Emak-emak Gandrung Muruki Sinden Nom-noman

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 30 Maret 2021 13:21 WIB)
- Laporan



Manggon ana ring Pelinggihan Disbudpar Banyuwangi Jl. A. Yani 78 Kelurahan Taman Baru Kecamatan Banyuwangi pas mangkat jam 08.00 WIB, ana kadhung 40 wong wadon nom-noman padha antri nganggo protokol kesehatan nerima tas biru enom hang isine kaos, buku,  lan pulpen ugo cathetan materi gendhing-gendhing Banyuwangi. Ring pelinggihan dina iku diangkati ambi Ketua DKB Hasan Basri lan Kepala Disbudpar Banyuwangi Yanuar Bramuda hang nguweni pidhato gelar bukane Pelatihan Sindhen Using.

Hasan Basri hang dapuk dadi ketua DKB Banyuwangi iki katon seru girange merga pungkasane wis bisa nggelar Pelatihan Sindhen Using anggone nom-noman hang wis diimpi-impekaken sakat bengen ring wayah jabatan DKB Banyuwangi hang sulung. Alhamdulillah, masiya ring mangsa pandemi kegiyatan iki bisa kawujud, gediku ucape Hasan Basri ana ring pidato pembukaane.

Sing beda ambi Hasan Basri, Yanuar Bramuda nyatakaken kadhung wis wayahe sindhen-sindhen using  Banyuwangi iki bisa viral sing beda ambi suwara-suwara lagu liyane hang ana ring media sosial hang saiki rame kayata Tik tok, Snack Video, Youtube lan liyan-liyane. Iyane uga duwe angen-angen bisa nggelar acara festival sindenan kanggone festival Banyuwangi ring taun iki. Liwat Pelatihan Sindhen Using iki dikarepaken bisa lair sindhen-sindhen enom-enoman hang sing kalah ambi penyanyi-penyanyi hang wis ana ring media sosial iku mau. Cengkok Banyuwangi sing bakal kalah kadhung dipoles bener ambi lagu-lagu hang ana ring medsos iku, gediku Bramuda nerusaken pidhatone.

Pelatihan Sindhen Using iki dikawiti ana ring tanggal 29-30 Maret 2021. Saklawase pelatihan para sindhen hang wis kepilih liwat seleksi video bakal belajar sindenan.Sakliyane ulih materi teka para nara sumber kayata Muh. Ikwan, Adlin Mustika lan Juwono para sindhen enom iki uga bakal dilatih ambi para gandrung hang dadi gurune langsung.

Gandrung-gandrung senior kayadene Mak Temu Misti, Mak Siti, Mak Holipah lan Mak Sunasih bakalan ngajari lan ngancani sindhen-sindhen enom iki ajar lan praktek gendhing-gendhing  gandrung langsung teka sumbere.

Para sindhen bakale nyantrik nyang emak-emak Gandrung iki. Sakmarine belajar para sindhen nom-noman iki bakale duji lan dibiji ambi emak-emak Gandrung kono mauka lan bakal dipilih 15 sindhen using hang arep dipilokaken nyang acara gandrungan ana ring Pelinggihan Disbudpar emben dawa, kayadene hang dikarepaken Kepala dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi.

Gendhing-gendhing kelasik kayadene, Layar Kumendhung, Erang-erang, Padha Nonton, lan Sekar Jenang dadi materi wajib gendhing hang kudu dibelajari sampek bisa. Juwono salah sijine narasumber ana ring pelatihan iku nerangaken kadhung gendhing-gendhing gandrung iki wajibe kudu dibisane ring pelatihan iki. Merga sakliyane gendhing-gendhing iki ya sing gampang digawakaken sinden-sinden enom lan maning gendhing-gendhing iki dadi ciri wancine gendhing gandrung Banyuwangi. Kabeh sindhen Banyuwangi wajib bisa, Juwono nerusaken keterangane.

Sak singe liwat media Pelatihan Sindhen Using iki gendhing-gendhing kelasik hang wis ana sakat wingi taklam iki sing bakale musna lan bisa diwarisaken nyang generasi peneruse sinden muda Banyuwangi, gediku Muh. Ikwan salah sijine nara sumber nguweni penjelasan nyang reporter belambangan.com

Lintang Piscesa salah sijine sindhen enom teka Rogojampi hang milu pelatihan nyatakaken seru dhemene bisa milu pelatihan iki. Sakliyane iyane bisa ngangsu kaweruh babakan gendhing kelasik Banyuwangi, iyane bisa seneng merga bisa kecaruk langsung nyang para emak-emak Gandrung hang bengene kesuwur dadi gandrung ana ring Banyuwangi iki.

Laily Suci salah sijine peserta pelatihan teka Kecamatan Glagah hang magih kelas 7 teka SMPN 1 Banyuwangi iki seru girange bisa kepilih dadi peserta lan ngarepaken pelatihan iki ana terusane sing mung mandheg ana mung rong dina bain, makene iyane bisa nerusaken belajar gendhing-gendhing klasik gandrung liyane.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Anyar

Editor: Antariksawan Jusuf