Dhalang Using Golet Dalan Tetep Munggah Pentas
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 30 Juni 2021 06:10 WIB)
- Laporan
Ring mangsa pageblug gedigi seniman lan pekerja seni kudu muter utek golet dalan kelendi carane makene tetep bisa manggung taping ya tetep mituhu nong protokol kesehatan. Paran maning sore marek lebaran iku kayane kahanan wis rada enak, paran-paran wis kaya-kaya mbalik asal. Cumpu ring dina-dina iki saya akeh wong hang ketularan virus lan saya akeh kurban hang sampek umur. Hing maido sore ana maning surat edaran satgas covid hang ngongkon nyuda hang aran pentas seni lan kumpulan liyane. Bisa melaku taping wektune diwatesi lan kudu nganggo disiplin aturan protokol kesehatan.
Salah siji hang keneng imbase yaiku dhalang Using, Ilham Laili Mursidi, hang saktemene wis diundang munggah pentas ring Gerebeg Kupat Sewu Lebaran Haji, ring Griyo Balumbungan hang ana ring masjid Sunan Giri Singojuruh. Merga kahanan saya medeni, pentas Gerebeg Kupat Sewu iku dibatalaken.
Ditemoni ring sanggar sandhing umahe ring Desa Songgon kecamatan Songgon dina Selasa sore, Ilham tepak gesah ambi lalare hang nyokong pentase.
"Isun arep nerusaken pentase nong kene kelawan ngundang tokoh, narasumber hang metu ring tengah-tengahe wayangan," jare dhalang Ilham.
Kelawan judhul "Gesah Bareng", Ilham ngimpi bisa tetep mentas nong genjot sanggare kono lan ngundang narasumber teka maneka propesi kayata politisi, seniman, budayawan lan liya-liyane.
"Sore iku hang wis nyetujoni dadi narasumber pak Made Cahyana ketua DPRD," jare Ilham.
Pentas wayang hang durung ditamtoaken judhule paran, kira-kira suwine ana telung jam. Hang sak jam gesah antarane dhalang lan narasumbere. Pentas iku arep disiyaraken streaming lan liwat media sosial. "Pokoke kelendi carane para panjak tetep latihan lan bisa munggah pentas."
Rencanane, pentas dianakaken raina merga nggampangaken narasumber nekani Songgon. "Taping apike ya dalu makene permainan lampu-lampu iku ya bisa urip."
Panjak lan penonton diwatesi makene hing ambyak-ambyakan. Kapan acarane diangkati? Dhalang Using 100 persen iki ngomong gok iyane magih golet wektu hang tepak. "Bosa dina Minggu kesuk iki."
Sedurunge, dalang Ilham wis nyiapaken wayang Using kelawan judhul Madege Kedaton Giri kanggo munggah genjot ring Griyo Balumbungan Pasogatan Kanjeng Ibu Dewi Sekardadu Mesjid Sunan Giri Kemiren Singojuruh. Sak liyane rencana wayang Using, ana pisan Rudat Belambangan, lan Macaan Lontar Yusup.
Dhalang Banyuwangi hang sarjana hukum lulus teka Untag Banyuwangi taun 2003 iki ngomong gok persiyapan nuju ring pentas kira-kira mbutuhaken wektu enem ulan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor





