Fitri Carlina Milu Manggung ring Konser Musik Amerika

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 05 Februari 2021 06:37 WIB)
- Laporan



Penyanyi dangdut kelairan Banyuwangi Fitri Carlina milu pentas ngeramekaken acara konser amal sedurunge hajatan Super Bowl Amerika (NFL).
Iwuh hang diarani Konser Amal Ladies Heart Football Super Bowl Week Hybrid iku arep ditayang live streaming dina Jemuah 5 Pebruari iki jam 19.00 WIB. Dene Super Bowl dhewek hang taun iki digelar tanggal 7 Pebruari, minangka acara olahraga paling populer nong Amerika, bisa dideleng sampek 100 juta penonton ring tipi. Hing maido iklan ring tipine paling larang, yaiku kira-kira 81 milyar rupiah sak suwene mung 30 detik.
Teka Indonesia hang milu ngeramekaken acara konser amal iku sak liyane Fitri Carlina (126K youtube subs) ana siji maning artis Indonesia hang akeh nyanyekaken lagune wong liya (cover version) yaiku Dewi Muninggar (14.1K youtube subs), hang suwarane jare emeh padha ambi penyanyi Amerika Beyonce.
Setemene lare loro iki sedurunge wis arep diejak kerjasama ambi perusahaan musik hang ana ring New York Amerika hang aran WEPOC Global hang dipimpin penyanyi lan pengarang lagu Jimmy Cozier. Aju WEPOC Global, hang wis ngelayani penyanyi kawentar kayata Alicia keys, Travis Scott, Wyclef Jean, Shaggy, iki nduwe gawe bareng ring konser amal iku. WEPOC Global ring iwuh konser Ladies Heart Football iki nggawa penyanyi kesuwur sak donya kayata  Stacy Barthe (penyanyi lan pencipta lagu kanggo Beyoncé, Rihanna, Miley Cyrus, Katy Perry lan liyane), Jimmy Cozier dhewek, ESKOH, CeCe Bersch, DJ Chocolate, DJ Kimmy, DJ Coro, Myrna Kamara lan liya-liyane. Dadi penyanyi Indonesia keloron iki diejak pisan. Ring pers rilise, Jimmy ngomong gok iyane ndeleng talenta penyanyi Indonesia perlu dikenalaken ring industri musik internasional.
Jare adhike penyanyi Nini Carlina iki nang belambangan.com: "Isun arep nggawakaken lagu dwi bahasa Indonesia-Jawa Wingi Odading Saiki Semongko." Lagu anyar karangan Aldi Wahyudi iku buru bain tanggal 18 Januari sore dietokaken lan bisa dideleng ring kene: https://youtu.be/VpOupibyRyM. Aldi iki setemene penggemare Fitri hang ngarang lagu iku husus kanggo Fitri.
"Hang nomer loro, Fitri duet ambi penyanyi Amerika hang aran Eskoh, nggawakaken lagu ciptaan Jimmy Cozier hang nduweni judhul Only Option."
Kanggo konser amal iku, Fitri ngerekam tampilan nyanyine ring studio musik NagaSwara Jakarta.
"Kadhung kepingin weruh tampilane kabeh, tuku bain tikete ring tiketapasaja.com," jare Fitri hang kerep ngenalaken ungkapan viral "Tarik sis, semongko" tepak rapat zoom ambi panitia hang teka Amerika. "Wong-wong Amerika dhemen ambi ucapan viral iku."
Ladies Heart Football dianakaken sakat taun 2015 setemene digelar kanggo wong-wong wadon ring Amerika hang teka ndeleng Super Bowl. Dadi konser iku ngerayakaken wong-wong wadon fans Football, hususe wong-wong wadon hang wis nggawe suksese atlit tembung Amerika NFL.
Iwuh virtual live event-e dhewek dianakaken ring umah gedhi hang wis dibagi dadi pirangane panggonan hang didesain dhewek-dhewek.
Tepak nggandhang nggawa rong lagu iku Fitri nganggo kelambi sarwa werna putih lan sarwa abang. Kaya pendhera Indonesia.  Mula diseja tah kanggo nduduhaken gok iyane teka Indonesia? "Using, ketepakan bain," jare Fitri nutup wawancarane.

 


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor