Anggitane: Samsul Hadi
(Minggu, 16 Januari 2022 10:59 WIB)
(Cerita Cendhek) Welas Tapi Sing Dhemen
Noring tepis wiring watese Desa Balak lan Songgon isun ngiyup merga udan hang deres. Isun mari nggolet rejeki yaiku golet seladhah kanggo nyukupi kebutuhan umah-umah. Sepidhah unta hang pedhale gampang coplokan sun betah-betahaken ulihisun mancat sepidhah hang erime torpedho liwat dalan temurun hang meliguk-meliguk. Isun kedandapan merga salipan ambi sepidhah udhuge lalare melaku sekolah hang sak karepe dhewek kadhung nunggang. Serta gadug umah wong wadon mapag ambi gemuyu aju agage melebu njuwutaken andhuk merga weruh isun kebles mari keneng udan, Seladhah sun edhunaken kabeh lan sun endoh nang pelanca.
“Kang iki andhuke, kana adhusa wis.. kopine ombenen nang meja ambi sega goreng nggo sarapane Rika."
Isun adus, wong wadon ningkesi seladhah hang sun gawa mauka aju disetoraken nang Bik Jamilah lan Man Bardik tukang welija. Mari adus sun uyub kopi hang ana nang meja, dhuh.. kari nikmat urip iki dikancani wong wadon hang nerimaan. Serta mari sarapan sega goreng isun nulungi wong wadon ningkesi seladhah ambi gesah. “Dhik, endane urip awake dhewek iki gedigi terus nana bedane? Rika ra bisa mbordhil, engko Sun tukokaken mesin jait kadhung panen pari kidul banyu iku ambi tuku udhug elek-elekan bain.. pokoke nyukupaken ulihe asil panen."
Isun mula duwe sewanan sawah telung garapan, iki buru rong garapan.
“Alhamdulillaaah… temenan Kang?“
Wong wadon girange sing karuwan, seladhah diuncalaken, isun dipeluk lan diambungi sangking girange. Ulihe kepingin duwe mesin jait hang wis diangen-angen sakat bengen.
"Iya Dhik.. engko panenan hang pungkasan dienggo nyewa sawah maning lan dienggo dandan umah iki,“ semaurisun.
Merga lemah tinggalane apak magih wera tapi isun nggawe umah cilik mung sak kamar thok, nawi kadhung duwe anak makene sing selepek merga tinggalane apake wong wadon dienggo rebutan dulure hang padha kemaruk donya.
Mari nggampung, kelaksan tuku mesin jait sing pecake uwong taping malah tuku mesin jait anyar merek Butterfly lan sepidhah udhug anyar Honda Beat. Saban isuk isun ngateraken wong wadon nang Gladag, nang umahe Bu Carik Gladag njuwut garapan bordhilan. Ulihe wong wadon meluk isun kaya-kaya emong pethal ulihe welas nyang isun, kaya disuntekaken kabeh merga ulihisun berjuwang kanggo keluwargane, merga tepak keluwargane kepaten bapake isun hang mandegani kabeh. Iyane anak siji dhewekan, emake wis ninggal donya limang tahun kepungkur sak durunge apake ninggal. Pungkasane isun leren golet seladhah lan isun nggarap dhewek sawah sewan iku ambi buruh matun lan ngerabuk sawahe wong-wong hang sing kober nggarap dhewek. Ulihisun muji sukur nang Pengeran nana entek-enteke merga urip tambah suwe tambah diawehi rejeki akeh, diuweni anak wadon hang ayu lan pinter arane Mardiyah saiki wis sekolah SD kelas 1. Wong wadon usahane tambah maju, saiki wis duwe mesin jait 12 lan anak buah 12.
Tepak isun ngateraken setor garapan bordhilan nang Bu Carik Gladag, Bu Carik warah, “Dah, Isun iki arep alih pegaweyan, Isun arep mbukak warung dodolan pitik goreng. Mula iku kadhung Sira gelem, mesin jait hang akehe 25 iji iki gawanen mulih kabeh engko mbayare cicilen.. gelem tah Sira? engko Sun kenalaken nyang bos bordhilan hang ana nang Bali, mister Lion wong Kanada hang dadi bose.. kelendi, gelem tah Sira?"
Wong wadon ngomplong kaya bantal modhol sangking girange, “ Kula purun Bu Carik, puruun..." wong wadon ambi setengah nangis meluk Bu Carik lan ngomong “Terami nggih Buuk..“
Serta wis mari meluk lan tangisan, Bu Carik ngomong, “Engko setoran iki Sira ambi lakinira milu Isun nang Bali ambi Sun kenalaken nang uwong gantinisun, tapi wekasisun, dhung sepisan nang wong asing iku Sira sulaya lan sing jujur, bisa sing dikanggokaken maning Sira,"
Pungkasane isun lan wong wadon milu Bu Carik nang Bali lan ketemu mister Lion nang umahe ring Tuban parek Bandara Ngurah Rai iku. pungkase cerita, mister Lion gelem nerima gantine Bu Carik yaiku Farida Rabinisun. Uripe keluwarganisun tambah mencorong, ulihisun patheng nggarap sawah sewan saiki isun wis duwe sawah dhewek lan sun garap dhewek, lemah sebelah bisa sun tuku kanggo gudhang lan mesin jahit . Anak buah hang mbordhil akehe meh petang puluh uwong, saben bedhug tepak isun mulih teka sawah lalare hang mbordhil iku padha royak mangan bareng hang wis dicawisaken wong wadon, dadi kadhung wayah madhang bedhug lalare sing kathik mulih, mari madhang padha sembayang bareng dadi sing kentekan wektu. Kadhang kadhung ana garapan hang akeh seru, akeh pisan hang padha lembur lan nginep turu nang umah, mari subuh wis rame unine mesin jahit padha saut-sautan ambi gesahe lalare iku. Tambah suwe tambah gedhi usahane bordhilan iku sampek isun rumangsa sing kereken merga usahane wong wadon iku disorot nang Pemda. Saiki wong wadon emuk bolak-balik nang Pemda ngurusi arep dianakaken pameran nang kabupaten. Kadhung tepak wayah bedhug isun mulih teka sawah katon ana dhayoh sepirang-pirang teka Pemda padha seragaman bathik lan nganggo sepatu, isun mung nganggo celana telung prapat lan kaos oblong. Weruh penganggonisun gedigu wong wadon kaya isin lan sing ngereken blas nyang isun, malah Mardiyah dadi kaya sing kerumat, lare digeningaken sing keurus kaya bengen. Wong wadon saiki malah kerep metu lan kadhung setor bordhilan nang Bali sing gelem sun kancani, malah menyange ambi ponakanisun Gelundung hang nyupiri nyang Bali lan dikancani anak buahe hang aran Misenah. Isun lan Mardiyah wis sing keurus, dadi isun lan Mardiyah malah kerep mangan nang warung pojok pitik gorenge Bu Carik Gladag.
Mari teka Bali Faridah sun jak ngomong perkara kahanan umah-umah iki, tapi iyane sambate kesel pungkasane nang liya dina buru bisa ngomong jak loron.
Isun hang ngawiti omongan, “Dhik, sulung tah.. Sun rasa-rasakaken tingkah polahrika kok saiki sing kaya biyasahe, bengen.. sakat Rika kenal ambi wong-wong Pemda Rika saiki beda, nyawang Isun katone kaya sing dhemen, Sun tulih teka matane Rika kadhung nulih Isun, apuwa sih?“
Meneng suwi Faridah sun takoni gedigu ambi ndenguh buru njawab pitakonisun, "Embuh Kang, Isun iku kesel aja pati takon hang sing-sing tah.. alihe Rika weruh dhewek yah saiki pegaweyanisun akeh," semaure Faridah.
Isun ngomong maning, “Madak iku tah hang sun rasakaken, Rika saiki sing pati ngerumat Mardiyah lan Isun, Mardiyah iku butuh welasrika yah..“ ngomongisun rada anter.
Faridah nyauti, "Merga welas Isun nyang Mardiyah lan Rika iku sun patheng-pathengaken ulihisun megawe makene kecukupan sing kaya bengen Kang,"
Atinisun kaya kudu nangis weruh tekade Farida iku. “Isun sing masalahaken iku Dhik.. hang dadi pitakon nang njero atinisun iki yah, Rika saiki kaya wong bangkel lan sing dhemen, Isun salah paran nang Rika?” jawabisun.
Faridah semaur maning, “Eh, Rika kepingin weruh tah.. Rika iku angger ana dhayoh teka Pemda, Rika teka sawah iku katon ngethopros kaya sing Sun rumat, kelambi hang apik ya akeh apuwa Rika angger diajak gesah nyang wong Pemda iku kelambine sing tau salin?"
Yeeh.. perkara kelambinisun tah, dhuh Gusti kelendi isun arep salin kelambi, yong arep salin kelambi dhayohe nyerocos terus. Isun ngomong maning, “Rika iki apuwa sing ngomong belaka suta bain nyang Isun? Isun sampek jono dhudhung nyang Rika, nawitah serta Rika diuja donya aju lali lan uwah rasa nyang Isun, terus duwe gendhakan wong Pemda,"
Mberebes mili matane Faridah, isun ya dheg-dhegan, ndane sing kejeron tah ulihisun ngomong, Faridah nangis mesesegen ambi ngomong, “Mentala Rika ngomong gedigu nyang Isun Kang.. Isun iku banget welase nyang Rika lan Mardiyah sampek Sun belani jungkir walik iki kabeh kanggo Rika lan Mardiyah, tapi Isun iku sing dhemen kadhung Rika nemoni dhayoh kari ngethopros.."
Yee.. dadi iku hang dadi pikire Faridah, ya isun salah.. ambi sun elus rambute, "Iya wis, Isun hang luput.. sepuranen Isun yah Dhik, Hun tanggo Rika wis sing welas nyang Isun, temakaken sing dhemen merga Isun ngethopros iku.."
Sakat iku saben mari teka sawah isun liwat mburi umah lan salin kelambi nemoni pelanggan lan dhayoh teka Pemda, Faridah ana isun uwah penganggonisun balik kaya bengen nyang isun, usaha bordhilane Faridah mandheg gara-gara ana Bom Bali, kabeh hang duwe pegaweyan nang Bali padha mandheg. Faridah saiki balik maning kaya bengene, mesin jahite diedoli kabeh lan saiki tuku los nang pasar, ngalih dodolan peracangan. Isun tetep ngerumati sawah hang iku kabeh duwenisun dhewek, muji sukur nang Pengeran, isun nduweni rabi hang jujur lan rejeki lebih.
Kudus, 21-12-2021.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)