Ceritane Kepundhung Keneng Tundhung
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 26 November 2021 09:32 WIB)
- Esai
Kepundhung (Baccaurea racemosa) uwoh-wohan cilik sak temeker hang wernane ijo taping kadhung wis tuwek dadi kuning. Rasane kecut seger taping ana uga hang manis. Masiya magih ana ring pasar-pasar taping wis rada arang. Ring Jakarta disebut menteng, hang saiki uga dadi wilayah umahe wong-wong sugih merga panggonane ana ring tengah kutha Jakarta.
Nawi saya suwi saya entek ring pasaran iku merga kalah ambi woh-wohan liya. Kanggone wong hang arep tuku rasane hang kecut hing pati didhemeni. Kanggone hang duwe uwit, kepundhung iki hing patiya ngasilaken picis kamangka nguwohe ya usum-usuman, kira-kira teka ulan Oktober sampek Desember. Dene kayune kelebu kayu hang sedheng kuwalitase dadi wong hang duwe uwite milih negori uwit iki, diedol dienggo perabot umah.
Alae sakliyane uwohe hang bisa ngilangi rasa ngantuk, kulit lan godhonge bisa dienggo nambani mencret lan bisa ngelancaraken dhayoh ulanan kanggone wong wadon.
Uwohe kepundhung ana hang abang lan ana hang putih (kepundhung jirek) lan akeh pisan hang rasane manis setemene kaya hang hun temoni ring alas parek pemandian Kali Sodong ring Grogol. Mula bengene, kepundhung iki hing ditandur taping merujuk dhewek nong alas-alas.
Lalare cilik jaman bengen dhemen mangan kepundhung iki ambi gandhangan ngiming-imingi kancane. Kepundhung hang wis dikenceti iku dicekel gagang hang ana tengahe, aju gendhingan:
Mak ucuk mak ambaloing mak
Susu dawa mak dicakar kucing
Marek ngomong "...kucing" iku mau aju kepundhunge dieplok.
Setemene gendhing iku plesetan teka gendhing Mak Ucuk:
Mak Ucuk
(Ciptaan Pak Andang CY/Machfud HR)
Mak ucuk mak ambaloing mak
Marek nyusu mak ngelak maning
Mak ucuk mak gondoloing mak
Marek mangan mak iwak uling
Mecucut mak munyik maning mak
Njaluk picis mak picis kenthing mak
Kang dijaluk mak anting-anting mak
Sing diweni mak gulung koming
reff:
Aja sira mecucut, ya ja murang muring
Pikirana kang ring pawon, dandange miring
Emak mikir raina bengi, sampek gering
Antenana anting-anting mbesuk tuku taun maning
Embuh apuwa gok gendhing Mak Ucuk iku bisa didadekaken rujukan ring kepundhung.
Sak liyane lagu, kepundhung uga kerep dadi materi basanan:
Kepundhung dhompolan
Wis ditundhung magih gandholan
Kepundhung jirek
Wis ditundhung magih marek
Dadi bengene kepundhung iki dadi woh hang parek ring uripe wong Banyuwangi. Taping saiki kayane uwoh kepundhung dadi ditundhung.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.

