Anggitane: NURHARIRI
(Minggu, 29 Agustus 2021 11:37 WIB)

(Cerita Cendhek) Tuku Lupis Kasinen


Isuk-isuk Tukul wis mbelayu-mbelayu ring umahe kancane hang aran Mamat. Tukul cemeng kopine kerana mari mecah celengane kira-kira ulih rong juta lebih. Tukul kepingin tuku HP android makene bisa memengan media sosial kaya kanca-kancane, kerana iku Tukul nggoleti Mamat sakperlu diajak ater tuku HP iku. Gadug umahe Mamat sing weruha magih enak turu. Jare emake, Mamat digugah sakat mau sing tangi-tangi. Sing kelangan akal Tukul njuwut banyu ring gelas aju disiramaken ring raine Mamat. Serang kagete Mamat sakkal njingkat,

”Najis nawi Sira iki, Kul!” 

Ambi munyik-munyik Tukul njawab,

"Emakira muring-muring kok, sakat mau digugah sing keneng, emane sing disiram wedang Sira. Hahaha.. Ayok gancang raupa sulung aju ngopi ambi tuku sarapan!”.

Rungu diajak ngopi Mamat sakkal mberejag melayu nyang cedhing arep raup. Marek raup Mamat nganggo kelambi lan celana, sing lali capile dienggo pisan. Mamat njuwut HPne aju dilebokaken nong esake, matane Tukul nulihi bain, ambi mbatin, “Isun marek iki ya duwe, Mat”.

Lare loro metu nunggang sepidhah montore Mamat. Mamat mandheg ring warung kopi langganane hang dodol sega bungkus pisan. Mari mangan entek rong bungkusan, Tukul nyampekaken niyate ring Mamat, “Mat, ayok Isun ateraken ring tukuk HP, Isun arep tuku HP android kaya hapenira iku, ya."

Mamat magih sing percaya, ”Sih, lareki, duwe picis tah Rika?”

Ambi mesem Tukul  njawab, "Aja kuwatir, Isun marek mecah celengan, ulih rong juta lebih. Ayok kopine entekena aju mangkat tuku HP,”

Lare loro iku ngentekena kopine, Tukul njuwut picis mbayar sega bungkus lan kopi. Sepidhah montor disetater, ambi setengah ngebut Mamat marani tukuk HP hang regane rada miring. Gadug panggonane, sepidhah diparkir aju melebu ring tukuk. Pelayan tukuke nyapa ambi nguwani eseman, "Selamat pagi Mas Mas, ada yang bisa saya bantu?”

Lare loro kelepekan weruh esem ayune pelayan tukuk iku. Setengah nderedeg Tukul nyauti nganggo basa Indonesia, "Saya mau tuku HP android yang bisa kanggo pisbukan itu ya Mbok,”

Ambi mesem maning pelayan tukuk iku nyauri Tukul, "Oh ini Mas, yang ini memorinya tiga giga harganya satu setengah juta, sedang yang ini dengan memori empat giga harganya Rp 2 juta, kameranya bagus Mas,”

Tukul takon ring Mamat, "Cok, nurut Rika endi hang apik Cok?”

Mamat ambi nuding hapene njawab, "Iku Cok hang rega rong juta, mesisan tuku hang memorine gedhi, makene akeh isine,”

Tukul njuwut hang disaranaken Mamat. Rega rong juta iku ulih bonus henset, kartu memori 16 giga, lan kartu perdana hang wis ana paketane 10 giga. Mari mbayar, lare loro iku aju ngebut mulih ring umahe Tukul.

