Deling Kambang Garap Anyar Lar-laran Tabuh Jajang

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 16 Juli 2022 09:40 WIB)
- Resensi



Ana hang beda ring pergelaran Karya Tugas Ahir (TA) mahasiswa Sekolah Tinggi Kesenian Wilwatikta Surabaya (STKWS) Program Studi Karawitan tahun 2022 hang dianakaken ring  Pendopo Agung STKW Surabaya Klampis Anom, Selasa (12/07/2022). Soumi hang dadi peserta nomer loro penampilan nggelar jajang hang dadi tabuhane. Gamelan hang biyasae dienggo instrument kabeh digawe anyar teka jajang. Jajang hang dienggo nyatane dudu jajang kayadene angklung hang wis ana ring Banyuwangi utawa angklung Jawa Barat naming wujud meh-meh kaya kenthulitan (tabuhan wilahan jajang Banyuwangi)

“Deling Kambang” hang dadi arane iki nduduhaken nada-nada lan melodi anyar hang direngga kelawan dhasar nada-nada hang wis ana kayadene laras selendro lan laras pelog hang dicarukaken dadi nada-nada kombinasi hang sing gampang anggone wong awam nerima anane komposisine.

Rasa jajang hang dadi lar-larane konsep sing dikatonaken kaya dene angklung jajang hang mesthi dadi ciri wancine musik bambu. Resonansi  hang biyasahe dawa lan empuk digawa ambi jajang hang resonansi cendhek meh kaya suwara-suwarane kenthulitan asal Kemiren. Mula ya sing luput kadhung Soumi uga ngakoni komposisi garapane hang diararani Deling Kambang iki ulih dhasaran inspirasine teka nada-nada Banyuwangian hang wis diuled dadi siji ambi nada-nada Jawa kayadene Pelog lan Selendrone gamelan Jawa.

"Deling Kambang” hang dadi gelarane Soumi Aulia Alhaqqi akeh sithik kepingin nduduhaken sugihe teknik timpalan Banyuwangi hang diolah bareng ambi tabuhan Jawa laras selendro lan pelog ndadekaken tatanan musik anyar hang wutuh lan sing gampang maning dikenali endi Jawa lan endi Banyuwangi dadi siji wutuh ring pergelarane.

Laire ricikan anyar teka garapane iki uga teka asile eksplorasi teknik timpal jajang hang anyar hang sakdurunge mesthi ya durung ana ring gamelan hang saiki iki. Ricikan sar-ling (saron deling) yaiku saron hang digawe dhewek anyar mauka, sakliyane ana uga pek-ling (peking deling) peking jajange, dem-ling (demung-deling) demung jajang hang uga kelebu tabuhan anyar hang digawe dhewek lan uga hang aran bao-ling (bahola deling) bahola jajang hang digawe dhewek teka jajang. Kabeh-kabeh iku mesthi bain nitisaken laire musik anyar hang rasa lan anane mesthi bain anyar. Ring kene mesthine perlu apresiasi hang dhuwur kanggone Soumi hang wis wani tatan pati kanggo ujian tingkat ahir kanggo gelar sarjanane.

Alasan jajang hang dadi dhasar penciptaane iki kabeh mesthine ya disadhari kadhung mahasiswa tingkat terahir ring STKW Surabaya iki lair lan gedhe ring Banyuwangi. Musikalitas lan rasa Banyuwangine uga kegawa kenthel ring garapane. Rageman bahola ring kawitan pergelarane kerasa seru rageman selendro Banyuwangine masiyatah wis ring tengahan lakune digasak ambi violin gaya moderen hang nduduhaken skill tingkat dewa mung nganggo baholing (bahola deling).

Nuansa timpalan Nusantara uga kegawa kenthel ring pergelarane umpamane gaya Papua, Bali, Jawa, lan Sumatera ndadekaken bungkasan pergelaran iki kerasa musik Nusantara masiya iki dudu diarani musik bambu nusantara. Sak sing-singe tatanan vocal hang diucap sindhen-sindhene wis kepingin uncat teka salah sijine etnis, sing mung etnis Jawa paran maning etnis Using Banyuwangine.

Sing nyana Soumi hang kelahiran 17 Desember 1999 iki bisa nuntasaken olah garape masiya mung ulih wektu 6 ulan suwene. Pilihan jajang utamane hang ana ring sar-ling, pek-ling hang awujud jajang ori (jajang atos hang ana erine) iki kegawa pilihan hang bener kadhung mula kepingin ngasilaken suwara resonan cendhek hang bisa nuruti garapan timpal lan ricikan hang gancang  lan kerep kayadene hang meh rata metu ring sakdawane pergelarane.

Mula sakdawane proses sing mesthi nggawe siji tabuhan jajang terus dadi, naming uga perlu eksperimen lan ekplorasi hang bener-bener. Sing salah sakdawane proses iyane wis ngentekaken 50-60 lonjor jajang wutuh . Paran maning larase iki wis dudu laras selendro utawa laras pelog naming laras pelog lan selendro hang wis diacrukaken dadi siji. Iki uga dudu perkara gampang. Kesabaran lan ketelatenan bisa ndadekaken sang penggarap sinau nyang karakter kanggone tempo engko ring mburian.

Katone “Deling Kambang” sing mung nak nduduhaken sugihe timpalan lan endahe nada-nada jajang hang digawa. Pergelaran Ujian Sarjana kanggo gelar Sarjana Seni (S.Sn) iki uga mikiraken ring konsep visual-e. Tabuhan ditata apik ana ring panggung kelawan tatanan jajang hang dhuwur-dhuwur kaya dene pentas ring kebonan jajang. Kerasa adhem, endah lan cocog nyang irama hang digawa ring gelaran sajian karyane Soumi iki.

Kostum lan property liyane uga awujud jajang utawa deling. Batik gajah uling hang dienggo pemaine kabeh nganggo dhasaran lar-larane jajang kaya nak nggawa maksud kadhung garapan iki duwe kekarepan dadi lar-larane utawa dadi dalan cilik hang kukuh nyata bisa nggawa musik jajang Banyuwangi bisa lestari lan ngambah nusantara uga negara manca.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Seni

Editor: Hani Z. Noor