Anggitane: Muhamad Novi Yusuf
(Minggu, 28 Agustus 2022 08:25 WIB)

(Cerita Cendhek) Welas Sewates Angenan (2)


(Cerita hang kepindho iki terusane hang sulung tepak diterbitaken dina Minggu tanggal 9 Mei 2022)

***

Cerita hang nggambaraken lakone welasisun nyang kanca SMP, sabene (ring bagiyan 1) wis lila hun simpen ring njero ati.

Rasa lan kangen tepak SMP sabene wis ilang kegawa ayeme kahananisun ring SMA iki, hang temekaken tepak MOS wis ana hang arep manggoni maning.

Bengen tepak SMP lare teka dhaerah Srono naming hang saiki lare Songgon. Kecaruke wektu iku tepak bareng dadi siji nong kelas hang padha. Isun lungguh nong mburi dhewek, lare iku lungguh nong meja nomer loro teka ngarep. Mata ati iki hing bisa ngapusi dhung tandha-tandha dhemen wis mula merujuk, ana winih hang aju disirami bain ambi larene.

Mung perujukan welas iki magih hun simpen lan hun imbu uga hun weni karbit makene ndalu lan siyap kadhung isun wis bisa nakoni nyang larene gelem tah using sesandhingan ambi isun ngelakoni urip keloronan.

Mula ring welas hang merujuk tepak ring SMA iki nggawe isun sithik-sithik belajar perkara welas iki saya jeru. Paran maning isun ya paceke didadekaken kanca gesah nyang kanca-kanca SMA perkara dhemenan. Pungkasane ya nambah saya akeh kaweruhisun bab paran iku welas.

Kepingine ati bisa weruh arane makene hun ukir nong pagere ati. Iku bain wis nggarai lega ring ati lan rasa kepingin weruhisun hang terus gemulak, mungguha kali nawi wis kaya-kaya nak belabur. Kadhang tepak  istirahat utawa wektu lodhang liyane, isun magih golet kesempatan bisa nulihi larene, sak perlu mung ndileng eseme hang manis. Naming hang nggarai kepincut seru ya merga tenger laire yaiku arupa andheng-andheng nong pipine.

Ati iki hun siyapaken lan ring njero ati njaluk pisan nyang Pengeran hang nguwasani ati iki supaya bisa kenalan nyang larene.

Sampek dina MOS wis mari lan dina sekolah wis dikawiti, isun magih durung bisa kenal nyang larene. Naming temakaken magih tangga kelas, isun ring kelas X IPA 3 lan iyane ring kelas X IPA 2 hang ruangane ana ring jejere ruangan kelasisun.

Papan cedhing ana ring antarane kelas X IPA 1 lan X IPA 2, dadi kadhung teka kelasisun arep nuju nyang cedhing mesthi bain ngeliwati kelase larene. Serang kepingin seru saben-saben bisa nyawang larene masiya mung teka kadohan, isun bisa bolak-balik nyang cedhing masiya setemene sing ana perlune. Malah sampek kadhung ana kanca sak kelas arep nyang cedhing isun milu pisan, sak perlu mung ngarep bisa ndeleng larene.

Ulih pirang dina ngerasakaken ungkrege gesah nepaki adaptasi lan kenalan siji-siji nyang kabeh kanca sak kelas. Sak lakune detik nyang menit wis bisa ulih pirangane kanca hang bisa ngeramekaken sedina-dinane ring kelas iku.

Ana dina hang sun anteni kelaksan ring kana, yaiku tepak gesah ketelon ambi kanca. Gesah iku mung siji temane yaiku nggoleti lare ayu miturut atine dhewek-dhewek. Ya jujur bain gok wektu iku isun mula ndhemeni lare kelas X IPA 2 iku.

Eh... serta hun duduhaken, ana kanca lare Desa Balak Songgon nduduhi arane lare iku.

Lare hang ring SMP bengen hun dhemeni iku keturunan Bali, mulane ana aran has Bali kanggo lare wadon nong ngarep arane. Kadhung hang sun dhemeni ring SMA saiki aseli lare Songgon lan arane has islami.

Dhung tepak MOS bengen iyane hing kudhungan naming kerana tuntutan sekolah hang gandheng ambi pondhokan Desa Gumirih pungkasane iyane kudhungan.

Esem, pipi, unyik, kethipan matane hang tanpa selembar kain nong endhase magih bisa ngayemaken lan ngadhemaken. Paran maning hun weruh saiki wis kudungan...

Byalak, naguuud....

Iku hang nong njero atinisun, tambah ndheredheg dhadhanisun hang kebek otot kaya gumuk ulihe pitnes bisa mara-mara lemes sak lemes-lemese. Apatah iyane iku hang bakal bisa madhangi ati iki... gedigu usike njero ati.

Setaun ring kelas siji wektu iku ana cerita, serta kancanisun weruh dhung isun ndhemeni lare iku, cumpu disebar nong kanca sak kelas hang suwe-suwene ngelantar nong kanca-kanca liya kelas hang pungkasane miline kabar mauka gadug nong larene.

Nawi suwe-suwene merga saben-saben digeredhoi ambi kanca-kancanisun, ahire lare iku jengah lan ngerasa risih aju hing tau maning nduduhakaken paran hang biyasahe dilakokaken ring ngarep mata, kerana weruh dhung isun dhemen nyang iyane.

Penyakite cangkem iki hun rasa kumat maning kaya tepak SMP, yaiku hing wani ngomong jakloron lan nduduhaken winih welas iki. Naming hun tirakati bain setaun nggenteng nong kelas 2.

Isun solat, ndonga, tangi dalu lan wiridan makene bisa gesah bareng, muyab bareng kaya kanca biyasah masiya wis katon dhung hing bakalan ketampa welas iki.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf