Damare Penulis sak-Jawa Timur Kemencang Sewengian

Nur Holipah (dipublikasikan pada Senin, 12 Mei 2025 06:50 WIB)
- Opini



Bangete maca pengumuman Naskah Cerita Anak Dwibahasa BBPJT hang lolos, 14 April kepungkur, rasane kaya uwong tepak puwasa dina kawitan; lempe.  Naskah hang dijuwut mung 16 ndhil, ale hang melebu emeh 200 naskah.

Taping ana arane Andi Sep Kurniawan makili Basa Using, magih keneng dadi tambane lempe. Aju temakaken, Elisa DS hang manggon ring Gresik naskahe ya Basa Using. Temune, bakal ana rong buku Cerita Anak Basa Using.

Apa tah merga keneng pulute Instruksi Presiden Nomor 1 Tahun 2025? Ringkese, Balai Bahasa hang dadi Unit Pelaksana Teknis (UPT) Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa, Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi (Kemendikbudristek) katut keneng efisiensi.

Tanggal 25 April bangete Penandatanganan Kontrak kelawan njero kawat, Andi Sep mbisiki gok arepe ana tambahan naskah. Merga Andi paceke lancar ngeprank, hing bisa langsung percaya kala iku. Kisuke, serta weruh postingan Balai Bahasa Provinsi NTB rilis pengumuman susulan penulis, temune bisikane Andi mauka bener.

Mekanisme-ne embuh kelendi, njuwut teka naskah hang lawas utawa seleksi anyar. Gancang cawis-cawisa.” Gedigu abane Andi. Sakkal gesah ring grup WA Kontingen Basa Using langsung rumang.

Temenan.

Tanggal 30 April, angin semilir, merga kabar relaksasi anggaran blokire wis dibuka maning. Nyatane seleksi tahap II temenan ana. BBJT arep golet lan nambahi 107 naskah  jenjang pembaca semenjana (C) hang storyboarde  20 lembar, mungne jalukane cukup berbahasa daerah (Jawa, Using Madura), hing ambi Bahasa Indonesia. Merga iki iwuhe program penerjemahan, ana dhewek seleksine. Temune ring tahap II iki, emeh persis kaya seleksi taun 2021 lan 2022 bengen.

Wektu seleksi penulis lan penerjemah sakat 1 Mei – 7 Mei. Kelendi merkentenge, penulis sak Jawa Timur merga seleksi Penulisan Cerita Berbahasa Daerah Tahap II iku saben penulis ulih kirim wates telung naskah. Tambah gayap nulih pengajak hang ngombak-ombak. Mbayangaken, kadhung kanca-kanca Basa Using milu kabeh, mestine saya akeh buku hang diasilaken.

 Andi hang patheng abrag-abrag ring grup WA kontingen Basa Using gena sing ana hang kelalen kirim.

Sasate sampek dina pungkasan, sewengi jampleng ngober-ngoberaken kirim.  Lisma Laurel penulis Basa Jawa repost postingane Farida Hanim, hang unine: Penulis Jawa Timur Semalam, Anda 100% Keren. Satu, 2 atau 3 naskah, terima kasih sudah berjuang untuk begadang  kemajuan literasi anak di Jawa Timur.

“Byek, temakaken, hing mung kene ya, hang melekan..” Abane Ratih Puspa hang manggon nung Licin, penulis buku dwi bahasa ‘Aja Nyamah’ taun 2024 sore.

Kabeh naskah hang wis melebu magih diseleksi suwene 9-17 Mei, aju diumumaken 18 Mei. Dene, ana 107 calon penerjemah hang seleksine 9 Mei, sore.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Dokumen Pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf