Fatya Dika Ayu Fitri, Kepingin Seru Dadi Gandrung

Eko Budi Setianto (dipublikasikan pada Rabu, 23 Juni 2021 12:04 WIB)
- Laporan



Sakat jamane Mbah Semi (Gandrung wadon hang kawitan) bengen, bisa diarani kadhung lakon penguripane wong dadi Gandrung iku kaya-kaya hing ana enake. Malah diadohi ambi warga masyarakat, merga keseniyan hang dilakoni iku akeh hang ngarani dadi ‘babone’ kemaksiyatan. Diarani tukang ngerusak umah-umahe uwong merga akeh hang dhemen kawin-pegatan, wis dadi sega-jangan lelakon uripe. Paran maning dhung wis tanggapan, mesthi akeh omben-ombenan lan wong mabuk-mabukan.

Mulane, sedurunge jaman padhang kaya saiki iki, Gandrung lan keseniyane sasate mung bisa urip nong ‘pinggiran’. Lan cerita ngenani lelakone Gandrung hang surem kaya iku, uga wis nggadug nang kupinge lalare enom saiki iki. Hing sithik lalare nom-noman saiki, hususe para penari, hang wis mulai ‘melek Gandrung’.

Kesenian Gandrung hang mulai ‘meromong’ maning sakat ‘Gandrung Sewu” dikeber tahun 2011 kepungkur, wangune, ngawiti ngeresep nang pikirane lalare nom-noman. Lalare wis mulai akeh hang paham paran iku kesenian, hususe kesenian Gandrung. Malah, saiki iki ana anggepan dhung para penari dianggep durung apdol dadi penari kadhung durung tau kepilih milu dadi penarine Gandrung Sewu. Byek!

Gemelare Gandrung Sewu hang wis diakoni secara nasional iku, wangune, mulai bisa ‘ngubur’ cerita surem hang tau dilakoni para Gandrung. Nyatane, saiki iki mulai ana lalare enom hang bener-bener kepincut kepingin dadi penari Gandrung Terob.

Kaya dene Gandrung Yuyun asal Bongkoran, Srono, hang lair teka Pelatihan Gandrung hang tau dianakaken ring Desa Kemiren kala jamane Bupati Samsul Hadi bengen, saiki uga mulai akeh lalare hang duwe niyat lan kekarepan milu dadi Gandrung. Byek, temenantah?

“Miturut isun, hang salah dudu keseniyane, Pak. Kabeh iku mau balik nang menungsane hang ngelakoni,” jawabe Fatya Dwika Ayu Fitri, kala ditakoni ngenani sejarah Gandrung Terop hang iyane weruhi.

Ditemoni nang Pelatihan Gandrung hang dianakaken ring Kantor Kecamatan Wongsorejo, Fatya ngaku mula kepingin seru bisa dadi Gandrung kaya dene Gandrung Temu', Gandrung Poniti, Gandrung Dartik utawa Gandrung Sunasih.

Pelatihan Gandrung hang dipiloni Fatya lan puluhan lalare penari iku diwuruki langsung ambi para penari asli Gandrung Terob, yaiku; Gandrung Temu', Gandrung Sunasih lan Gandrung Dartik.

“Sira hing wedi dadi Gandrung?”

“InsyaAllah using. Isun mula duwe kerenteg nang ati kudu bisa dadi Gandrung kaya Mak Temu’. Mula, paran salahe seh wong dadi Gandrung?” abane jebeng pendhalungan Medura–Jawa hang magih sekolah nong SMK Negeri Wongsorejo kelas 2 iku balik takon.

Miturut pikirane Fatya, kesenian Gandrung hang sing bisa dipisahaken ambi sejarahe Banyuwangi iku kudu tetep dijaga supaya lestari. Anggepan hang hing hing ngenani lakon penguripane Gandrung, jare Fatya, kabeh iku mbalik nang hang ngelakoni.

“Diarani tukang selingkuh, apa mung Gandrung thok hang dhemen selingkuh?. Ngenani uwong mabuk-mabukan, apa mung nang terobe kesenian Gandrung thok ana uwong mabuk-mabukan? Rasane ati iki kaya hing terima kadhung mung kesenian Gandrung thok hang dicap elek kaya iku. Mangkane, ati iki duwe tekad kepingin seru dadi Gandrung, makene Isun bisa milu nguri-uri lan nyingkrihaken barang-barang hang hing bener kaya anggepane uwong-uwong iku. Muga Allah!,” abane. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : wawancara

Editor: Antariksawan Jusuf