Eseme 76 Taun Indonesia

Tirto Arum (dipublikasikan pada Rabu, 15 September 2021 09:38 WIB)
- Laporan



Pitungpuluh enem taun Indonesia wis nduweni semangat, nyawijikaken tekad nggendhong indhit lan ngersaya bebarengan madegaken awake dadi negara mardhika hang sing kepingin dijajah paran maning balik nyang pirang abad suwene ana ring kuwasane bangsa liyan.

Pemberontakan kana-kene teka ring bangsa iki wis dilakoni, dipandegani para raja hang sing tega ndileng rakyate dipulasara mung diamet bandhane kanggo makmuraken negara liyan kelawan kewajiban mbayar upeti hang nekek gulu.

Indonesia mula wis kawentar ngasilaken rempah-rempah hang seru sugihe, asil bumine uga ngelimpah, seni budaya lan basa dhaerah hang maneka werna dadi kesugihan hang nggarai negara liya kepingin nguwasai kabeh. Kabeh pengalaman hang wis kedaden ring wayah iku merujukaken semangat hang gedhi ring atine bangsa Indonesia kanggone njaga aja sampek kebalen maning.

Gedigu pisan para seniman kala iku, milu berjuwang kelawan cara sengidanan lan nganggo cara liwat kesenian makene penjajah sing meruhi. Kaya dene Sayu Wiwit, Agung Wilis ring Belambangan lan uga pahlawan nasional liyane hang ngelawan nganggo cara gerilya.

Ring lakune jaman, rakyat Indonesia wis akeh ngewani sumbangsih minangka wujuud welase nyang negara iki ring maneka bidhang. Ilmu pengetahuan, olahraga, seni budaya lan liya-liyane. Negara iki wis semesthine mongkog ring akehe prestasi hang wis diukir ring rakyate.

Semangat njaga lan uga kanggo nduduhaken rasa sukur mengeti dina merdhekane negara Republik Indonesia hang kaping pitungpuluh enem taun, para buruh migran hang ana ring pirangane organisasi uga nggelar upacara bendhera, ana pisan paguyuban hang nganakaken lomba kelawan nuansa merah-putih.

Tim-tim kesenian teka pirangane paguyuban uga nampilaken maneka tarian, kayata tari Gandrung Dhor, Jaranan, Reog, Jaipong. Dene tim Sekar Jati Budoyo yang digawangi petang uwong tim inti yaiku mbak Erina minangka ketua tim, mbak Neeluh Hariyani, mbak Septi uga isun dhewek nampilaken rong tarian yaiku Tari Padhang Ulan lan tari Jaran Goyang. 

Masiya magih adoh teka sempurna, naming niyat hang utama yaiku milu ngeramekaken acara hang digelar kanggo mengeti dina kemerdhekaan Indonesia.

Sedurunge tim Sekar Jati Budoyo nampilaken tarian iku mau, tim iki uga aktip ubed belajar seni Jaranan kayata Jaranan Buto, Celeng lan Ganongan tepak magih ring Indonesia, naming awak dhewek uga ngupaya belajar tarian liya tepak wis ring Hongkong kayata Punjari, Gandrung lan liya-liyane.

Dina minggu tanggal limalas Agustus sore, isun ambi Mbak Septi hang aseli Gunung Kawi Malang balik nyacak maning njugedagen tari Jaran Goyang. Masiya Iyane dudu wong Banyuwangi, naming semangate bisa dadi conto hang pantes dipiloni lan dadi itungan kanggo milu ngelestarekaken budaya Banyuwangi. Mbak Septi hang asale teka keluwarga pencak silat lan jaranan mula nggarai mongkog bisa gok isun bisa megiyet bareng nyang iyane.

Pengarepanisun lan kanca-kanca liyane minangka buruh migran nyang kanca liyane, ayok tetepa miloni protokol kesehatan kaya hang wis ditetepaken ring pemerintah makene pageblug iki gelis musna.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Tirto Arum, tari jaran goyang

Editor: Antariksawan Jusuf