Edu-tani, Ngejak Lalare Enom Balik Nyang Kedhokan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 22 Juli 2021 08:15 WIB)
- Laporan



Acake takona lan goletana dhewek, ana tah lalare enom hususe nong Banyuwangi, dudu merga kepaksa kahanan, hang gelem dadi wong tani? Delengen bain saben taun pirang mahasiswa hang gelem ndaptar ring fakultas pertanian?
   Dadi, donya pertanian kayane hing dadi impenan lalare enom maning. Ale Banyuwangi iki merga wilayahe hang wera, ping sepuluhe propinsi DKI Jakarta, malah lebih gedhi timbang Pulo Bali, ya mesthi bain sawahe wera, kebonane kaya nana watese sangking werane.
   Iku hang nggarai pikiran ring Lutfi Nur Fauzi lare Bangorejo hang tau dadi ketua Kelompok Pelajar dan Mahasiswa Banyuwangi (KPMB) ring Yogyakarta tepak iyane kuliyah ring Teknik Informatika Universitas Amikom Yogyakarta.
   Iyane rada getem-getem ndeleng kahanan iku. Lutfi saiki megawe ring PT Kickrate Logistik Indonesia, perusahaan hang nangani Ekspor lan Impor, Konsultan B2B, lan Broker Produk Unggulan Indonesia, ngejak kancane sak perusahaan yaiku M. Yulianto, lare Ketapang Banyuwangi.
   Nganggo ilmune, liwat medsos kayata facebook lan instagram, iyane nggolet lalare enom hang gelem balik nong kedhokan.
    Lutfi lan kancane nggawe gerakan hang arane edu-tani.com kelawan ngewani panggonan, alat-alat lan pelatihan. "Anane portal edu-tani.com iki, kene ngarepaken lalare enom gelem maning gobot endhut mudhun nang kedhokan."
   Hing nyangka marek diumumaken suwine rong minggu, ana 25 lare hang daptar, kelebu sarjana pertanian teka pirangane kampus hang beda-beda. Hang kepilih ana lare telu hang disebut Lutfi "Teman-teman Petani Muda."
    Umume akeh lalare enom iki hing gelem mbalik nong sawah merga asile dadi wong tani hang sing pasti.
"Hing mung iku, teka data hang wis melebu nong kene, akeh lulusan Pertanian hang dadi pengangguran merga hing ulih pegaweyan ring Pertanian," jare Lutfi.
Teman-teman Petani Muda iki ngolah tanah sehektar setengah hang wis disedhiyani ring wilayah Kedungringin, Bangorejo teka Senin-Jumat.
"Taping arane petani milenial, megawene ya kudu miloni kemajuan teknologi."
   Lalare Petani Muda iki dikongkon nggawe artikel kanggo kebutuhane website saben Sabtu lan ana rapat njero kawat (online) kanggo ngelaporaken paran bain hang wis digawe lan ngedum kaweruh bab pertanian.
   Lalare iki dudu mung petani konvensional taping ya diajari soal Internet Marketing. Saiki lalare iki dikongkon nandur lobok litik, digaji ulanan lan targete setaun, sak mareke iku arep nandur tanduran liyane.
   Mengarepe asil panene arep dipasaraken nong tanihub, pasar tani virtual.  

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor