Ganda Arume Batik Melikha
Andi Sep Kurniawan (dipublikasikan pada Rabu, 30 September 2020 08:00 WIB)
- Laporan
Sapa hang sing weruh batik iku paran? Kebacut kadhung ana hang sing weruh, mergane batik wis dadi warisan budaya Indonesia hang wis kesuwur sampek ning internasional. Batik sing mung digoleti ambi uwong Indonesia bain, turis teka mancanegara uga dhemen dienggo ulih-ulih.
Aju Banyuwangi nguripaken batik wis sakat kapanane, sampek uwong-uwong hang memengan ring Banyuwangi mesthi hang digoleti batike. Mula rame pasare batik saiki, akeh hang dhemen, akeh hang nggoleti mulane akeh pisan uwong-uwong hang produksi lan adol batik Banyuwangi.
Salah siji batik hang ana yaiku Batik Melikha hang ana ring Desa Pondoknongko Kecamatan Kabat. Batik Melikha manggon ring Dusun Krajan RT 02 Rw 05 iku wis mangkati usahane sakat taun 2020. Alasane mbukak usaha ya padha bain ambi wong adol batik liyane yaiku nulih perkembangan batik hang saya akeh peminate embuh iku tuwek utawa lare enom. Hang sing kalah pentinge, kadhung adol batik uga nggawa tujuan dienggo nguri-uri warisan budaya.
Hepi lare enom hang milu andil milu usaha ring batik Melikha iki, iyane ngomong, "Kadhung kelebihane batik Melikha yaiku enak adhem nong awak, hing panas, wernane kuwat sing gampang luntur lan lasem. Motif batike uga ana pirang-pirange macem hang ditata apik. Jenis batike ana batik cap, batik smok, batik semi tulis, batik tulis. Kaine ana hang teka katun, semi sutera lan sutera. Sing mung adol kainan, batik Melikha uga adol dompet batik lan udheng Banyuwangi."
Ganda arume batik Banyuwangi mula wis akeh hang ngasir-asir. Mulane batik Melikha nguber target pasar sing mung adol ring umah produksi bain, taping batik Melikha uga nguber pasaran online kayata Whatsapp, facebook, instagram, marketplace facebook lan shopee. Anane manpaataken media teknologi gedigu makene pelanggan utawa uwong hang kepingin batik sing kudu teka ring tukuke. "Saiki wis hing jaman kudu mara merene, teknologi kurang canggih kelendi. Mulane dimanpaataken makene pelanggan lan uwong hang arep tuku hing nemu sara. Kari milih lan ngeludek jenis batike paran, kirim pesenan. Sakmarine iku transfer pembayaran dienggo bukti kesepakatane antara Melikha ambi hang tuku. Kadhung barange nepaki ana langsung dikirim, taping kadhung nepaki hing ana ya request sulung ya mung sedhilut ngenteni telu sampek petang dina pemrosesan. Regane ya hing larang, mung mangkat teka rega satusewu wis uleh batik melikha," ucape lare lulusan perawat jember iku.
Arane nggawe batik mesthi digawe teka tangane menungsa. Mulane asile apik-apik. Mayo wis disokong produksi lan usahane uwong-uwong lokal. Aja lali nggawe pesenan rika, embuh liwat online utawa njujug langsung ring panggonane, sukake wis.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








