Anggitane: Urip Limartono Aris
(Minggu, 20 Juni 2021 07:26 WIB)
Enem Sanga Sanga Enem
Enem Sanga Sanga Enem
Oyek Setro
Bareng lakunira
ana lindhu gedhe teka
kaya nunggang jukung ring tengah segara
Ombak ngontang-anting
angin ngipataken sampek kepelanting
pecut kilap ngukir mega
suwarane nyuwek raga
mung sun enget wekas rika
: terusaken lakunira
angin mung kanggo bandha
kilap dadekena tandha
ombak anggonen nyurung jangkanira
Mung saiki isun magih nggelundhung
jangkah iki magih kesandhung-sandhung
kadhang nyungsep
rai kesereb
isun mung bisa ngelus dhadha
sekala iku rika teka ring mata
Banyuwangi, Maret 2005
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.