Anggitane: Andi Sep Kurniawan
(Minggu, 30 Agustus 2020 07:15 WIB)
Donga
Saben melebu ring ulan agustus ati mesthi merungkul tatu. Mesthi enget pirang-pirangane lembaran cerita hang wis tau ditulis bareng. Eluh kudu-kudu temebluk teka sisihe. Arep ngelali taping wis kadhung dadi samake ceritane awakisun, diganti ya sing bisa arane wis kadhung.
Enget bengene isun lan rika lungguh sakjejeran ring bongkote wit jati hang rubuh mujur lan ngerungokaken kendhang kempul banyuwangian. Kadhung sing salah judhule "Gendhing ngilangi kangen". Lagu dhemenanrika bengen, hang sampek seperene uga dadi lagu dhemaninisun.
Eh Dhik, magih enget tah bengen cakrawala dadi panggonan awak dhewek ngelukis cerita sejatine rasa iki? Rika seru girange kadhung diajak ngomongaken masa mbisuke. Hang jare kepingin mbangun pager ring ngarep umah, kepingin nggawe dodolan dienggo usaha, kepingin dadi emak hang sempurna kanggo anake lan sakliyane.
Kari eman-eman yuh, isun lan rika saikine wis pisah. Setemene awakisun dadi edan sakat rika tinggal, taping Isun bisa paran? Hing bisa paran-paran sakliyane nahan rasa hang keliwat lara, kesiksa kerana rasa keranta-ranta.
Wis pirang-pirangane dina rika sing ana kabar? Sun itung, lebih teka pitungatus telungpuluh dina Rika sing ana kabare. Ngintep welasisun bain sing Rika cageraken. Wis mula lalitah nyang awakisun, Dhik? Aja gedigu, aja karepe dhewek nyiksa awakisun hang kepingin kecaruk taping rika sing gelem mara. Sing engettah gendhing dhemenanrika?
Setuhune isun magih dhewekan sampek seperene Dhik, sakat rika ngadoh sak adoh-adohe. Nggoleti ragane bain kari seru sarane, hang bisa sunsawang mung aranrika hang ketulis apik. Taping Isun yakin atinrika magih kanggo isun pisan yara, masiya ragane sing bisa kecaruk maning? Hing usah gubab, Isun magih enget rika tau ngucap lan ndonga jodho sampek mati.
Lagu judhule Gendhing Ngilangi Kangen dadi tamba. Saikine tanggal sangalikur, tanggal lairrika. Hing kaya donga biyasahe hang diucapaken. Taun iki dongane bida sing ngucap mugi dawa umur maning. Isun kangen, muga rika jembar lan padhang kubure ya. Muga Rika wis nemu seneng lan ayem ana ring kana. Parek ambi Gusti Allah. Sepurane kadho hang sun gawa mung donga.
Isun kangen taping aranrika hang saben jemuah suncaruki. Dudu ragane maning. Isun ihlas lan donganisun kanggo rika sak uripe jantung.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)