Donat lan Menteri Pariwisata

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Minggu, 08 Januari 2023 06:58 WIB)
- Esai



Sakat lakine ninggal, Mbok Naning repot ulihe ngatur ekonomi keluwarga. Ya kelendi abete, anak telu kang wis mentas umah- umah buru siji. Anak nomor loro wadon magih sekolah ning SMK sedheng kang kemunjilan anak lanang magih ring SMP.

“Mesthi wis, Emak iki ngelamun. Delehen tawis aran HP iku! Delengen kok ning pawon! Emak ngukus paran iku?” Nyerocose Patimah ngengetaken emake. Nana wis, gancang- gancang Mbok Naning mara mateni kompor.

“Alhamdulillah, mungguha ra asat. Emane ana Sira, Beng.”

“Maning- maning tah, Mak, kadhung tandang ring pawon aja ditinggal HP-an. Kadhung Isun sing tepak liwat yara kelendi?” ambi garuan Patimah kesusu arep berangkat sekolah.

Patimah wis biyasah berangkat sekolah isuk merga sakdurunge nyang sekolahan kudu ngandoh donat  sulung dagangan emake nyang warung- warung parek sekolah. Iyane titip pisan nong kantin sekolahane. Engko mulihe sakliyane mampir nong kantin njuwut asil dodolane, mampir pisan nong warung-warung kang dititipi dagangan donate. Gedigu saben dinane Patimah. Wis setaun iki emake usaha dodolan donat. Taping ya gedigu, kadhang entek kadhang magih. Kadhung donat kang dititipaken kantin sekolah akeh enteke merga regane murah, mung sewu limangatus. Kang dititipaken nong warung- warung, kadhung mula pas rejekine, mulih ya tayongan. Kadhung durung wayah rejekine, adol donat ditutugaken anak lanang ambi nawak-nawakaken ring njero pasar.

Soren iku, Mbok Naning magih gesah ring panggonan pertemuan PKK ambi nganteni picis utang kang arep diedum penguruse. Ketepakan panggonan pertemuane nong umahe Mbok Pitri.

“Kelendi usaha donat Rika, Mbok? Magih lancartah?” Takone Mbok Pitri.

“Alhamdulillah, Mbok. Taping ya gedigu. Kadhang bathine ana kang keneng dicelengi, kadhang ya cukup dinggo pangan sedinane,” saute Mbok Naning.

“Isun kapanane teka pendhapa kabupaten. Ning kana ana tamu wong gedhe, Mbok. Jabatane  menteri pariwisata. Ayo, paling Rika weruh nyang arane. Uwonge nggantheng magih enom pisan. Bengen tau dadi calon wakil presiden nalika pemilihan presiden taun 2019,” durung tutug takone Mbok Pitri, langsung disaut ambi Mbok Naning

“Apal Isun, weruh wis.  Sandiaga Uno. Iya ra?”

“Iya, bener. Nah, Isun cerita iki kerana magih ana kaitane ambi Rika.”

Mbok Naning bingung, kok ana kaitane ambi iyane, ana paran ya? Kerana penasaran, gancang bain takon nyang Mbok Pitri.

“Usingtah, kari wedi Isun, Mbok. Ana paran? Isun dheg- dhegan, kek”

“Sing…., mosok medeni. Malah tekane menteri iki bisa nggarai wong- wong Banyuwangi duwe kerenteg kepingin majokaken usahane. Usaha paran bain wis. Ana kang usaha kelambi, panganan, penginepan. Pokoke usaha. Contone ya, Mbok, usaha penginepan. Saiki yara akeh turis teka luar negeri kang nginep ring Banyuwangi, kadine wong kang usaha penginepan kaya homestay, yo kudu diapikaken penginepane. Tamune dilayani kelawan apik. Kuliner ya kudu ditingkataken pisan. Jare Kang Menteri Mbok, ring Banyuwangi iki magih kurang suguhan kuliner kang didhemeni turis- turis mau. Antarane ombenan boba. Kadhung Rika Isun sing paham ombenan iku, Mbok. Terus kang nomer loro panganan sushi. Iki Isun Rika ya sing paham pisan merga iki panganane wong Jepang. Kadhung kang sijine iki ana kaitane ambi Rika, Mbok. Yaiku donat. Mangkane iku donat dodolanrika iku ditingkataken maning. Rasane dienakaken, terus siyap sedhiya kapan bain dibutuhaken. Dadi wong tuku soren ya donate anget, butuh bengi donate ya tetep anget. Gedigu….”

Mbok Naning wis mbayangaken, mandaneya…..

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor