Anggitane: Tirto Arum
(Minggu, 03 Januari 2021 13:26 WIB)

(Cerita Cendhek) Welas ring Bungase Mangsa


Rumange dina sore dikawiti ring merambate adan subuh lan agage semelepat, lintang kejora uga sithik-sithik ngilang ring mburine mega. Adheme hawa lan  banyu wudu kaya-kaya sing direken ambi awak hang arep tempuh ring ngarepe Pengeran. Suwarane adan teka ring handphone kaya ngabraki jiwa kanggo miloni celukane ring Pengeran sak perlu njaluk perlindungan lan sepura. Kayadene Widari lare wadon hang megawe ring negeri beton Hongkong iki, atine kemesud merga suwara adan iki nggugah impene lan agage njuwut wudu. Widari sing perduli adheme angin hang semelepat teka selane kaca cendhela flat majikane merga umah duwene pemerintah Hongkkng iki bangunane rada beda sithik. Taping atine lare wadon iku bisa nerima, merga majikane apik lan hing tau nganggep iyane wong liya. Iyane hingtau dianggep rewang masiya picis upahe ya magih standar. Iku bain ya setemene wis cukup disukuri merga jaman pageblug iki nggolet picis saya suwi saya nggawe mumet. Widari lan majikane iki salah lorone wong hang magih terus golet daya ring donya hang saya hing duwe daya iki.
"Assalamualaikum warrohmatuloh," abane Widari uluk salam mungkasi solate kelawan nulih nengen lan ngiwa.
Lare wadon iki aju ndonga, embuh paran hang metu teka lambene hang tipis iku, mung cemat-cemit aju mbukak telekunge. Iyane gancang nang pawon nggodhog wedang aju nyiyapaken sarapan lan obat kanggo majikane.
"Dhuh kopi iki seru arume. Alhamdulillah ya Allah merga nikmat hang Ndika elungaken dina iki," bisike edheng emeh hing rungu sapa-sapa. 
*"Cozan cece!" (Selamat pagi), majikane hang buru tangi turu nyapa, ngagetaken Widari.  
"Cozan miss Shau," jawabe Widari ambi mesem nyauti majikane wadon.
"Yam kafe a, hmmmm hou hiong," jare Miss Shau majikane Widari. 
"Haiya.." jawabe Widari cendhek.
Wong wadon loro iku aju gesah bab emake majikan ambi mangan roti sele kacang lan kopi panase Widari. Majikane Widari hing tau ngopi merga iyane alergi nang caffein.
"Cece lei yatting mengpak bobo, bobo yimcimtik patkuo goi yika man - man cip sau lei. Mat yesi leh em am pei goi, ngo cito lei hou sanfu ciuku goi patyi mou panfak goi hai ngo mama," abane miss Shau edheng-edheng.
"Ngo mengpak ke, loyanka hai kemlah yatting wa ngo. Ngo emsanfu," jawabe Widari ambi magih nyekel cingkir kopi. 
Lare wadon ayu iku balik nong pegaweyane maning hang ndadekaken iyane lali ring paite urip kala ring desa. Mung anak wadon siji-sijine hang nggarai semangate jenggirat maning. Dene lakine hang mesthine dadi sendhenan uripe malah nggarai nggalo atine. Sing sepira suwi, pegaweyan isuke wis marek, aju bluetooth  temepel nong kupinge. Dikancani suwarane artis dhemenane yaiku Nella Kharisma nyanyekaken Lara Pikir sampek hing kerasa awake milu goyang miloni irama koplo. Ah..enak seru, batine.
"Kriiing... !" Mara-mara telepone muni.  
"Assalamualaikum Mak," suwara rimg sabrang kana nyapa nggarai Widari girang.
"Wa'alaikumsalam Cantik, kelendi kabare lare ayune emake?" jawab Widari hing kurang girange ulih pideo call teka anak wadone.
"Emak, Rara kangen ambi Emak. Mak, Rara tes matematika ulih biji pitu," jare Rara ambi rada mberak.
"Alhamdulillah Sayang, Emake ya kangen pisan ambi Rara. Wah kadhung dina iki ulih pitu, sinaune kudu saya patheng ya, hing ulih mutung," jare Widari ngabraki anake.
"Iya Emak sayang. Rara mesthi saya rajin sinaune. Taping bu guru menging melebu sekolah rong minggu iki taping sinau liwat hape belaka," jare anake.
"Sayang, Rara kudu madhang hang akeh ya lan njaga kesehatan dhewek makene awake seger merga emake noring kadohan. Aja lali akeh ndonga merga dongane lare soleh lan solehah hang nyelametaken wong tuwek mbisuke. Aja lali sembayange, Insyaallah, Allah njaga Rara lan Emak. Engko kadhung kontrake emake wis entek, Emak arep mulih. Emak kangen seru sayang."
"Temenan ya Mak, Emak hing nak menyang maning," saute anake kepingin mastekaken.
" Iya Nak Emak janji, marek iki Emake mulih nang Indonesia kanggo ngerawat Embah lan Rara. Engko Rara milu nulungi emake dodolan ya," abane Widari ambi mesem.
" Asiiiik Emak sedhilut engkas arep mulih," jawabe anake.  
"Wis ya Sayang, Emake nak megawe maning, engko dalu Emak tilpun maning. Rara ya ana pelajaran maning, yara? Assalamualaikum," jare Widari.
"Wa'alaikumsalam," jawabe lare wadon ambi mesem.

Wong loro emak anak iku seru girange kangen-kangenan liwat tilpun. Panggonan adoh hing dadi alangan kanggo nguntabaken welase.

Dina ganti dina lan mangsa uga miloni ganti mangsa. Pageblug ya magih cekelan ring sapa bain hang dikarepaken. Hing perduli temepel nong sapa bain sak donya iki sampek donyane kaya-kaya emeh mati. Emane Widari nduwe majikan hang apikan hing kaya kancane ring blok parek kono hang sing diwani kebutuhan madhang lan kesehatan hang sembada.

Rungu-rungu kanca iku keneng Covid lan kudu diulihaken sedurunge kontrake entek. 
"Mbok Wid, wis rungu tah kadhung Linda positip keneng covid. Malah kabare melebu kamar sakit Queen Elizabeth saiki lan kondhisine saya nemen," jare Sri ring Widari tepak preian.  
"Iyatah Dhik Sri?" Jawabe Widari ambi rada hing percaya. 
"Iya jare ring grup chat whatsapp," jare Sri. 
"Dhuh sekaken ya Linda. Nasibe lebih elek timbang awak-awak iki. Muga-muga gancang uncal kabeh pageblug iki. Emane kene nduwe majikan hang apik ya?" Jare Widari ambi setengah temungkul, atine ngenes ngenget-enget Linda. 
"Iya Mbok," jawabe Sri. 
"Isun hing bisa mbayangaken wayah gedigi Linda melebu kamar sakit dene majikane hing pati ngereken," abane Sri. "Paran maning keluwargane ring kampung hang mbutuhaken seru bantuwan teka Linda merga Linda iku saka ekonomine keluwargane."
"Ya embuh wis Mbok,"" jawabe Sri. 
Wong loro padha tingel-tingel mikiraken nasibe Linda kanca hang paceke melaku jak telon kadhung tepak preian. Lan telung dina sak mareke, ana kabar gok Linda wis nemoni pesthine.
"Mbok Wid, Linda wis ninggal donya. Majikane wis ngewarahi isun lan saiki mayite magih diurus ambi Konsulat," jare Sri ngabari Widari ambi mesesegen.
"Innalilahi wa inna ilaihi rojiun muga-muga Linda husnul khotimah. Taping ya arane umur sapa hang weruh," jare Widari magih ngenes.
"Dhuh seru sekakene Linda ya Mbok," jare Sri maning.

"Welas sejati hang nggawa Linda mulih ring Pengeran ring bungase Mangsa Mbedhidhing iki. Hing ana welas hang setuhu liyane welas nyang Ilahi Robbi. Muga-muga keluwargane diwani sabar nerima. Kapan digawa mulih Dhik Sri?" Takone Widari. 
"Embuh ya taping keluwargane kayane wis dikabari," jare Sri.
"Kene ndonga bain Dhik Sri muga-muga urusan nggawa mulih mayite Linda lancar sampek Indonesia," jare Widari.
Kekancan jak telon buruh migran iku dikawiti teka penyalur hang padha. Cumpu salah siji mujur ngalor ring bungase mangsa mbedhidhing iki. Kabeh angenan mesthi bain digawa ambi kancane jak loron. Covid-19 wis nggawa rika menyang ring alam keabadian. Subuh iki magih peteng, adan buru diangkati nggawa Linda menyang adoh ring alam liya. 

Cathetan:
*cozan cece: Pagi mbak 

*yam kafe, hou hiong: ngombe kopi, wangi seru 

*Cece lei yatting mengpak bobo, bobo yimcimtik patkuo goi yika man - man cip sau lei. Mat yesi leh em am pei goi, ngo cito lei hou sanfu ciuku goi patyi mou panfak goi hai ngo mama: rika kudu ngarti gok embahe iku cangkeme nyanyil taping edheng-edheng iyane wis bisa nerima rika. Kabeh hing ana benere kadhung nong iyane taping kelendi maning, iyane emakisun.

*Haiya: iya

*"Ngo mengpak ke, loyanka hai kemlah yatting wa ngo. Ngo emsanfu: isun ngarti wong tuwek mesthi gedigu. Isun hing ngersula.

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Tirto Arum

Editor: Antariksawan Jusuf