Eseng-Eseng Genjer

Nur Holipah (dipublikasikan pada Sabtu, 06 Agustus 2022 09:48 WIB)
- Kuliner



Bangete buru mari usum tandur, paceke akeh perujukan urip ring antarane uwite pari hang durung sampek melecuti kaya tah wewehan, apon-apon, jawen, suket grinting, gundha, semanggi lan genjer. Kanggone wong tani, perujukan suket iki mau kudu agage diwatun. Utawa, disemprot nganggo herbisida. Kadhung digeningaken, bisa nggarai parine elek. Iki ya bisa nggarai ulihe nggampung mbisukane esod. Mula dadi wong tani kudu tangar nyang hama (wereng, walang, tikus) lan gulma  hang kaya kasebut ring ndhuwur mau. 

Kaya gundha, semanggi lan genjer, wis anjerah dipuputi aju diolah jangan, embuh iku dikulub, dikukus ditutulaken sambel utawa dieseng-eseng. Kala-kala uga ana hang seja mbedholi gundha, meruti semanggi lan methiki genjer, diuntingi aju diedol ring pasaran. Taping enake kadhung rika golet dhewek (nyebur langsung nyang kedhokan, rika bisa temenan methik godhong genjer hang magih kudhup-kudhup—hang magih enom utawa kembange hang durung mekar). 

Mula umume gundha ya dikulub ditutulaken sambel ucek, kadhung semanggi cocoge ambi sambel sere. Kadhung genjer, ana hang ngolah kerawu, didadekaken musuhe rujak lonthong, utawa dieseng-eseng. Kanggone rika hang sing tau nyang sawah lan sing tau weruh antarane gundha, semanggi lan genjer, rika bisa ndileng bidhane ring gambar ngisor iki. 

Kadhung ring ngisor iki, gundha:

Ring dina iki, arep nyacak ngajak rika kabeh olah genjer dieseng-eseng. Ragine nganggo ragi sambel, seru gampange yara? Kaya rika arep olah sambel ika. Taping sing kathik ranti utawa tomat. 

Rika bisa nyepakaken: lobok cilik 3, bawang putih 2 siyung, bawang abang 4 bungkul, terasi, uyah, gula sak cukupe.

Kethoken genjere rada cendhek. Aja lali dikumbah ring banyu mili. Indelen panci aja lali diwantoni banyu sak cukupe. Ambi nganteni banyune gemulak, gerusen ragi hang wis rika cepakaken mau ring cuwek. Sing usah kari alus seru.

Genjer hang wis rijig mau diwedangi/dialupi kelawan dilebokaken nyang banyu gemulak mau. Aja lali tepak gedigi, kompore agage patenana sulung. Apuwa perlu diwedangi sulung, iki makene rasa genjere sing kari letih. Kadhung wis rada kiles keneng banyu gemulak, sgage etusen nyang irig lan ambi rada diperes makene genjere temenanan atus.

Indelen wajan ring ndhuwur bengahan, wenana lenga keletik sithik. Kadhung wis panas, lebokena ragi hang wis alus mau. Ragine digerengseng sampek langune bawang dadi rada arum. Aju lebokena genjer hang wis atus. Ambi digalo makene ragine uled.

Wenana banyu sukur cacab-cacab bain kadhung rika dhemen nganggo kokoh. Sing usah kari suwi, tilikana rasane. Kadhung wis enak, kari ngentas.

Kemebul eseng-eseng genjer buru mudhun teka wajan bisa rika musuhaken ambi sega kanggo sarapan.

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Dokumen Pribadi

Editor: Hani Z. Noor