo sabuk lan sepatu, ya dadi jujugane lalare kos hang kepingin sarapan bubur. Kanggone lare kuliyahan hang sing kabeh ana pawon ring kos-kosane, tuku sega utawa tuku gayeman ring Ambarawa lan Sumbersari bisa enggo pengiritan. Regane murah-murah. Kala-kala ring warung biru, tuku jangan bening 2000 ya magih dilayani.

Dalan Sumbersari –Ambarawa buru cumpleng ngarepaken jam sanga bengi. Merga korine kos-kosan rata-rata digembok lan dieneb jam semunu. Warung-warung ya padha tutup kabeh. Jam semunu, dalanan sepi emeh singana sepidhah montor hang liwat.

Bisa dititeni Sumbersari – Ambarawa cumpleng temenan mung tepak parek lebaran Idulfitri. Utawa tepak dina Minggu, merga liyane akeh hang pulkam alias pulang kampung, emeh sing ana hang keliweran tepak isuk-isuk meruput ring dina Minggu iku. Sak dawane dalan Sumbersari – Ambarawa sing ana gelawere lalare kos kaya dina Senen sampek dina Sabtu. Lompongan-lompongan sepi, sing ana abane mesin sepidhah montor hang angger muni tan tin tan tin, balapan ambi jangkah-jangkahe lalare mahasiswa. Hing ana abane kertas metu teka mesin potokopi hang gentenan unine. Sing ana rombong bakso, rombong es dawet hang njanggol ana ring dalan Ambarawa ngulonaken. Abete emeh kabeh lalare hang ngekos ring Ambarawa milih ndekem ana ring kamare.

Dina Minggu tegese ya perei nyang kampus. Perei nemoni dosen. Mulane cedhing kos ring dina iku bisa dipastekaken sing kira ana hang antri. Mari subhuhan, bisa mancal kemul maning. Sedinaan sing metu kamar, ya sing kira ana hang nguwel. Sing kira ana hang ngabragi.

Kaya ring Kos Teram 1/1, dina Minggu iku cedhing lowong temenan. Hing ana abane jebar-jebur lan gemericike ledheng mili. Sangsangan padhang, merga sing ana hang umbah-umbah. Mung ana andhuk ting cerantung diicis.

Kost Teram 1/1 setemene umah biyasah. Ana bentur lan teras, ana bale umah, ana pawon ya uga ana cedhinge. Ring kos iku ana 3 kamar ring lantai siji, lan 4 kamar ring lantai 2. Saben kamar dipanggoni lare 2. Temune ring kost iku kabehe ana 14 uwong.

Masiya pawone supek mung 1m x 2m, taping cukup nggo ngandoh kompor gas leng siji, wajan, panci lan ceraken wadhahe ragi-ragi. Emeh kabeh hang ana ring kos, angger nganggo pawon masiya mung enggo nyeplok endhog. Liyane iku, sak wayah-wayah (paceke angger dalu tepak lalare melekan nggarap tugas kuliah), pawon metu weleke maning, merga lalare iku olah mie. Sak jembung mie godhog, ana sayure, ana endhoge ana bawang abang gorenge, kala-kala.

Ring dina Minggu iku, emeh jam setengah 8, Holip mahasiswa anyar hang buru telung ulan ngekos ring kunu metu teka cedhing nyelempang andhuk.

“Cek pathenge reeek, luwe a wis?” abane Putri logat Malangan. Putri asline Leces, Probolinggo. Semester 7, jurusan Biologi FMIPA.

“Arep golek maem mbak. Ayo...” ejake Holip ambi nyangsangaken andhuk ring hanger.

Holip mula sing tau kasep sarapan. Ring umahe kana, angger isuk mesthi wis nampa piring. Sega kebul-kebul, merga emake angger tangi subuh adang. Masiya mung ambi gorengan tahuk tempe, emake Holip mastekaken anak-anake wis sarapan teka ngumah sakdurunge mangkat sekolah.

Kesrege sandale Holip mudun teplak-teplik. Tangane ngethem picis, arep enggo tuku sega lalapan.