Sampek ring umahe Tukul, HP hang wis urip dicas. Ambi jempole, Mamat mijet-mijet layare HP. Tukul dipoto nganggo gaya lare-lare enom-enoman, tangane dijepitaken ring dagune ambi mesem.  Mamat nggawe emaile Tukul. Mari gawe email Mamat mbukak aplikasi fisbuk nggawekaken akune Tukul, sing lali nggawe messengere pisan makene bisa chat lan telepunan ambi kancane. Akun wis mari, HP dielungaken nyang Tukul aju diajari carane nggolet kanca ring pisbuk. Melebu ring saran pertemanan, ring kono akeh lare wadon ayu hang katon. Kabeh lare wadon hang ana ring kono dijaluki dadi kanca. Sing suwi hapene Tukul centang-centing akeh hang konfirmasi kekancanan. Salah sijine lare wadon hang nggawe atine Tukul kesengsem arane Inem. Inem iku ya lare Banyuwangi, larene ayu imut-imut kaya artis Korea.

Ulih pirang-pirang dina Tukul duwe HP, saiki iyane wis lanyah memengan HP. Tukul melebu ring messenger ngechat Inem. "Assalamualaikum..”

Sampek suwi chate Tukul durung dibales Inem, nawi Inem magih repot megawe. Kira-kira jam sepuluh Inem mbales, "Waalaikumsalam. Maaf baru bisa balas, baru selesai kerjanya, ini siapa ya?”  Inem takon ring Tukul.

Aju dijawab, ”Maaf saya teman baru, ingin kenalan sama kamu, saya dari Banyuwangi, Kamu dari mana?”

Inem mbales, "Ohhh, iya gpp, Aku juga dari Banyuwangi, kalau begitu kita pakai bahasa Banyuwangi saja ya, kita melestarikan budaya Banyuwangi,

Tukul hang mula lare using deles girang diajak ngomong usingan. "Alhamdulillah Dhik kadhung Rika bisa ngomong Using. Byek Rika lare Using taping kari ayu kaya wong Korea Dhik,” Tukul ngawiti ngomong usingan ambi ngalem Inem.

Inem njawab chate Tukul ambi setengah mesem, "Hemm, iku poto Kang, asline elek, sangking bain diedit, dadi kaya artis Korea. Ning medsos aja percaya ambi poto, weruh aseline kepelayon Rika,”

Tukul jawab ambi ngakak, "Wakakakak, ana bain Rika iki Dhik, nyatane kari ayu iku yak.. Umahrika Banyuwangi endi Dhik, Isun Singotrunan."

Inem semaur, "Ya wis Kang kadhung Rika sing percaya, umahisun ana ring desa Kang, desa cilik liwat alas,”

“Oh desa paran arane?” Tukul Takon maning.

Dijawab ring Inem, "Desa Pesucen Kang, taping magih melebu alas maning,”

“Sing paran-paran Dhik, taping  sepidhah montor bisa liwat ra?” Tukul nyerempeng takon terus.

Inem njawab, ”Alhamdulillah bisa Kang, dalane wis diaspal kok,”

“Isun memengan merana ulih Dhik?” Tukul takon tambah wani.

"Ulih Kang sing paran-paran. Kang Isun nak nutugaken megawe sulung ya, engko disambung maning. Wassalamualaikum," Inem mungkasi chate.

 Iya Dhik, ati-ati kadhung megawe. Waalaikumsalam," Tukul njawab salame Inem.

“Assalamualaikum,” ulih seminggu Tukul mulai wanen nilpun Inem.

Inem njawab tilpune Tukul, "Waalaikumsalam, ana paran Kang Tukul, njanur gunung isuk-isuk wis nilpun?"

Ambi gemuyu Tukul njawab, ”Kangen iki Dhik, anane ring saben-saben. Wong ayu iki, saben dina terus bain sunpikiri,”

Inem njawab ambi gemuyu, ”Hemmm, isuk-isuk wis muyab Rika Iki Kang. Isun diundheng. Kucing cilik dikurungi Kang Tukul,”

Tukul takon ring Inem apen-apen sing ngarti, ”Apuwa kucing cilik dikurungi iku Dhik?”

Inem njawab, ” Byek Kang Tukul apen-apen sing ngarti yak, Rika iku lancing cilik ngelawungi Kang..”

