Eko Budi Setianto: Wartawan cum Sastrawan Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 28 Juni 2024 08:35 WIB)
- Tokoh
Kelendi prosese Eko Budi Setianto nggawe kumpulan gurit Using hang diwani judhul “Suwuk”?
Penggurit kelairan Jember iki hang wektu cilikane dientekaken nong Licin, sakat lare akeh ngerungokaken omongan wong-wong Using, akeh ndeleng gok Suwuk iku anjerah ring uripe Wong Using sedina-dina.
Bengen sedurunge ana kasus wong-wong hang dipateni merga diarani “tukang santet”, akeh wong hang nekani tukang suwuk sak perlu nambani anake hang kadheman, kesambet lan liya-liyane. Sak marine ana paten-patenan “dukun santet” iku akeh tukang suwuk hang sing gelem maning peraktek dadi tukang suwuk, polae bisa-bisa dikira dhukun santhet, dikira bisa ilmu sihir.
Budi kepingin ngewarahi gok suwuk setemene ilmu tinggalane embah buyut hang akeh gunane timbang mudarate. Lan mantra-mantra suwuk iku hang akeh ngewani iyane ide kanggo nguntabaken perasaane.
“Gurit iku hing bisa digawe. Isun hing sanggup nggawe. Kaya teka dhewek tepak ndeleng paran hang kudu ditulis,” jare Budi.
Budi ngaku gok iyane diuber-uber penerbit kanggo nambahi akehe gurit ring kumpulan iku. “Taping Isun hing bisa.”
Kadhang gurit iku neka rikala iyane melaku-melaku. Umpamane liwat perapatan Mesjid Jamik lan matane mara-mara ndeleng aran dalan Kapten Ilyas, aran pahlawan hang iyane hing tau rungu sedurunge lan kayane arane wis dilalekaken masiya iyane kelangan nyawane kanggo Banyuwangi.
“Mangkane akeh guritisun hang Hun marekaken nong Perliman.”
Dalanan bisa pisan dadi inspirasi kanggo nulis gurit merga akeh hang dideleng ring dalan ngewani ide nulis.
Dadi ya hing maido gandrung, seblang, barong lan sapiturute kerep njumbul nong gurite. Budi hing nulis mung ubahe hang njuged, utawa mung goyange barong taping lebih nong priatine nong kahanan hang dirasakaken, sarane urip hang dilakoni gandrung. Kelendi sarane urip minangka buruh tandur hing bisa nempur belaka.
Budi ya nganggo kiyasan-kiyasan hang anjerah ana ring sastra Using, umpamane kembang, lan welase nang tanah kelahiran.
Ring pengantar bukune, Budi ngomong gok guritan iku nyeja digawe, sak derma dienggo milu nguri-uri Basa Using hang ana ring Banyuwangi. “Kelawan anane guritan iki Isun mung kepingin ngengetaken nang awakisun dhewek utamane lan Rika kabeh, gok Basa Using iku mula ana lan dadi basa sedinane emak apak lan dulur-dulur Using liyane.”
Liyane ngomongaken suwuk lan masalah-masalah politik, Budi akeh nulis bab hang iyane deleng sedina-dina. Kuburan Bendha, anang, emak, sawah lan pertanian.
Carane nguntabaken rasane, Budi ya hing mung mandheg nong carane wong nulis gurit sak majade. Iyane merujukaken cara-cara hang digawe ring sastera dhaerah Using, kayata batakan mata-mata kidang lan basanan. Lan anjerahe gurit Using, mesthi guru suwara dadi itungan hang penting.
Ulihe serawung ambi wong akeh, merga pegaweyane minangka wartawan, fotografer, kelebu serawung ambi seniman-seniman sepuh hang nduweni aji lan ilmu sastera hang jeru, ngajaraken Budi ngasah perasaane, hang ndadekaken iyane kaya saiki.
Kumpulan gurit iki wis dikelumpukaken sakat pirang taun kepungkur lan perlu pirang taun maning kanggo nganteni kumpulan gurite hang anyar, jare Kang Budi, wartawan hang uwis ngetokaken bukune pirang-pirang umpamane biografine bupati dhongkol Pak Samsul uga Politik Santet hang wis dicetak ulang maning.
suwuk 1
angin melayu ngetan,
hang diindhit wangine kembang
semebrung ganda menyan
ndhodhog ati hang mamang
lungguh silah ring pelanca
lancing tanggung nyangga rasa
tekade kaya ombak segara
kembang pecari ditulisi
kembang wangsa diwekasi
“gadugena nyang sigarane ati,
kelendi-kelendiya..........”
sekendi dhuwure gunung kulon
kadhung welas sing kelakon
sak pira werane segara wetan
kadhung karep wis temenanan
perawan ayu sangga uwang
mangu-mangu nulih lintang
atine sepi,
sekala njenggirat tangi
ana paran?
Licin, 1999
suwuk 2
aja tebluk-tebluk beluluk
dhung isun durung njaluk
aja muluk-kuluk kaya manuk
dhung isun durung gadug
manuke manuk dheluk
sisihe ring ndhuwur puthuk
payunge mega hang ngelumpuk
jebeng hang ring pinggir gumuk
gawenen atine gemeluthuk
bapake hang kemaruk
gawenen manthuk-manthuk
wuk, wuk, wuk,
katuta sira sun suwuk
suwuke lancing ngantuk
theklak-thekluk ambi mabuk
wuk, wuk, wuk,
aja turu-turu dhung durung kecaruk
kecaruke ring wayah isuk
sangune sega sak cawuk
Licin, 1999
Kembang Telon
kembang telon
merujuke tanpa weton
tapi milu nggawe lakon
kembang telon
runtang-runtung ketelon
sak wadhah, sak peturon
kembang telon
alume nana takon
merga mung kembang tukon
kembang telon
nggolete kepelayon-pelayon
dhung mari dibuwang sak enggon-enggon
kembang telon,
kembang telon,
ya wis nasibe kembang telon
hang gandane dadi gugon-tuhon
Licin, 2002
Riwayat
ngarepaken subuh, langite magih sepi
urube ulan wis mati
mbah Anang, nggerayang dalan
marani unine adzan
ring langgar parek padusan
lungguh timpuh ring sejadah
tangane nadhah, ndonga pasrah
atine sepi, ngambat asmane Gusti
: itungan wirid iki,
sageta nuntun kula
teng padhange suwarga
mapag melecire serngenge
mbah Anang mangu-mangu
atine magih sepi, wit-witan uga sepi
kaya-kaya wis emeh gadug nyang bungase nasib
ale itungane wirid buru bain dipungkasi
merga ambekan wis miji-miji
rada raina
mbah Adon metek dhadha
atine kerasa-rasa
tangise kari nelangsa
mbah Anang hang diwelasi
wis nampa timbalane Gusti
kemulan bumi...
Licin, desember 2004
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.