Cerita Kutha Rogojampi (Bagiyan 1)
Satria Pujangga (dipublikasikan pada Rabu, 26 Maret 2025 08:28 WIB)
- Esai
-33827.jpg)
Salah siji kecamatan hang ana ring Banyuwangi yaiku Rogojampi, iki wates pinggir lor yaiku Kecamatan Kabat, pinggir kulon yaiku Kecamatan Kabat lan Singojuruh, pinggir kidul Kecamatan Srono lan pinggir wetan Segara Selat Bali. Saiki pinggir wetan watese Kecamatan Blimbingsari merga ana pemekaran kecamatan. Ring tulisan iki, Isun sing arep nyeritakaken asal-usule Desa Rogojampi naming cerita kauripan ring Rogojampi lan saubenge hang tau sun rungu lan tau Sun lakoni.
Sekitaran jaman taun 1980an, Rogojampi iki wis dadi kutha hang kumplit minangka sarananane yaiku tapsiyun, terminal, pasar, sekolahan. Desa hang gandheng ambi Rogojampi salah sijine yaiku Desa Gitik. Jaman taun 80an, ring Rogojampi ana lapangan hang diarani Lapangan GNI (Gedung Nasional Indonesia) hang panggonane ring Desa Gitik. Sakliyane iku sarana hang ana ring desa Gitik yaiku pasar kewan hang kesuwur disebut Pasar Sapi utawa Reboan lan uga Terminal Rogojampi.
1. Gedhung Kantor Kawedanan
Kantor Kawedanan/Kantor Pembantu Bupati iki ana ring sak elore pertelon Kantor Pos Rogojampi. Saiki Kantor Kawedanan iki dadi Kantor Camat Rogojampi. Sedurunge manggon ring Kawedanan, Kantor Kecamatan Rogojampi ana ring Satrian Lemahbang Dewo. Serta Kantor Camat ngalih nang Kantor Kawedanan, kantor camat hang bengen diarani Kecamatan Lawas, hang saiki dadi kantor Dinas Pertanian.
2. Koramil Lawas
Koramil Lawas iki panggone noring lore Gereja Rogojampi. Sakmarine Koramil Rogojampi pindah nyang Desa Karangbendo, tanah pecake koramil iki dadi panggonan wong dodolan panganan. Akeh warung-warung hang manggon ring kono. Saiki koramil lawas wis dadi komplek bangunan Ruko Rogojampi.
3. Komplek Tapsiyun Rogojampi.
Tapsiyun Rogojampi iki uga salah siji bangunan lawas hang magih ana sampik saiki. Bengen, tapsiyun Rogojampi iki sing mung panggonan sepur penumpang thok. Sepur hang mandheg ring tapsiyun Rogojampi iki ana sepur hang nguwot tetes, semen lan uga sepur emes. Tapsiyun Rogojampi uga dadi tapsiyun panggonan sempalan dalan sepur jurusan Benculuk.
Ring lore tapsiyun Rogojampi ana bangunan gudhang duwene tapsiyun Rogojampi yaiku Gudhang Cemeng. Diarani gudhang cemeng mergane gudhange diecet kelir cemeng. Sun takokaken nyang wong tuwek, jare gudhang cemeng iki panggonan maroti (nyimpen) barang-barang lan pekakase tapsiyun Rogojampi. Sampik saiki bangunan gudhang cemeng iki magih ana, naming wis kelire wis uwah mergane wis disewa dienggo toko lan panggonan usaha liyane.
Magih ring komplek tapsiyun Rogojampi ping kidul, ana POM bengsin. Jaman taun 1986, pas isun magih sekolah SD kerep memengan ring POM iki. Saiki Pom iki wis dadi bangunan TK Muslimat Khadijah 157 Rogojampi.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Tulisan Satria
Editor: Antariksawan Jusuf