Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 25 April 2021 06:29 WIB)

(Cerita Cendhek) Tsabit, Anakisun


Sipat sakdurunge puwasa, kira-kira sak ulan sakdurunge, yaiku Ruwah, wis anjerahe akeh uwong Ngeruwah. Selametan ngundang tangga-tangga, lungguh bareng, ngirim donga, uga nengeri dak sedhela maning wis mangkat puwasa.

Ring Badhes sasate sak ulan jampleng gentenan anggone uwong Ngeruwah. Sasate kabeh. Singana hang sing Ngeruwah. Kuwasane Alloh, diparingi ana rejeki kanggone Ngeruwah iku.  Dhung puwasa kurang seminggu, paceke ana Selametan Kubur. Isuk pating nyang kuburan sulung, rijig-rijig, mariku aju selametan ana ring lurung, madhang kembulan ring ancak sak dawane lurung Badhes Elor, ngetanaken.

Tanggal 11 Maret, tanggale abang merga Isra' Mi'raj. Temune wis melebu Ruwah. Langit rata kelir biru, seru katon rijige. Merga padha perei megawene, isun lan lakinisun ngejak Tsabit memengan nyang pesisir Pulau Santen. Omes temenan lakinisun netak Tsabit. Ndhemenaken weruh Tsabit katon girang didhunaken ning pasir pinggir pesisir. Seruwale sun pelingsing mendhuwuraken, sikile kecipakan keneng banyu segara. Matane Tsabit tulah-tulih nulihi perahu kembang-kembang, uga nulihi lalare cilik hang sirat-siratan, adus-adusan.

Ngepos memengan ring pesisir, lakinisun ngejaki mulih merga wethenge wis kerasa elom. Ketang mula sing nggawa bontotan.

Ring dhuwure sepidhah montor, Tsabit sun gendhong madhep mengarep kaya wong angkul-angkul merga nganggo hipseat. Isun ambi cerita nyang lakinisun dak mari ngipekaken Anang. Sorene maning, mara-mara disapa Anang ana ring ngimpi. Anang Ajin teka nyang umah, seruwalan cekak, ambi nganggo kaos tipis, kaos partai kaya biyasahe. Ambi nggawa kerdus isi tape ketan. Sing katik ngomong paran-paran, Anang Ajin mandheg ring ngarep kamarisun. Ambi nulihi buyute, hang matane merem kesirep rada ngerangin. Sakkal isun mberejag tangi.

“Kari kangen nemen isun ya Mas. Ayo ngidul yuk..” ajakisun, nulih lan ngerasakaken hawane kaya cocok dienggo nyang Badhes. Ketang isun mula lawas sing tau nyambang Adon. Pungkasan nyang Badhes ya pas magih methenge Tsabit ika, lebaran 2020. Ya lawas pisan sing tau nyang kuburane Anang. Paling pol, kadhung kangen, kirim Fatihah. Utawa ndileng poto-poto bengen, magih ruwahe seger. Maningan upamane saiki nyang Badhes, mesthine tepak. Mesisan ambi nyang kuburan.

“Hing udan tah?”

“Mas, cake tah dilengen. Barang kari terang digi ya..” abanisun.

“Tsabit diejak?”

“Marine kadhung ditinggal iku arep nyusu nyang sapa?”

“Ya gampang wis. Sarapan sulung, isun elom..” semaure lakinhun. Tsabit selongoban, semendhe nyang isun. Katone kesirep-sirep.

Hang sun rasakaken sak uwise umah-umah, yaiku tanggung jawab dadi tambah. Paran maning Gusti Alloh maringi Tsabit nyang isun lan lakinisun. Kadung bengen, arep nyang endi bain sing kuwatir paran-paran. Adoha ya diterak bain, masiya katon dherem. Keneng gerigis sithik sing kuwatir warang. Waranga, ya awak magih kuat nahan. Taping sak uwise ana Tsabit, arep metu umah masiya iku parek ring pucuke bacot, rasa-rasane akeh nemen hang diitung. Kira-kira engko udan tah using. Utawane, kudu mangkat jam pira, kepanasen tah using. Durung maning, bangean hang kudu digawa, masiya tah mung menyang sedhilut.

Kadhung jare emak—embahe Tsabit, kadhung wis mari selapan, bayi iku wis keneng dijak nyang endi-endi, utamane nyang umahe dulure. Makene wawuh. Kambuhan, digu jare. Taping sampek Tsabit umure emeh 10 ulan, mula durung tau sun ejak menyang adoh. Sepisan ya merga ana korona hang marahi aras-arasen metu teka ngumah, liyane ya merga ruwede kathik lare cilik ngalah-ngalahi kaya wong arepe minggat.

“Sira arep ngidul iku wis tilpun sulung tah? Biyasahe Adon iku tandur ambi Adon Isah. Cak Ali, Mbok Sup, yara magih ning bata-an. Jujug nyang endi Sira?” semaure emak ambi mbilasi kumbahan, kala sun pamiti.

“Timbang sing kecaruk Adone. Aja mandak merana saiki wis...,” abane emak, nambahi. Mula kadhung nyang adon, kudune mbengi ditilpun sulung. Dipastekaken sulung ana tah sing. Paceke tandur utawa matun, buruh, milu uwong. Taping kadhung wis sakat mbengi ditilpun, wani kethokan kuping, sakat isuk uput-uput, adon iku bolak balik ngintepi ring lurung, nawi-nawi putune iki njumbul. Aja maning gedigu, keliwat sampek lohor sing teka-teka, bolak-balik anggone Adon takon nyang Cak Ali, kuwatir nawi apuwa-apuwa ning dalan. Lan maning nawi ana wurunge, sekaken, Adon nawi ngersula. Mulane enakan mara-mara teka jujug, yara sing kathik ruwed.

***

Dina Kamis emeh soren, sak uwise embahe Tsabit mari ngaritaken sapine, nunggang sepidhah montor, mangkat nyang Badhes. Isun hang nyetir, Tsabit digendhong embahe. Wis mbongkol temenan rasane kangenisun.

Sepidhah langsung bain sun jujugaken nyang Adon Iyah. Kari akeh hang uwah sakate sing ana Anang, batinisun tepak buru gadug. Tsabit maune kesirep aju melek rungu suwarane Adon. Sambutane, mauka.

“Nek, kene, Sun gendhong buyut iki...” Tsabit matane kiyep, ambi kethip-kethip, nulihi kiwa tengene. Ana ring endi isun iki, pantese bain batine.

“Copo iki laleeee?” abane Adon ngudang, ambi dipelad-peladaken. Tangane wis dielungaken, nak nggendhong. Tsabit melengos.

“Sing keneng digerusuh iki Mak. Maning magih lemes larene, buru tangi. Ulung tah, mane rada engko. Timbang larene kembit-kembit, rika ejak," abane emakisun, mula wis apal nyang lagune putune.

“Ya lungguha wis. Gawe wedhang sulung,” jare adon, aju melaku nyang pawon.

“Yak mangkat Adon iki umet. Kersane tawis Don," abanisun menging.

“Marine meneng-menengan?” abane Adon ambi njuwut timba.

“Arep nyang endi Rika iku Mak?” takone emakisun, nyang Adon.

“Sulung nyang Adon Isah, Ngeruwah engko.” Tepak temenan, Adon Isah bangete olah-olah arepe Ngeruwah mari Maghrib engko.

Sing suwi, Adon teka maning. Timbane mauka wis ebek, diiseni jajan.

“Mak, munggaha ra wis geningna. Engko yara mampir merana,” abane emakisun, kaju nyang lakune Adon. Celput ilang, teka-teka ulih jajan. Weruh ana jajan werna-werni, tangane Tsabit kaya-kaya nak nggape. Awake njaluk mudhun teka gendhongan. Sun cekeli ondhe-ondhe ambi sun kudang, larene wis gelem munyik.

“Baguse acake kelendi Lik, Thulik?” takone embahe. Tsabit meringis, meripate sampek kaya wong merem diterak pipine hang wungkul. Ambi ngethem ondhe-ondhe, Tsabit njaluk ditetak. Taping terus dicandhak emak, dijak nyang umahe Adon Isah.

Adon melaku ana ngarep. Emak tut buri, ambi nggendong Tsabit. Gesahe diterusaken ambi melaku nyang umahe Adon Isah.

Gadug ning Adon Isah, uluk salam, ana Anang Jidi lungguh ring pelanca welad ngisore uwit anggur hang nyelolor ring pelanggerane. Tsabit maning-maning merungsudaken awake, njaluk mudhun weruh akeh lare semembur memengan layangan, ring lurung cilik sepengetan. Teka pawon, abane wong gongsreng-gongsreng ragi ambune kari seru sedhepe gadug mengarep.  

Tsabit wis semerinthil tetak ngulon ngetan, sepatune wis dicoplok teka sikile. Nulih kahanan, kari enget magih ana ruwahe—magih isun kuliah bengen, lungguh-lungguhan ambi gesah ya ring ngisor uwit anggure Adon Isah iki. Magih ana kursi empuk taping wis mopol, kala semana. Ring atinisun, hang paliiiiiing jeru, mbatin, duh mandanea bain Anang Ajin magih ana.

***

Teka Samsat ngulonaken, ndileng mega kaya-kaya Anang nulihi teka ndhuwur kana. Mencirak serngenge alus temenan, nengeri wis jam 5 soren. Sun tulih teka spion sepidhah montor, katon Tsabit semuntel ring gendongane embahe. Kesirep.

Rejeki temenan dina iki ngidul nyang Badhes. Anane Tsabit nggawa rejeki sing mung arupa picis lan donya. Taping bisa mengan nyang Badhes sambang Adon, tanpa kuwatir kudanan, rasane kaya ulih lintang temebluk. Ngejak Tsabit mengan adoh, tanpa ruwed lan cerewed, wis dadi rejeki hang gedhi.

Lega wis, mari teka Anang. Sak sing-singe, kangen ana ring atinisun wis ulih tambane.

April 2021.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Dok. Pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf