Destinasi Banyuwangi Ditutup, Target Mung Kari 50 persen

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 07 Juli 2021 09:31 WIB)
- Laporan



Kayadene ring dhaerah liya, industri kelenceran (wisata) ring Banyuwangi milu lempe sakjege ana pageblug. Kabeh panggon jujugan hang ana milu ditutup merga ana Pemberlakuan Pembatasan Kegiatan Masyarakat (PPKM) Darurat sak Jawa lan Bali teka tanggal 3 sampek tanggal 20 Juli iki.
   "Total destinasi hang ditutup ana 78 panggonan," jare Kepala Dinas Budaya dan Pariwisata M.Y. Bramuda njawab pitakonan belambangan.com nong WA.
   Donya kelenceran hang wis sesehan merga pageblug iki ndadekaken target kunjungan wisatawan taun iki anjlog 50 persen teka wayah 2019 sedurunge ana korona, jare Bramuda.
   Ring taun 2019, data pemda nduduhaken ana 5.307.054 wisatawan domestik lan 101.622 turis teka negara manca.
   Dadi kira-kira taun iki ditarget mung ana 2.150.000  wisatawan domestik lan 50,000 wisatawan negara manca. Kadhung ndeleng data taun 2020 sakwise anane pageblug, akehe wisatawan domestik ana 2.579.460 magih keitung apik ring ndhuwure 50 persen timbang taun sedurunge. Dene wisatawan negara manca hang jeblog mung kari 15 persen timbang taun sedurunge. Iku bain merga tanggal 31 Desember sampek 3 Januari 2021, panggonan jujugan kelenceran ya ditutup kanggo ngurangi potensi nulare pirus korona. Padha ambi hang dilakoni saiki sampek tanggal 20 Juli engko.
   Ale pemda Banyuwangi wis ngetap wulu kanggo nganteni wisatawan ring mangsa pageblug iki kelawan nyuntik  1700 sampek 2000 uwong hang megawe ring industri wisata. Kekarepane, kadhung ana wong kelenceran bisa diduduhaken gok wong-wonge wis padha divaksin kabeh. Taping cumpu kahanan pirus korona ring negarane dhewek saya ndadi. Wong-wong hing ulih seliweran maning. Pelaku wisata ngomplong maning.

Data Kunjungan Wisatawan ring Banyuwangi
Taun  Domestik     MancaNegara 
2016  4.022.449         77.139           
2017  4.832.999         98.970           
2018  5.200.000       127.420
2019  5.307.054       101.622
2020  2.579.460         15.517

(Sumber: Pemda Banyuwangi)


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor