Cerita Kutha Rogojampi (Bagiyan 3)

Satria Pujangga (dipublikasikan pada Jumat, 28 Maret 2025 09:11 WIB)
- Esai



7.      Pabrik Gambir
Teka GNI lan Terminal ngidul, bengen ana pabrik Gambir hang melebu ring Desa Rogojampi. Pabrik Gambir iku magih operasi sampik sekitaran taun 1996. Ahire tutup mergane kobongan. Hang sun weruhi hang megawe ring pabrik gambir iki wong-wong teka Laban Sukadi. Angger isuk, pas isun nyegat kol arep sekolah nyang Banyuwangi, wong-wong Sukadi hang megawe ring pabrik gambir padha ambyak-ambyakan melaku megawe.
 
8.       Gedhong Biskup Sampurna
Ring Rogojampi uga ana gedhong biskup “Sampurna”. Sampurna iki siji-sijine gedhong biskup hang ana ring kuta Rogojampi. Panggone ring kulon pasar Rogojampi. Jaman semunu durung usum VCD, mangkane wong nonton biskup magih akeh. Paran maning kadhung malam minggu sampik antri hang arep nonton lan sampik diputer ping pindo. Kadhung arep main, biyasahe ana hang tukang siyar-siyar keliling kampung ambi nyebaraken poster pilem hang arep diputer ring biskup engko bengi. Siyar-siyare nganggo montor kol buntung (pikep) nggawa poster gedhi hang dipasang ring mburine montor.
Saiki gedhong ring ngarepe biskup sampurna dadi panggonan warung-warung. Bengen magih jayane Biskup Sampurna, ana warung bakso hang terkenal yaiku warung Bakso Pak Surat. Serta biskup wis tutup, bakso Pak Surat diterusaken ambi anake. Manggone ring lawang melebu biskup pinggir wetan.

9.    Konco (Kelenteng) lan Asrama Pulisi
Konco ambi Asrama Pulisi iki panggonane gandheng. Papane ring kulon lurung ngarepe pasar Rogojampi. Jare anang, konco Tik Liong Tian iki wis ana sakat jaman anang magih enom. Kadhung wis Taun Baru Imlek (wong bengen ngarani Lebaran Cina), ring konco iki rame. Ana tontonan Wayang Potehi (Jare Anang Wayang Kithi) lan hang paling terkenal yaiku Leyang Leyong (Liong) . Kadhung wis taun baru Imlek padha dhemen nonton wayang kithi ring jeru konco lan karnapal Leyang Leyong. Jaman Isun magih SD kelas 6, angger soren mulih les dijak kanca hang umahe parek ambi konco iku ndileng wayang kithi. Jaman semunu isun seru kajune ndileng jerowane konco hang akeh patung-patung dewa hang seru apike.
Ring lore konco iku ana Asrama Pulisi. Asrama iku dipanggoni ambi pulisi hang teka njaba Rogojampi hang dinese ring Polsek Rogojampi. Saiki Asrama pulisi iku wis dibongkar lan dadi siji ambi Konco Tik Liong Tian.
 
10.      Pasar Rogojampi
Ring taun 80an, pasar Rogojampi magih durung dibongkar lan ditata kaya saiki iki. Pasar Rogojampi magih bener-bener katon pasar teradhisional. Bangunan permanen mung ring ngarep bain. Dalan lore pasar Rogojampi diarani dhongkaran. Dhongkaran iki panggonan mangkale dhongkar hang nguwot wong teka pasar hang arep mulih. Hang duwe dhongkar iki asale teka Karanganyar, Bades, Pakistaji lan Tegalwero. Dhongkar hang melaku golet penumpang diarani ejeg.
Ring bucu lor dhewek pasar Rogojampi ana warung sate hang terkenal yaiku Warung Sate Planet. Gandheng warung sate Planet yaiku toko sepatu hang terkenal yaiku Toko Elok. Toko Elok iki terkenal larang mergane barang diedol kualitase apik. Uga ana warung “Sega Pecel P4”. Sega pecel  P4 iki artine tempene akehe papat. Kadhung toko sembako hang terkenal yaiku tokone Jawok. Sampik saiki toko Jawok magih tetep ana, naming saiki hang nerusaken anake. Toko keromongan hang terkenal yaiku tokone Haji Nur. Kadhung toko emas hang kesuwur yaiku Tiyik. Sakliyane iku ana toko legendaris yaiku Toko Sedulur, dodolane kain, arloji, kelambi lan uga sepatu ambi sandal. Toko buku hang paling tuwek ring pasar Rogojampi yaiku toko Bintang Pelajar.
Ikilah sithik cerita kutha Rogojampi hang magih Sun enget. Cerita iki Sun juwut teka ceritane wong tuwek bengen hang magih urip lan teka pengalaman Isun dhewek magih cilik jaman semunu. Sithik akeh, kutha Rogojampi iku panggonan hang kerep Sun sabani, mergane kutha Rogojampi panggonan memengan ambi kanca-kanca sekolah. Magih akeh cerita hang sing bisa Sun ceritakaken ring kene.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Tulisan satria