(Esai) Dadar Gulung Ijo

Iskak Basuki (dipublikasikan pada Kamis, 07 Oktober 2021 07:38 WIB)
- Esai



Bengi ngarepaken Isak, nong njaba gerigis alus. Isun nunggang montor ketelon ambi wong wadon lan jebeng - anak kemunjilan - berangkat kundangan nyang dulur Mondoluko. Nawi kurang paham, Mondoluko iku kampungan ring Desa Tamansuruh. Nong kono, yong  parek gunung kulon iku rekene, lurunge munggah-mudhun lan mula melinggak-lingguk. Mulane ana wangsalan 'linggak-lingguk lurung Mondoluko....'

Arane apik - Mondoluko - tapi embuh paran endane maknane, lan kelendi bengen endane ceritane, sejarahe sampek diarani kaya iku?

Saben dusun, saben desa, saben papan panggonan, kabeh mesthi duwe aran lan kabeh iku mesti ana sejarahe. Ana riwayate mungguha uwong. Ana ceritane saksing-singe. Mung, kabeh sasate sakat bengen sing ana tulisane. Kari-kari, nggadug saiki, sapa aju hang weruh utawa enget? Dadiya misale 'tinggal cerita', sapa acake hang bisa nyeritakaken? Aja-aja setemene kabeh wis 'tinggal nama', kabeh wis padha lali, wis sing ana hang perduli. Wis padha ninggalaken sejarah. Dipikir gedigonan belaka dienggo paran? Ana paran kari dipikir?

Eh! Gadug endi isun nyetir?

Gancange cerita, mari Isak isun selamet gadug panggone iwuh. Mari salaman lan sapa-sapa-an nyang dulur, isun diateraken melebu nong bale, disejekaken lungguhe teka dhayoh umume, dikelumpukaken nyang golongane keluwarga dhewek.

Nong njero lungguhe lesehan, kelesodan nong karpet. Wong wadon-wadon biyasah timpuh, hang lanang-lanang adhate sila, serta kipa, kunjur, medhongkrong, sak enake. Repote angger omong-omongan kudu anter setengah berak-berak, utawa kudu parek nang kuping. Kadhung sing gedigu kelakon 'ha-ho ha-ho' sing mudheng diterak 'dhang-dhung dhang-dhung' abane son - 'sound system'. Ketang salone tumpukan mehmehi gedhi-gedhi. Kumpleng dhung teka parekan....

Haah....?
Paran....?
Haah....?
Paran....?
Sing rungau....! Paran....?
Alaahh....! Embuh wih...!
Engko bain tepak lagune mandheg! Jajane kek, panganen!

Nong njero suguhane sami-rawon ambi nong jaba, ana jajan toplesan dhirik jejer-jejer, disandhingi kiwa-tengene ambi pirang-pirang Jambetunggal, suguhan jajan sepiring isine macem-macem, ana
dhanggoreng, apem, kucur, jenang ketan dibunteli pelastik, sumping, bugis - adhate wong kene, jajan kepus sing nganggo godhonge gedhang tapi godhong Kecandhik, godhong 'anti basi' - lan.... dadar gulung ijo.

Dadar gulunge nyolok seru wernane. Ijo royo-royo. Ijuk, serang ijone. Ketemu kaya murup nong tengahe jajan-jajan liyane, kaya nyeja ngengetaken isun ambi hang bengen-bengen. Mauka, kaya dene desa, saben wong urip uga nduwe riwayat. Duwe cerita, saksing-singe. 

Lahan tepat untuk iklan anda di sini.

Hubungi: skb@belambangan.com atau WA telp 0811843457


Dadar gulung ijo iku mula ngengetaken isun magih umur-umur sakngisore jebeng iki mesthine, wis puluhan taun kepungkur, lan-telangan magih enget, magih jangget nong utek, tapi seliyane iku wis padha kebusek.

Ceritane, isun magih manggon nong Lebak - Kelurahan Tukangkayu - ngajine nong langgare pak aji Amin, hang mulang kang Nan - arane padha ambi guru ngaji nong kulone biskop Suazana; kanca-kanca sak kutha akeh hang ngaji merono bengen - aseline Adnan, ana pisan hang nyeluki kang Untung.

Bengi iku mari isak, mudhun ngaji, kang Nan ngejak isun nunggang sepidhah jengkine, merdhayoh nong uwong hang ketepakan umahe ya parek biskop Suazana, naping ulih sakwetane sithik, melebu lompongan temurun ngidul sithik. Magih enget isun, ancer-ancere. Aja takon persise, sapa arane, tosene paran perlune? Wis sing keneng dienget-enget, wis ilang.

Herane, isun sampek saiki magih enget ambi sak piring dadar gulung ijo - umume ijo enom utawa soklat; kincane ana hang diganti adonan soklat, terus jabane diuwuri keju - nong mejane umah iku. Tunggale hang nong ngarepanisun saiki iki, dadar gulung ijuk ala Mondoluko.

Omes-omes embuh ijone royo-royo, embuh kaya buta ijo, hunjuwut siji, hunemplok sepisanan.

Byek! Buru melebu mangklang-mangklang nong cangkem. Emane embug, alus. Sakgegetan sakkal tugel, sakkal meledhos kincane, manise rata sak cangkem. Dikenyah kenyil-kenyil, diudheg ilat, uled adon lan kincane. Mari-mari enak, ana arum-arume.

Hmm....! Endane isun thok hang doyan?

"Mangga, kang Nan. Mangga jajane....! Ayo, Lik! Jajane panganen, Lik....", abane hang duwe umah - kala semono - ngawiti gesah nawani. Huntulih kang Nan njuwut siji, sing kathik ngomong, isun milu-milu njuwut, milu-milu mangan.

"Panganen, Lik jajane...."

"Age, maning jajane...."

Saben-saben mandheg gesahe, wong iku - rada enget, lungguhe madhep ngulon, isun lan kang Nan madhep ngetan - ngongkon isun mangan suguhane maning. Dipikir isun sing ana bature ngomong, timbang ndomblong panganen jajane.

Ngeteraken guru ngaji sanja, nunggoni wong gesah, isun sing enget paran bain hang digesahaken, sing enget mulihe jam pira? Anehe, isun magih enget temenanan ping pira ulihe tawa-tawa:  

"Ayo, Lik! Panganen maning jajane...."

Embuh umur pira setemene isun? Rasane magih mbenu-mbenune lare. Sing bisa lan sing ngarti carane nolak. Byek! Ping enem. Isun magih enget temenanan. Ping enem wong iku ngongkon mangan, ping enem pisan tanganisun nggape isine piring iku. Emane sing ngongkon ngentekaken. Hoikk....! Pantese taker welangketen.

Lamat-lamat kaya katon, rada enget maning sithik. Kang Nan lan wong iku munyik-munyik keloronan. Apuwa tah munyik-munyik? Ngunyiki paran tah?

"Apuwa Rika munyik-munyik?" Alak! Mara-mara wong wadon takon ngagetaken. "Ayok weh pamitan. Selak udan....".

Ulung roh - usike ati - sedhela maning. Dadar gulunge, kurangen. Isun durung entek enem ak...!

(Bwi, 0921.1.ib)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Pemikiran dan Pengalaman

Editor: Hani Z. Noor