Dr. Arief Yahya Ulih Bintang Mahaputra Adipradana

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 13 November 2020 08:18 WIB)
- Laporan



Kadhung ngomongaken penghargaan nong lare Banyuwangi iki sasate kaya nublek napung. Hang pungkasan, lare Panderejo hang tau dadi menteri Pariwisata periode 2014-2019, Dr. Ir. Arief Yahya M.Sc, ulih penghargaan Bintang Mahaputera Adipradana teka negara hang diserahaken ring Presiden Joko Widodo, dina Rebo kepungkur.
   Kang Arief hang kerep diceluk Bang Oyok iki ngaku mongkog merga ulih penghargaan iku. 
  “Isun ngucap terima hang gedhi nyang Presiden Joko Widodo hang uwis ngewani penghargaan iki," jare kang Arief nang belambangan.com.
   Sak uwise marek dadi menteri iyane saiki ngganteni posisine Erick Thohir minangka direktur utama MDIA perusahaan induk ANTV grup Bakrie ngganteni Erick Thohir hang didadekaken menteri BUMN.
   "Tandha Kehormatan iki Sun elungaken nang masarakat kabeh hang nyokong pariwisata Indonesia. Salam Wonderful Indonesia.”
   Bintang Mahaputera Adipradana iki minangka Tanda Kehormatan hang paling dhuwur sakwise Tanda Kehormatan Bintang Republik Indonesia, kanggone uwong hang nduwe jasa gedhi nyang bangsa lan negara. 
  Tepak iyane dadi menteri taun 2014-2019, wong kelairan taun 1961 iki wis kaya nana asate ulih penghargaan. Umpamane, taun 2019 iyane ulih penghargaan minangka Menteri hang nduwe Prestasi Dhuwur ring Kabinet Kerja, hang diuwakaken ring Lembaga Kajian Nusantara (LKN) bareng ambi Ikatan Ahli Manajemen Proyek Indonesia (IAMPI).
Tau uga ulih The Best Ministry Of Tourism atau Best National Tourism Organization (NTO) sak Asia Pasifik ring ajang TTG Travel Awards 2018.
   Kadhung kementerian hang dipimpin ambi iyane sasate wis kaya sega jangan nyang penghargaan, lebih teka 66 penghargaan. Edheng tah? Penghargaan mau merga iyane ndadekaken kementerian hang sakmesthine birokrasi dadi emeh kaya korporasi (perusahaan). Mergane iyane sedurunge wis nyekel jabatan direktur utama PT Telkom, perusahaan BUMN hang untunge digawe tikel pindho ring tangane.
   Doktor lulusan Universitas Padjadjaran Bandung iki tau diwani penghargaan teka World Travel & Tourism Council (WTTC) merga Indonesia dadi salah siji negara hang pertumbuhan turis manca negarane paling cepet sak donya nomer sanga. Carane, nganggo brand Wonderful Indonesia lan mbukak lawang visa gratis kanggo turis teka 169 negara.
   Iyane ngembangaken 10 panggon jujugan kelenceran (destinasi) Bali Anyar. Tepak acara ring Madrid, iyane ya tau mborong telung penghargaan teka institusi wisata sak donya The United Nations World Tourism Organisation (UNWTO), hang salah sijine, penghargaan emas kanggo Banyuwangi ring kategori Inovasi Pemerintah Daerah. Tau pisan mborong telung penghargaan ring Halal Tourism Abu Dhabi.
Ring kepemimpinane, jumlah turis mancanegara hang teka nang Indonesia munggah 22 persen, tikel telu timbang rata-rata regional Asia Tenggara.
   Iyane yakin pariwisata bisa nggawa Indonesia dadi makmur uripe.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor