Gandrung Nggawe Kaju ring Hongkong
Tirto Arum (dipublikasikan pada Rabu, 02 Juni 2021 08:19 WIB)
- Laporan
Egolan lan lembeyane penari gandrung mula hing marek-marek nggawe kaju wong hang ndeleng, hing mung nong tanah kelairane Banyuwangi lan sak negara Indonesia, naming wis nembus wates-wates negara kayata ring Hongkong.
Masiya ring tengahe mangsa pageblug hang durung uncal teka donya hing ngurangi tekade tim penari gandrung Larosa Arum kanggo nggoyang penonton ring panase dina hang rada kemelethak.
Kahanan setemene, hang aran pageblug wis rada diatasi kelawan vaksinasi hang wis kepindho, mulane tim iki hing kira-kira anggone tampil, sekaligus nampilaken ana wolung penari, kelebu penulis.
Tim Larosa Arum kudu tampil apik sakmareke diuncali sampur undangan teka ring grup Pangestu Krido Budaya hang dipimpin Bagas. Seru nggawe mongkog bisa nampilaken tari Jejer Gandrung. Kelawan nganggo kelambi werna ungu terong lan kapuranta, sampur putih oranye rasane tampilan tarine tambah kemeromong.
Gendhing hang ngiringi jangkah lan goyangan kerungu seru endahe nambahi semangat kanggo ngelungaken kemampuan hang paling apik kanggo Indonesia.
Teka grup liya ana Tresno Wiro Budaya, Sriwijoyo uga milu tampil nggawakaken tarian kayata tari Jaranan, Leak, Ganongan, Barong lan liya-liyane. Dene tuan rumah, nggawakaken tari Jathilan, Jaran Kepang ciri has Ponorogo.
Dina Minggu tanggal 30 Mei sore minangka dina pungkasan pemerintah Hongkong netepaken aturan anyar kanggo tes swab gelombang kepindho. Setemene reaksi vaksin hang kepindho saya seru timbang hang kepisan, ndadedakaken rasa panik lan wedi ring antarane buruh migran. Merga ana kabar gok ana migran teka Pilipina hang kondhisine pisike sesehan seru marek keneng vaksin hang kepindho.
Mula marek keneng vaksin hang kepindho reaksi saben-saben uwong hing padha. Ana hang muneg-muneg, ngelu endhas, lempe, panas seru lan liya-liyane. Penulis dhewek lan kabeh anggota tim Larosa Arum wis disuntik vaksin Biotech lan magih nganggo tes swab. Hang hun rasakaken ya padha dehidrasi, lempe lan ngelu endhas. Paran maning cuaca rada garing lan panas.
Ring Lapangan suket Victoria uga kerasa gedigu taping hing ngurangi semangate tim kanggo munggah genjot.
Sedurunge lan sakuwise divaksin, kene ya diwarahi kongkon akeh ngombe lan ngaso hang cukup. Ditambah diakehi ndonga muga-muga diadohaken ring belahi kaya hang dialami wong Pilipina. Wedi lan kuwatir tetep ana, paran maning kene iki adoh nyang keluwarga. Mung kene iku bisa ngarep-arep kadhung ati girang, imun awak saya dhuwur lan bisa njaga awak hing ketularan ring penyakit. Kene iki mung bisa pasrah lan ngarep-arep muga-muga pageblug gancang uncal. Mung nyang Pengeran Hang Nduweni donya lan sak isine iki awak-awak njaluk perlindungan.
Cheung Sha wan, 1-6-2021
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Tirto Arum
Editor: Hani Z. Noor





