Dinas Pendidikan Banyuwangi Nggelar Pelatihan Basa Using
HENI KURNIAWATI (dipublikasikan pada Kamis, 28 September 2023 08:11 WIB)
- Laporan

Dina Rebo tanggal 26 September 2023 Kepala Bidang Pendidikan SD Drs. Sutikno, M.Pd mbukak acara “VITALITAS, KONSERVASI DAN REVITALISASI BAHASA DAN SASTRA DAERAH KABUPATEN/KOTA”. Manggon ring aula Korwilkersatdik Kecamatan Blimbingsari. Nong sak njerone pidhato, Sutikno nggadugaken wekas kanggo guru-guru. Guru kudu aktip mbukak lan nggarap soal-soal latihan kang ana ring PMM (Platform Merdeka Mengajar), lan sakmarine milu pelatian iki guru-guru bisaa mulangaken Basa Using nyang muride. Nong pungkase pidhato Sutikno uga maca basanan kang isine ngajak peserta sumangat milu bimtek lan literasi Basa Using. Basanan iku salah siji sastra Using, kadhung nong Bahasa Indonesia arane pantun.
“Kecaruk kanca nong pelabuhan Meneng
Arep mancing iwak mungsing
Isun lan rika mayo seneng-seneng
Milu bimtek revitalisasi Basa Using
Jangan kara sambel terasi
Soren sithik digerumbung laler
Mayo kanca digalakaken literasi
Makene dadi uwong kang pinter”, gediku basanane Sutikno mungkasi pidhatone.
Acara Bimtek iku mula karepe kanggo regenerasi utawa nganyari guru Basa Using ring SD. Merga akeh guru Basa Using kang wis pating pangsiyun lan ulih giliran mutasi. Dihadiri satus seket uwong peserta kang milu bimtek teka guru-guru SD sak kabupaten Banyuwangi. Saben kecamatan diwakili wong jak enem. Lungguh kelesodan ambi nggelar kelasa, acara diangkati jam wolu isuk. Narasumbere teka Para Maestro Basa Using lan Para Master Basa Using asil dhidhikane Para Maestro. Para Maestro mulang bab sastra drama Using, ana ndongeng, ngewer, nembang, lan geguritan.
Sedhenge materi Bimtek Tata Bahasa lan Sastra diwulangaken nong kelas-kelas. Kelase manggon nong SDN 1 Watukebo. Peserta 150 dipara dadi nem kelas, kelas A, B, C, D, E, lan F. Saben kelas isine selawe guru teka selawe kecamatan. Saben kelas ana loro narasumber kang njelentrehaken bab Tata Bahasa lan Sastra Using. Materi Tata Bahasa ana Ejaan, Ciri Uni Basa Using, Takeran, Ucap Roncen, lan Partikel ring Basa Using. Narasumber Tata Bahasa using ana Wiwik Widiarti, Heni Kurniawati, Nany Asiani, Istiqlah, Istipadah, Nidaul Hasanah. Materi Sastra Using ana Basanan, Wangsalan, Paribasan, Unen-unen, Batakan, Guritan, lan Rekan Basa. Narasumber sastra ana Juwono, Antariksawan Jusuf, Sri Rahayuningsih, Abdullah Fauzi, Duriatul Latifah, lan Prastono Santoso.
Mari ulih dum-duman rangsum lan ngaso, peserta melebu maning nyang aula kanggo nampa ilmu sastra drama. Mari ulih materi, peserta langsung praktek. Materine ngenengi bab carane nulis gurit, pernapasan, ekspresi, olah suwara. Narasumbere ana Wiwin Indiarti, Budi Osing, Ali Kenthus, lan Slamet Penyet. Peserta dipara dadi enem pantha. Saben pantha ana kang makili maju mengarep kanggo praktek. Salah siji peserta teka Siliragung makili kelompoke maju kanggo ndongeng. Masiya sing lanyah ngomong Basa using taping sumangate kandel, gelem genau ndongeng ngomong nganggo Basa using. Celamutan omonge malah katon ewer aju bain dadi guyu peserta liyane. Para narasumber padha gemuyu kepingkel-pingkel pisan. Ali Kenthus lan Slamet Penyet kang mula pelaku seni rumangsa kuwatir ana saingan anyar. Tengere ilmu kang diwulangaken mau wis ditampa peserta bimtek.
“Kadhung ndeleng akehe materi kang diwulangaken lan waktune mung sedina, sakat jam wolu isuk sampek jam papat soren iku mula kaya sing cukup. Taping guru-guru bisa nerusaken takon-takonan liwat media sosial”, gedigu jare Prastono Santoso Kepala Sekolah SDN 2 Karangsari Sempu minangka Ketua panitia Bimtek, sekalian mungkasi acarane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : HENI KURNIAWATI
Editor: Hani Z. Noor