“Lip, titip sawi apa a. Rongewu ae ya. Sek enek gak ya, bakule?” abane Putri njeronggol ring lawang kamare ambi ngelungaken picis 2000an.

“Lek gak enek atau wis tutup piye mbak?” takone Holip.

“Nang gang 7, biyasahe buka sampek rodok awan. Tapi aja wis, sakena awakmu kadohan..”

Wis dadi adate ring kos iku, umpamane ana salah siji hang arep metu nyang warung, kanca-kanca liyane milu titip. Masiya dititipi nyang warung hang sing padha, masiya titipane jujug nyang warung rada adoh, sapa-sapa-a iku, gelem sing gelem ya kudu gelem. Embuh iku temakaken warunge tutup, urusan mburi. Merga ya sungkan arep sing ngiyani. Malah, sak durunge metu kos kaya seja kaya ngumumaken: ‘Isun arep nyang warung, ana hang titip tah?’

Sing luput, mari Putri titip. Rita hang kamare ring ngisor, ya siap-siap arep titip.

“Aku nitip, apa wae wis, padha kaya awakmu ya Lip..” jaluke Rita. Rada enak titipane Rita merga sak jalur lan sing kira kesuwen leren muter-muter.

“Enek sing nitip maneh ta?” abane Holip.

“Reeek, enek sing nitip maneh enggak?” Rita milu ngabani.

“Aku nitip...” Sofi hang asli Madura semaur.

“Aku pisan,” Kikik hang asli Banyuwangi milu nyaut.

Mari nyathet kabeh titipan kanca kos-e ring HP, Holip gage metu kos, kerug-kerug wethenge elom temenan.

***

Putri gelothakan ana ring pawon. Ambi nganteni Holip teka, larene nguwantoni panci. Putri wis nyepakaken mie godhog sak bungkus ambi endhog siji. Kompor wis dicethetaken. Wajan wis ditemumpangaken. Bawang abang telung bendul dikenceti. Ring dhuwur talenan, lobok lithik telu wis diiris cilik-cilik. Putri nguntek lenga kelethik arep nggoreng bawang abang sulung. Ambune arum, kaya nyelisib melebu nyang kamar-kamar. Sing luput, kabeh lare kosnkaya dikongkon metu teka pesanggrahane alias kamare. Gemerudug lare-lare kos mudhun nyang ngarepe panggon ndileng TV. Kelasa wis digelar lan TV wis diuripaken.

Abane lawang ngarep kos muni kaya ana hang ngengekaken. Mesti bain, yong Holip teka ambi ngetheng-etheng keresek. Kaya nyambut dhayoh, kabeh lare-lare kos padha mesem weruh Holip teka.

Holip nyelehaken keresek gawanane ring meja, terus njujug nyang Putri ring pawon.

“Nyoh mbak,” Holip ngelungaken titipane Putri.

“Lho, Lip?” Putri kaget mari nampa keresek terus dibelisaki kok sing nemu paran hang digoleti. 

“Sawi, kan mbak?” abane Holip mastekaken ambi nggayuh keresek hang magih dicekel Putri.

“Mosok aku ate mangan mie karo puhung toh Lip?” Rita hang asli Kediri, mara nyang pawon rungu Holip ambi Putri kaya otot-ototan.

“Sampeyan salah ngomonge Mbak Put!” Kikik milu njumbul lan ngakak.

“Mbak Putri titip sawi ag Kik. Yara bener hang hun tuku Kik...” Holip mbela awake dhewek ambi kaya njaluk persetujonane Kikik.

Kikik tambah ngakak. Holip ngamet piring aju ngujeti staples ring sega bungkuse, wis arep mangkat muluk.

“Ya Allah, Liiiip.. Lipp..” abane Putri rada nelangsa ngelebokaken mie nyang panci merga banyune wis gemulak. Rita tambah ngakak rungu Putri denguh.
“Ora apa-apa Mbak Put, sepisan-pisan sampeyan maem mie karo gorengan puhung...”

***

Kala-kala, katon-katonen nyang Kos Teram 1/1, nyang kanca-kanca kos kala semana. Kangen temenan.
Banyuwangi, Juni 2022.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Dokumen Pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf