Gandrung Magih Dadi Sembrani Objek Lukisan Kanggo Perupa Banyuwangi

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Rabu, 11 Maret 2020 11:14 WIB)
- Laporan



Gandrung kanggone pelukis Banyuwangi, minangka obyek lukisan hang sing entek-entek dipecungulaken ring kanvas. Buktine teka ring acara ngelukis bareng anggota Forum Perupa Banyuwangi, mbaleni nggarap obyek Gandrung hang dilukis bareng. Kawitane acara iki ngelukis anak turune Gandrung wadon kawitan, Mbah Semi teka Cungking. Aju Barong, Perawan Sunthi lan minggu kepungkur, (8/3/2020) Gandrung Terob hang dadi obyek lukisan.

"Setemene masa liwat rencana hang njelimet, idhene kanca-kanca ya mili bain. Mari ngelukis anak turune Gandrung kawitan Mbah Semi, kanca-kanca mulai nemokaken aura gandrung masiya mung sithik. Mari  iku tepak ngelukis Perawan Sunthi modhele Prapti, lare-lare aju kepingin Prapti hang saben dinane Gandrung Terob iku  minggu ngarepe nganggo penganggo Gandrung. Temakaken cocok lan kanca-kanca pelukis padha dhemen," gedigu ceritane Yono, salah siji panitia Ngelukis Bareng ring Galeri Kawitan iki.

Kegiatan hang wis melaku sak ulan, angger dina Minggu iki mesthi ana hang ancar. Kabeh mau dikuwati dhewek ambi pelukis hang ngelumpuk ring Forum Perupa Banyuwangi (FPB), mulai teka nemtokaken modhel hang dilukis lan nguweni honore. "Pelukis padha murub tekade, serta mari ngelukis modhel aju ana hang ngoleksi karyane. Mangkane mengarepe, Isun kepingin ana kegiyatan megawe bareng ambi uwong-uwong ring njabane pelukis. Iyane bisa ngubungaken lan ngurusi ring njaban paran hang sing bisa diurusi pelukis, kaya selabar, ngundang kolektor lan liya-liyane. Iki magih golet, taping durung ketemu," jare El Yassin, Ketua FPB nyang belambangan.com 

Kerepe ngangkat Gandrung hang dadi obyek, jare Sugiono hang uga pematung iku, ya merga akeh hang perlu dimecungulaken nyang njaban, paran bain hang ana ring njerone gandrung. Mangkane ana bain kadhung gandrung iku didadekaken obyek lukisan, paran maning hang ngelukis uga wong Banyuwangi hang sakat cilik wis weruh kesenian Gandrung lan kelendi uripe. "Kadhung wis nyambung, kaya ana setrume nyang obyek mau. Tangan iki melakune kaya entheng, masiya mandeng obyek mung sak kelerepan bain," ujare Giono hang uga milu repot nemtokaken obyek hang arep dilukis bareng iku.

Omongan hang padha, uga teka S Yadi K, sang maestro hang dadi panutan pelukis enom-enom ring Bayuwangi. Wayah ngelukis bareng, Kang Yadi katon seru semangate sampek sing dirasa keringete deredesan. "Akeh hang ndadekaken Isun dadi semangat iki, salah sijine ya merga lare-lare enom iki mau katon guyub ngelukis bareng. Iki dadi tenaga kanggone Isun, bisa Sun kutahaken ring ndhuwure kanvas. Kadhung wis nyang ngarepe kanvas, sing kerasa tangan iki umet dhewek ambi terus nyawang obyek hang dilukis. Alhamdulillah Isun magih kuwat, bisa ngimbangi tenagane pelukis-pelukis enom liyane," gedigu ujare hang duwe Umah Seni S Yadi K, Jl. Kuntulan 135 Banyuwangi iki.

Acara ngelukis bareng iki, dadi jujugan wisata kutha Banyuwangi. Sakliyane nekakaken pengunjung utawa wisatawan, uga ana Youtuber lan Fotografer hang ajeg nekani lan milu niteni kegiyatan iku. Kaya hang diomongaken ring Fotografer Taufik Shaleh utawa akrab diceluk Pak Cik. Mula pilihan obyek kanca-kanca pelukis sing keliru. Wujud rupane wong Banyuwangi aseli, kaya bisa diwakili ambi Prapti, Gandrung Terob teka Olihsari, Kecamatan Glagah.

"Kadhung dideleng peraupane, bacot mbangir, belung pipine munggah, pucuk matane suthup, janggut lincip, wis makili kaya wong Using utawa Banyuwangi aseli. Mung dedege kurang dhuwur kaya wong Macan Putih, ambi kulitane kurang kuning. Rahange sing pati kothak, jare istilah fotografi hang gedigu iku diarani  photogenically. Dideleng lan dijuwut posene teka endi bain sak polahe, magih enak disawang. Apike maning, sing nyebar nyang napsu kanggone hang nyawang," gedigu njelentrehe Pak Cik hang wis akeh motrek macem-macem potensine Banyuwangi.

Kanca-kanca FPB terus nguripi kegiyatan ngelukis bareng, masiya durung ana tanggapan teka instansi pemerintah ring Banyuwangi. Wis sak ulan melaku ajeg angger dina Minggu, hang teka ya macem-macem, kelebu para perupa, hang milu ya terus ganti-ganti. Malah kerep uga lare-lare pelajar hang duwe bakat ngelukis, uga milu bareng ngelukis ambi pelukis senior. "Sak kuwate Kang, acara iki terus dianakaken. Embuh kelendi carane terus melaku, lan uga ana mampaate kanggo Banyuwangi, utamane kanggo merujuk mekare seni lukis ring tanah Jawa pucuk wetan iki," gedigu pungkase El Yasin.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Foto Pak Cik

Editor: Hani Z. Noor