Desain Banyuwangi ring Good Design Award Jepang
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 07 Oktober 2020 07:45 WIB)
- Laporan
Wadhah roti teka penjalin lan tapase kelapa gawenan Kejaya Handicraft Banyuwangi dadi salah siji nominasi ring Good Design Award Jepang.
"Prosese wis sakat taun sore tepak Banyuwangi ulih jatah milu DDS," jare Khotibin hang biyasah diceluk Kang Ibin, hang nduwe Kejaya Handicraft. Tukuke ana ring wetane pom bengsin Dadapan ngadhep ngulon.
Designer Dispatch Service (DDS) iku programe Kementrian Perdagangan hang mbukak lawange Usaha Kecil Menengah (UKM) kecaruk ambi tukang desain makene UKM bisa ngasilaken barang hang bisa miloni tren ring tingkat donya.
Wadhah roti hang diarani Rotap (rotan tapas) didesain ambi Iwan Sung iku ana ring antarane 17 produk desain hang menang ring Good Desain Indonesia (GDI). Kadhung GDI mung lomba desain sak Indonesia, dene GDA iku lombane Jepang.
Kawitane ring GDI, ana 40 produk teka Banyuwangi hang milu seleksi lan hang kepilih makili Jawa Timur mung loro, yaiku Rotap lan Desain batik teka Godho batik duwene kang Firman Sauqi.
Marek digu ulih pendhampingan tim Kemendag sak suwine telung ulan ring program DDS iku mau. Tim iki ana tukang desaine siji teka Jakarta lan telung wong teka Kemendag hang ngajari nggawe produk hang apik lan nduwe standar internasional. Saben minggu wong-wong iku teka ring Banyuwangi kanggo pendhampingan mau. Marek digu, karya asile Kejaya lan Godho dilombaaken ring GDI hang dipiloni kabeh propinsi sak Indonesia. Hang dadi juri ana sepuluh uwong, salah sijine juri teka Jepang. Akehe ana 90 produk hang milu, aju disaring dadi 27, aju dipilih maning dadi 17, hang ulih predikat GDI Best dipilokaken nong GDA, minangka kerjasama Japan Institute of Design Promotion (JDP) lan Kemendag. GDA dipiloni pirangane negara hang ngirim atusan produk hang milu lomba.
Taun 2020 iki minangka iwuh taunan hang kepapat, ana enem desain teka Indonesia hang kepilih kelebu Rotap.
Masiya itungane UKM, Kejaya iki wis kerep nggawe barang dienggo ekspor nong Jakarta, Jamaica lan Amerika, jare Kang Ibin.
Biyasahe, sedurunge pageblug iki saben ulan ngirim telung macem parfum mobil 100.000-150.000 sak ulane. "Taping sakiki mudhun sampek 80 persen," jare Kang Ibin.
Saben taun, iyane ngirim kanggo pasar ekspor atusan ewu produk arupa produk kerajinan tangan bahan alam kayata kayu, jajang, bathok, mendhong, lan penjalin. "Produke macem-macem, dadi pesenan ana terus," jare Kang Ibin hang saiki mung ngandhalaken 20 karyawane. Sedurunge pageblug, ana lebih 200 emak-emak ring desa-desa hang milu mbantu nggawe barange teka umahe dhewek-dhewek.
Ubege Kejaya nggawe produk oleh-oleh iki sakat 1998. Sedurunge melebu GDI, iyane nerima akeh pitakonan njero kawat (online), kudu ngisi akeh formulir bab ukuran lan pasar lan liya-liyane, sampek pungkasane dadi salah siji pemenang.
"Muga-muga menange ring GDA iki bisa mbantu ngangkat produk Banyuwangi lan bisa mbukak pasar produk Banyuwangi mengarepe," pungkase Kang Ibin.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor






