Gandrung Kawitan ring Tarakan Kalimantan
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Kamis, 11 Maret 2021 06:07 WIB)
- Laporan
Nong endi bain ana wong Banyuwangi ngumbara, gandrung mula dadi angenan uga dadi tengere kadhung ana wong Banyuwangi ring kono.
Ring Tarakan, Kalimantan, tepak ring iwuh sunatan anake mbok Ayu Nila Santi lan kang Dwicky Lana Bekti, warga Ikawangi Tarakan asal Rogojampi, dina Sabtu 27 Pebruari kepungkur gandrung ditampilaken ring acara hajatan, iki dadi hang kawitan ring Tarakan. Dadi tamba kangen nyang budaya tanah kelairan kanggone wong Banyuwangi hang ana ring kana. Kabeh padha girang bisa ndeleng gandrung noring tanah boroan.
Rong minggu sedurunge mentas, Rinto Ariandi salah siji pegiyat seni ring Ikawangi Tarakan madhep nyang kang Agus Holik Siswanto, M.Pd minangka sekretaris Ikawangi Tarakan, nyampekaken kekarepane mentasaken gandrung hang wis pirangane ulan iki latihan ring iwuh sunatan anake kang Dwicky hang uga pengurus Ikawangi Tarakan Bidang Seni dan Budaya. Kekarepan iki aju disampekaken nyang kang H. Saimin, S.Ag., M.M minangka ketua Ikawangi Tarakan njaluk persetujuan.
Sakuwise ulih idin teka ketua, latihan dikawiti. Para penari yaiku Mbok Cici rabine kang Rinto hang mula penyanyi, Mbok Erlina Subekti rabine kang Agus Holik, lan Mbok Eny.
Kelawan mampaataken teknologi, saiki tutorial seni gandrung bisa diundhuh ring format digital. Naming latihan tetep didhampingi pelatih lan uga panjak yaiku kang Pardi.
Rong minggu suwene, latihan wis cukup mateng, naming kerana kostum gandrung sing jangkep, sekretaris Ikawangi mutusaken wurung tampil.
"Isun sing kepingin seni tari gandrung ditampilaken sak kenenge bain saingga malah nggawe eleke Gandrung iku dhewek. Marwahe gandrung kudu dijaga tetep ana ring panggonane. Engko mesthi ana wektu hang tepak bisa nampilaken gandrung iki," gedigu ujare kang Agus Holik.
Naming hang duwe hajat, kang Dwicky hang uga pengurus bidang seni dan budaya Ikawangi nggolet solusi makene ana gandrung ring iwuh sunatane anake.
Kang Dwicky aju ngubungi pengurus Ikawangi Bulungan, njaluk bantuan nekakaken penari lengkap ambi properti pentas gandrunge.
Pungkasane gandrung ditampilaken nyang Novi ring iwuh sunatan iku. Novi hang binaane mbah Bibit Tanjung Palas teka kabupaten Bulungan Kaltara.
Kabeh girang, acara hajatan seru rumange. Kang Dwicky hang tukang keplak kendhang uga mbok Ayu hang sindhen nduwe akeh kanca hang padha nekani teka Berau lan Bulungan.
Ana pisan cak Marsudi hang nduwe grup musik Marsudi Laras nambah rumange hajatan. Gendhing kendhang kempul hang digandhangaken ring Eva hang bapake asli Curahjati, Purwoharjo Banyuwangi kerasa enak, uga nyawijine antarane grup musike cak Marsudi lan para panjak.
Sakliyane iku ditampilaken pisan Reog Ponorogo teka paguyuban warga Jawa Pakuwaja.
Iki magih kawitan, ring dina ngarep muga bisa saya apik ulihe ngelestarekaken seni budaya tanah leluhur ring tanah kumbara.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






