DKB Unjung-unjung Ngawiti Kiprahe

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 28 Oktober 2020 06:48 WIB)
- Laporan



Katon gancang lakune Dewan Kesenian Blambangan (DKB) hang buru bain dilantik ring ulan iki. DKB ngawiti pegaweyane kelawan unjung-unjung nyang lembaga-lembaga hang ana ring Wilayah Banyuwangi. Sakat mari rapat kerja nyusun program ring dina Sabtu, 24 Oktober 2020 manggon ana ring Pelinggihan Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi, saknalika melaku gelis nerima rekomendasi teka komite-komite hang ana ring kepengurusan.

 Unjung-unjung kawitan dina Senin, 26 Oktober 2020, DKB hang dipimpin langsung ketuwane Hasan Basri, Ketua Dewan Pengarah Samsudin Adlawi lan sing lali Nanik Asiany hang dadi sekertaris, ambi pengurus-pengurus liyane kayata Aekanu, Aden Syahlana, Rini lan Munawir uga katon milu nekani kantor PCNU Banyuwangi iku.

Ring kantor PCNU hang manggon ana ring Jl. A. Yani 59 iku pengurus DKB ditemoni ambi ketua PCNU yaiku KH. Moh Ali Makki Zaini. Sing akeh asile teka unjung-unjung iki naming iki kawitan hang apik anggone lembaga sakkeloron kanggo nambah silaturrahim lan ngeraketaken seduluran.

Nurut Kang Son gediku aran jejuluke Hasan Basri ketua DKB iki nyang reporter belambangan.com, saiki ana petang kesepakatan ring soben-soben iki: 1. DKB sanggup nguweni pendhampingan nyang kegiyatan pelatihan-pelatihan kesenian; 2. Bebarengan ngelakoni kegiyatan penelitian pengembangan seni budaya liwat seminar, workshop lan sarasehan-sarasehan; 3. Bareng nganakaken seminar endhog-endhogan ring ulan Nopember iki; 4. Bareng-bareng mbantu seniman-seniman hang magih urip kekurangan lan hang keneng dampak pandemi virus corona.

Sakmarine teka PCNU Banyuwangi unjung-unjung diterusaken nyang Dinas Kominfo, ring kene ulih telung kesepakatan antarane; 1. DKB bisa ngisi slot ring acara Blambangan FM; 2. DKB bisa nganggo lan bisa ngisi kegiyatan hang ana ring amphiteater Blambangan FM; 3. Kominfo sanggup mbantu pendataan seniman ring Banyuwangi ngeliwati jaringan smart kampung. Hang iki perlune kanggo dhasar nemtoaken kebijakan DKB, gedigu Hasan Basri nambahi keterangane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Seni

Editor: Hani Z. Noor