Tukul ngakak, "Wakkakkakkakkak, byek Isun iki lancing wis wayah ya Dhik, wayah kawin. Hahahaha..”

Inem njawab, "Ya wis kawina Kang, hahahaha!”

Kaya sing isin Tukul ngajaki Inem, ”Ya ayok Dhik ring KUA nikah sulung, terus kawin..” 

Rada-rada isin Inem njawab, "Rika Iki Kang, buru kenal ngajaki kawin, kari muyab Rika iki,”

Tukul njawab, "Alaah isin-isin kucing Rika Dhik, engko sing ana wong keang-keong. Hahaha.. Dhik Inem, Isun nak memengan ring umahrika ulih tah?”.

Ambi mesem inem njawab, ”Wani tah Rika ring umahisun liwat alas? Ning umah ya ana emak lan apakisun. Rika wani?”

Ambi semangat Tukul njawab, "Capak mung alas cilik, gunung Ijen Sun unggahi, werane segara Sun sabrangi, alas gung liwang-liwung Sun liwati, nggayuh Rika kembange ati, kembang desa hang Sun kedani..”

Ambi gemuyu Inem njawab, "Preeettt, aclakkkkk Rika iki Kang, iya wis kesuk dina Minggu meriniya, mumpung ana emak lan apak,”

Tukul atine keliwat girang, kesuk dina Minggu bisa kecaruk impenane, "Antenana ya Dhik, kesuk impenanrika bakal teka,”

Inem rungu omonge Tukul mung mesem-mesem bain.

Adheme hawa sing dirasa kegawa rasa kepingine ati hang mawa. Semangat hang mberanang, aja sampek ana hang ngalang. Pujane ati hang dadi impenan, sing bisa ilang ana ring pikiran. Tukul dandan sakat isuk, nganggo kaos hang ana wacanane ring ngarep 'Ku kejar cintamu', nganggo celana lepis, sing lali sepatu pantopel. Sepidhah montor wis siyap mari disusuti katon gemilap. Sak durunge mangkat Tukul chat sulung ring Inem, ”Sayang.. Isun arep RDD,”

Inem bingung takon ring Tukul, ”Paran RDD iku Kang Tukul?”

Ambi meringis Tukul njawab, ”Hehehehe, RDD iku Ring Dhuwur Dalan utawa OTW Dhik,"

"Hahaha, ana bain Rika iki Kang, ya wis AAND ya Kang,” Inem mbales nggawe Tukul bingung pisan.

Tukul takon, "Paran AAND iku Dhik?”

Ambi gemuyu Inem njawab, "AAND iku Ati Ati Ning Dalan,” Tukul milu ngakak pisan.

Sedurunge nyetater sepidhahe Tukul ndonga, "Dhuh Gusti, paringi gampang Kula niki. Muga lare niki dadi jodho hang sejati. Aamiin. Bismillahirrahmanirrahim..” Tukul nyetater sepidhahe, sedurunge melaku Tukul maca donga arep menyang, ”Bismillahi tawakkaltu ‘alallahi laa haula walaa quwwata illaa billaahi..”

Sepudhah montor digas, ambi nggawa rasa girang Tukul melaku ngulonaken nyang Desa Pesucen. Gadug Desa Pesucen Tukul bingung sing weruh dalan nyang umahe inem. Tukul mandheg, hapene dijuwut, henset dipasang terus nilpun Inem, "Assalamualaikum.. Dhik Isun wis nggadug ring Desa Pesucen, taping sing weruh dalane nyang umahrika,” Ambi melaku sepidhahe Tukul tilpunan ambi Inem.

“Terus bain Kang, engko ana pertelon ring bucune ana umah gedhi lan apik,” Inem nguweni ancer-ancer ring Tukul. Sampek ring pertelon Tukul weruh ana umah apik lan gedhi, "Byek umahrika kari apik Dhik, gedhi pisan. Isun langsung melebu ulih?” 

Inem njawab, "Huss, iku umahe pak kades, kepingin ditundhung tah Rika. Samping umah iku ana dalan, Rika liwata kono, engko ring kiwa dalan ana kuburan hang ana umahe,”

Rada wedi Tukul takon, ”Iku umahrika Dhik?" 

Setengah muring Inem njawab, "Munggane Isun iki sundel bolong, umahe ring kuburan iku? Iku panggone ndeleh kathil. ngerti Rika? Teka kuburan iku biluka nengen, terus bain sampek ana alas,”

Tukul terus ngegas sepidhahe, milu ancer-ancer hang diduduhi Inem. Sampek ring dalan melebu alas, Tukul Takon maning, "Umahrika ring alas iki Dhik?”

“Rika iki Kang, munggone Isun orangutan, sing tau dicelathu bojog Rika iki," jawabe Inem muring maning.

Ambi munyik-munyik Tukul njawab, “Iya Dhik, sepurane,”

“Wis saiki liwata alas iku, engko metu alas ana dhusun cilik, terus ana umah paling apik ya iku umahisun,” Inem nguweni ancer-ancer maning. Sing suwi Tukul wis metu teka alas, disawang ring kono ana kampungan cilik, taping listrik wis ana, menarane jaringan HP ya ana pisan. Umahe wong-wong ketata apik padha madhep ring dalan lan ana taman kembang hang asri. Tukul melaku terus, nggoleti umahe Inem. Ring pucuk dhewek ana umah gedhi lan apik, Tukul melebu ring latare, "Wis gadug umahrika Dhik, Rika metuwa,"

Inem njawab, “Thothoken lawange Kang, ring njero ana emak lan apak,”

"Tukul ndeleh sepidhahe lan mateni tilpune, aju nothok lawang umahe Inem, ”Assalamualaikum,”

Teka njero ana abane wong wadon njawab salam ambi ngemblang lawang, "Waalaikumsalam. Sira Tukul? Inem wis ngabari mau, kadhung arep ana tamu arane Tukul. Melebuwa Lik. Lungguha sulung, Isun nak nyeluk apake Inem ambi nggawe wedang kopi,"

Tukul lungguh ambi nganteni Inem metu. Sampek suwi Inem sing ana metu, Tukul njuwut hapene terus tilpun Inem, ”Kok kari suwi Tika sing metu Dhik?”

Inem ambi mesem jawab, ”Hemm.. Sepurane Kang, Isun sing bisa ngancani Rika ring umah,"

Tukul takon, "Apuwa tah Dhik kok sing bisa?”

Inem njawab, "Engko wong tuwekisun  hang njelasaken Kang,”

Mari ngomong gedigu tilpune dipateni. Emak lan apake Inem metu, emake nggawa rong cingkir kopi, apake nggendhong lare wadon cilik. Apake lungguh ambi mangku lare iku, emake ndeleh cingkir ring meja. Isun salim ring apake terus ring emake. Isun takon ring apake Inem, "Inem pundi pak kok mboten medal?”

Apake Inem mesem ambi njawab, "Sepurane Lik, Inem sing bisa ngancani Sira, kerana wis limangtaun Inem iku dadi TKW ring Taiwan, iki anake Inem, dititipena ning embahe,” 

Rungu cerita iku, Tukul endhase kaya arep pecah. Sing kuwat ngempet isin, Tukul semaput ring ndhuwur kursi.

Tukul, teka nggawa sewu angen-angen, saiki atine lara nelangsa, kaya sing ana daya, kelayung-layung, Inem tega mentala nggawe memengan atine Tukul.

Tukul.... Tukul... Tuku lupis kasinen Lik, kepilis kemisinen Lik...

 

Dianggit ring Bumi Sholawat Badar Banyuwangi

Lirix Al Harir

Minggu; 15 Agustus 2021

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor