Fitri Karlina Mbukak Warung Pakde Panjang Jiwo ring Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 13 November 2021 09:32 WIB)
- Laporan



Kadhung ring dhaerah kutha Banyuwangi kepingin kumpul-kumpul lebih teka wong seket, nong endi enake? Hing gampang golet panggonan semono gedhene, mesthi kudu minggir sulung, jare Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi M.Y. Bramuda hang nekani pembukaan Warung Pakde Panjang Jiwo duwene artis aseli Banyuwangi Fitri Karlina. Dadi tepak Fitri mbukak cabang Warung Pakde Panjang Jiwo ring Jalan MH Thamrin, kulone Gentengan, keitung seru cocoge. Paran maning umpama lemah ring sandhinge bisa dibukak lan diedegaken kios-kios hang bisa nampung asil produk UMKM, seru setele, dadi bisa nampung rombongan hang nganggo bis. 
   Warunge Fitri hang ana ring Banyuwangi iki minangka cabange warung hang ana ring area parek akses tol Cikeas, parek Jakarta. Iyane ngedegaken bareng ambi keluwargane pak Aminoto hang duwe Grand Harvest hang ana ring Tamansari Licin. Sore tepak pembukaan warunge diwakili anake.
   Apuwa arane Pakde Panjang Jiwo? Bapake Fitri hang wis umur 80 taun, pak Tasrun nerangaken kelawan gaya dhagelan gok Pakde iku minangka celukane iyane sakat teka putu, anak, lan dulur liyane. Aran Panjang
Jiwo minangka donga sapa bain hang mangan ring kono didongakaken muga-muga dawa umure lan nduwe manpaat kanggo wong liyan.
Panggonane apik, ring mburitane hang ana ring antarane wit-wit kayu jati, dibangun meja lan kursi hang digawe teka ris. Ana genjot hang bisa dienggo pentas. Ring antarane mejane uga dieris lan sore sekaliyan dadi catwalk kanggone modhel-modhel Banyuwangi mameraken kelambi-kelambi koleksine Dugong lan Almira Collection.
    Ana uga werna kuning lan ijo hang katon mencorong kadhung dideleng teka kadohan. Jare Pakde, kuning minangka simbol kemakmuran lan kebahagiaan, dene ijo minangka simbol kesuburan. Warunge uga nduwe tagline Makmure hang dadi singkatan teka Makanan Murah lan Enak.
"Fitri iki wis ngamen sampek teka Amerika, endane hing nggawe nong tanah kelairane dhewek?" Gedigu jare Pakde nganggo basa Indonesia.
   Fitri, adhike penyanyi Nini Karlina iki, kapanane tau tampil nong Amerika sak panggung ambi grup Korea BTS. Sore iku iyane ngibur para dhayoh nggawakaken lagu hang dinyanyekaken ring Amerika kana "ABG tua" lan sak lagu "Until Jannah" kanggo lakine, Hendra Sumendap hang disebut Fitri minangka ya  managere, soundman, bagiyan dokumentasi, tukang unjal-unjal (potter), lan baby sittere pisan. Ring acara iku, Pakde, Fitri, lakine padha nganggo kelambi hang dirancang desainer Isyam Samsi hang duwe butik Isyam Samsi Batik lan tukuke ana ring Hotel Ketapang Indah.
   Ring pembukaane iku, Pakde lan Fitri uga ngelungaken amplop kanggo lalare atim hang disebut pewarane minangka "marketing langit".
   Kaya warunge hang kepisan ring Cikeas kana, Warung Pakde hang ring Banyuwangi uga nyuguhaken panganan tradhisional kayata rawon, pecel, geseng menthok, pitik, ayam geprek sambel ijo lan lonthong kikil.


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor