Cerita Kutha Rogojampi (Bagiyan 2)
Satria Pujangga (dipublikasikan pada Kamis, 27 Maret 2025 08:29 WIB)
- Esai
-43452.jpg)
4. Sekolahan Cina
Sedurunge ngadeg SMPN 1 Rogojampi ana Sekolahan Cina hang panggonane noring Desa Gitik pisan ring lore tapsiyun Rogojampi. Ring saubenge sekolahan Cina iku saiki wis ngadeg pirang-pirang sekolahan antarane SMPN 3 Rogojampi. Sedurunge dadi SMPN 3 Rogojampi bengen arane SKKP (Sekolah Kecakapan Keluarga Tingkat Pertama). Hang sekolah ring SKKP akeh-akehe lare wadon. Mulane dienggo wadanan ring kanca lanang yaiku SKKP iku singkatan teka “Sekolah Korah-korah Piring”. Sekolahan Cina sampik saiki tetep magih ana naming arane wis ganti Sekolah Dasar Katholik (SDK) lan Sekolah Menengah Pertama Katholik (SMPK) Bhakti. Mulane diarani sekolahan Cina, mergane hang sekolah ring kono akeh-akehe anake wong Cina.
Ring saubengan sekolahan Cina iku mau dadi komplek sekolahan. Ring lore sekolahan Cina iku mau ana sekolah SDN 2 Gitik. Bengen kesuwur arane SD Inpres. Gandheng SD Inpres ana SMP PGRI hang uwah dadi SMA PGRI aju dadi SMEA PGRI 2 Rogojampi. Ring kono uga ana lapangan tennes. Ring dhaerah sekitaran lapangan tennes iku mau pungkasane diarani tennesan.
5. Lapangan lan Gedhung GNI Rogojampi
Magih ring saubenge Sekolahan Cina iku ana Lapangan GNI Rogojampi. Jaman semono, sedurunge digugat ambi ahli warise hang magih keluwarga Mbah Rekso (Rekso Joyo) Lapangan GNI iki ninggalaken akeh cerita. Mbah Rekso iki wis kesuwur akeh tanahe ring endi-endi. Lapangan GNI dadi panggonan kegiyatan masarakat Rogojampi lan saubenge. Lapangan GNI iki uga panggonane melebu Desa Gitik. Kadhung wis melebu ulan Agustus, Lapangan GNI iki dadi panggonan Upacara Kemerdekaan, panggonan karnapal.
Hang magih sun engeti ring ulan Agustus mesthi ana turnamen tembung (bal-balan). Kadhung hang sing bisa tuku karcis enggo ndeleng turnamen, nontone padha penekan ring uwit waru ring lore lapangan yaiku ring Pasar Sapi/Reboan. Sakliyane iku, lapangan GNI uga kerep dienggo panggonan Pasar Malem utawa Pameran. Kadhung wis ana pasar malem ring lapangan GNI, mesthi ramene. Hang teka sing terima wong Rogojampi bain, naming teka liya desa akeh hang teka ndileng. Menganan hang paling disenengi uwong yaiku “Umbak Banyu” lan “Tong Edan”. Uga ana “Komedi Sorot” hang jare wong saiki Layar Tancap.
Ring bagiyan ngarep pinggire lurung gedhi ana bangunan Gedhung olah Raga hang Arane GNI (Gedung Nasional Indonesia). Gedhung iki dadi panggonan latihan olah raga Karate, Badminton. GNI iki kerep dienggo panggonan Porseni tingkat kecamatan. Ring kulone GNI ana pentase. Pentas iki jenise pentas terbuka kanggo nganakaken pagelaran seni. Ring pentas iki bengen panggonan dianakaken Lomba Kuntulan. Hang tukang njaga GNI iki arane Pak Wi. Uwonge urip ambi keluwargane ring GNI iki. Masiya wis tuwek naming magih pinter main badminton lan uga tukang mbecikaken raket.
6. Pasar Sapi lan Terminal Rogojampi
Ring lore Lapangan GNI yaiku Terminal Rogojampi lan Pasar Sapi. Pasar sapi uga disebut Reboan, merga pasar sapi iki bukake saben dina Rebo. Sak kulone Reboan iki ana sekolahan SDN 1 Gitik hang bengen kesuwure SD Tiga.
Terminal Rogojampi iki panggonan mandhege kol jurusan Banyuwangi, Genteng liwat Gambor, Songgon lan Srono. Sakliyane iku uga panggonane kol jurusan Pakel. Kol jurusan Pakel iki hang beda dhewek ambi kol jurusan liyane. Mergane kole umure wis tuwek lan katon wis rusak lan sing ana kacane. Kacane mung ring ngarep thok, liyane nganggo pelastik kening. Sampik ana hang ngarani kaca enom merga kacane sing bisa pecah naming suwek. Penumpange akeh-akehe wong persilan teka Pakel nggawa kayu bakar utawa wong dodol gedheg pipil. Mulane aju diarani “Kol Pakel” Dhaerah Terminal Rogojampi uga disebut Sempi.
Terminal Rogojampi lan Reboan iki uga nyimpen cerita. Dudu cerita apik, naming mula iku bagiyan cerita hang sing bisa dipisahaken teka Terminal Rogojampi lan Reboan. Kadhung wis wayah bengi, Terminal Rogojampi lan Reboan iki dadi panggonane “Senuk” utawa PSK hang ngenteni pelanggane. PSK iki dudu aseli teka Rogojampi naming teka Kabupaten liya. PSK hang magih enom biyasahe manggone ring Terminal lan ngarep Pasar Reboan. Hang umure wis wayah manggone ring jero pasar Reboan. Ring jero kono ana uwit weringin gedhi lan warung-warung cilik panggonan “Kencan”. Uwit weringin iku sampik saiki magih sing ditegor lan dadi aikon Pasar Sapi.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Tulisan satria
Editor: Hani Z. Noor