Diaspora, Ikawangi lan Macet Lebaran

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 13 April 2024 07:02 WIB)
- Esai



Banyuwangi saya kerasa kemajuan pembangunane. Kanggone wong hang bengene tau manggon ring kutha cilik iki, kadhung tepak mulih ngetan mesthi bain bisa ndeleng lan ngerasakaken. Tepak kirim-kirim poto kanggo kanca-kanca utawa tangga ring njaba Banyuwangi, kabeh hing ana hang percaya gok perahu-perahu yacht hang sandar ring marina iku ana ring Banyuwangi. Akeh hang mikir iku nong Ostrali.
   Istilah "mulih ngetan" iki nggawa arti hang mboro, golet penguripan ring dhaerah liya iku mesthi ring kulon. Merga bengene, hang aran kutha gedhi, panggonan hang nduweni papan kanggo nggayuh pengarepan lan panggonan semendhe golet sandhang pangan ya  nong kulon anane, Surabaya utawa Malang, Yogya lan mesthi bain Jakarta. Ring wetan ana Denpasar, Makassar taping hing kelebu jujugan kanggo penguripan wong Banyuwangi.
   Serta jaman wis rada padhang, cumpu wong Banyuwangi semebar ring endi-endi. Mula hang gampang dideleng iku hang wis bisa madeg jabatan ring ibukota, kayata dadi menteri, jenderal militer, gubernur, walikota lan jabatan liyane. Taping saiki, akeh pisan hang madeg dadi pejabat setingkat bupati lan jabatan penting ring dhaerah liya.
    Hang uga akeh wong Banyuwangi hang sukses dadi pengusaha, pegiyat lingkungan, pengusaha perkebunan, produsen alat kesehatan lan petani hang wis hing ngomongaken wilayah merga hang dirambah wis ngeliwati wates tepis wiring sak nusantara.
   Malah hang liyane akeh pisan wong Banyuwangi golet upa ring negara manca kayata Singapura, Malaysia, Hongkong, Taiwan, Jepang, Ostrali, Landa lan negara Eropa liyane sampek nggadug Amerika.
   Saben taun sakat jamane Pak Anas dadi bupati, wong-wong hang mboro ring njabane Banyuwangi iki (istilahe: Diaspora) diundang ring pendhapa kanggo silaturahim. Tepak Lebaran taun 2024 iki iwuh Diaspora dianakaken tanggal 13 April. Kabeh kepingin cerita kelendi wong Banyuwangi bisa dadi wong lan milu mbangun tanah kelairane nganggo carane dhewek-dhewek.
   Emeh saben propinsi lan kutha sak nusantara wis ana paguyubane wong Banyuwangi, embuh paran arane, anjrahe nganggo aran Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi). Merga kumpulan hang kawitan ring Jakarta, bibite wis ngadeg taun 1972, nganggo aran iki lan dipiloni liyane. Akeh generasi hang saiki nyerambah donya magih dadi uyuh jaman semono. Hang ring Jakarta, anggota lan penguruse ya mesthi bain hang nduwe karir ring ibukota lan nasional kayata teka ndhuwur menteri, jenderal, gubernur lan walikota sampek hang ring ngingsor hang magih gerathulan mbabat alas. Bupati Banyuwangi ngerasa wong-wong diaspora iki ya akeh jasane kanggo Banyuwangi. Bupati Ipuk saiki saben ana kunjungan ring dhaerah liya, ngoberaken nemoni para diaspora iki.
  Teka kene, wong-wong diaspora iku ngeraketaken jaringane. Saiki mula durung ana wadhah resmi hang bisa dadi payung. Kepingine organisasine wong diaspora Banyuwangi iku diwadhahi, hing mung sukur nang grup WA. Dadi kadhung ana paran-paran bisa gampang lan gelis ditangani.
   Sakat rong taun seperene, gagasan iku durung nemu wujude. Hang wis tau diomongaken, njaluk Menteri PANRB Pak Anas lan Menteri Pariwisata dhongkol Pak Arif Yahya hang dadi ketua lan wakile. Sore, tepak acara Buka Bareng ring umah dinase Pak Anas, ana wacana hang digagas Pak Anas, Ketua Ikawangi Jakarta bain hang ex-officio dadi ketuane. Merga Ikawangi jejege ana ring ibukota? Kelendi kadhung ibukotane wis dielih ring IKN? Embuh kelendi pacane.
   Wong-wong diaspora Banyuwangi hang mboro ring njaba iki, hang tepak lebaran mulih sakperlu njaluk sepura nyang wong tuweke, mulihe akeh hang nggawa montor dhewek seliyane nunggang kendharaan liyane kaya sepur, bis, sepidhah montor, lan saiki merga ana bandara nganggo montor muluk.
   Kayane, ring mangsa lebaran, wong Indonesia mulihe nang tanah kelairane dhewek-dhewek. Dadi bisa diarani hang saiki nggawe macet dalan-dalan hang nuju Pulo Merah, dalan ring Kedayunan, perapatan Lateng sepengalor, dalan ring Kemiren lan dalan-dalan ring panggonan kelenceran, ya wong Banyuwangi dhewek.
   Hing mung iku, arep madhang bain sara. Ring endi-endi restoran antri dawa. Hang wis ulih lungguhan, layanane suwi merga pelayane suda, kadhang kerasa kurang standare hing kaya biyasahe. Ring panggonan wisata sakliyane antri dawa, dheket-dheket ya kasep ngunjaline. Nawi tukang rijig-rijige ya tepak lebaran nong umahe. Ana homestay hang mung ditunggoni wong siji, hang tugase nyerahaken kunci nang dhayohe.
   Emane, hang hun rasakaken ring pirangane panggonan madhang, teka warung sampek restoran, hing ana hang aji mumpung. Mumpung dhayohe wong njaba Banyuwangi regane nggawe sakkarepe dhewek.
   Aju kelendi mbisuke Banyuwanginisun iki?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf