Donga Munggah Kaos

Iskak Basuki (dipublikasikan pada Selasa, 16 Agustus 2022 08:11 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Buru-buru manggon ring Boyolangu isun heran rungu ucap iyek (iyek iku embah). Kayane mung ana ring Boyolangu sasate sebutan iki. Kayane maning asale teka ucap 'uwek' hang artine mula embah. Embah lanang bisa diceluk anang bisa uga pak uwek, embah wadon bisa adon utawa mak uwek). Ngomong "munggah haji" iku "munggah kaos." Kok bisa diarani munggah kaos, yek? Isun takon kala semono.

Istilah iku mula arang rungu, tosene saiki. Serang arange sasat sing ana wong jaman saiki hang ngomong munggah kaos. Kadhang hun pikir iku mung guyonan. Soale iyeke wong wadon iki magih uripe mula dhemen guyon. Misale mula ana kayane mung 'eksklusif' nong kalangan terbatas, kalangane embah utawa iyek bain. Iku rekene yara padha ambi ucap-ucap Toyarum kanggone nyebut Banyuwangi, Bangsul kanggone Bali, lan liya-liyane.

Temune, ucap-ucap utawa istilah iku mula anane ring jaman bengen, iku adate embah-embah bengen hang salah kaprah - miturut parama sastra/tata basa - anggone ngomong alus alias krama. Hang mesthine arane panggonan sing perlu dialusaken, ting merga wedi dianggep sing sopan, sing bisa basa, nana sekabehe diantem krama, dibasakaken. Munggah kaos nunggang pesawat kudu nyang Mekah. Mulihe dirantos lan disambang dijaluki donga barokah.

Wis adate sakat jaman wingi taklam, saben wong mulih munggah aji mesthi akeh keluwarga lan kenalan hang nyambang. Hang nyambang ndongakaken dadiya aji lan utawa hajah hang mabrur mabrurah, hang disambang lebih diarepi dongane merga magih kebul-kebul buru dientas teka Baitullah, umah sucine Allah. Makbul donga penjaluke.

Adat - kadhung keneng diarani adat - nyambang ajian gedigi iki sing kari katon ring kutha. Aja takon kadhung ring desa. Rame alan-alane wong iwuh. Taker masang terop serang akehe dayoh saben dina sampek pirang-pirangane dina lan bengi.

Isun tau weruh dhewek tepak nyang umahe kanca ring desa dhaerah kidulan kana. Kok ana terop ring latare umahe. Duwe gawe paran endane? Sing weruha embahe buru mulih munggah kaos. Ya gedigu iku ceritane, dhayohe sing kathik diundang teka dhewek, gemerudug ambyak-ambyakan.

Emane mula wong duwe. Sing masalah njamin konsumsi semono akehe. Hang dadi masalah ahire lambene embahe. Apuwa? Ya dhasare wong tuwek, suwi-suwi kesel, bisa ndomble ukure merga sing leren-leren cemit-cemit bolak-balik mbolan-mbaleni dongane. Buru mulih ana maning, teka maning, buru bain mingkem menga maning.

Kanthong seruwal.

Uwong akal.

Embuh ulih pirang dina kok ya ulih akal. Dongane ditulis nong kertas aju dipotokopi. Ana saktumpuk gok motokopi, diandoh nong ndhuwure meja.

Jeh! Ayem wis. Meriniya wis hang akeh. Saben dhayoh teka embuh dhewek embuh rombongan, embahe ayem kari mesem-mesem bain. Ambi nyalami tangane ngelungi dongane. Praktis. Bisa diwaca sak karepe, sak akeh-akehe nong umah. Apuwa buru saiki yuh nemu cara gedigi, pikire.

Ndilalah kersane Ngallah - jare wong kidulan yara gedigu basane - ulihe motokopi magih akehan dhayohe. Entek donga hang saktumpuk nong meja. Wayahe wis dalu. Ya kesuk bisane ngongkon putune potokopi maning.

Keenaken ndonga cara 'photo copy', kari-kari kira-kira lali gok ndonga kudune cemit-cemit nganggo lambe. Embuh antarane jam pira ana lare nom-noman buru teka, mari salam-salaman, mari disuguhi madhang, wayahe mulih ambi pamitan ngomong.

"Mbah Kaji, nyuwun barokah donganipun.." 

​​"Walah Le, dongane wis entek didumne kawit isuk mau kae Le.."

"Lah..."

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Pemikiran dan Pengalaman

Editor: Hani Z. Noor