Ganjelan Tepak Nyunting Naskah Basa Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 28 April 2023 08:49 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Salah siji proses  tepak nerbitaken naskah kanggo buku, artikel lan paran bain hang ditulis yaiku nyunting (ngedhit). Paran maning naskah basa Using. Merga basa Using tulis iki buru bain ditamtoaken pelanggerane. Pedhoman nulise buru metu taun 2006. Lalare sinau nulis nganggo basa Using yaiku lalare hang melebu SD sakuwise taun 2000an. Dadi hang lulus SD sedurunge taun taun 2000-an iku durung tau sinau formal nulis basa Using baku. Aleya golongan iki kayane paling akeh. Serta dikenalaken carane, ana pedhomane, padha hing terima. Karepe nulis nganggo carane dhewek. Kadhung ditakoni, milu aturan hang endi carane? Jawabe mesthi “pokoke…” Kelendi carane wong nulis hang bener kadhung hing nganggo aturan?

Aju ganjelan paran bain hang diadhepi penyunting naskah basa Using. Tugase penyunting yaiku kelendi carane ndadekaken naskah hang teka pirangane wong hang jerune ilmune beda-beda dadi tulisan hang enak diwaca, miloni pelanggeran hang ana lan asile hing nyeliwah teka karepe penulise.

Nyunting naskah basa Using ganjelane tambah akeh merga setemene saben-saben basa iku nduwe cara ekspresi dhewek-dhewek. Kadhangane kudu nggolet ungkapan hang has ring basa Using. Umpamane: Basa Indonesia nduwe salam Selamat pagi, Selamat ulang tahun, Apa Kabar,  Selamat Datang. Basa Using hing nduwe ungkapan-ungkapan hang kaya gedigu. Apa kabar kudune nganggo Bagaimana kabarmu (kelendi kabare dudu paran kabare).

Ring ngisor iki ganjelan-ganjelan mau antarane:

1. Hang paling dhasar: tandha wacan hang padha setemene padha ambi basa Indonesia. Magih ana bain hang durung bisa mbedakaken cara nulis nganggo aksara gedhi tah cilik. Aran wong, ngawiti saben kalimat, aran kutha, aran Negara, aran wong hang kudune nganggo aksara gedhi ditulis cilik.

Hang uga kerep ditemoni yaiku tandha wacan hang mesthine kudu gandheng, dipisah. Conto: Kelendi kabare ? Tandha takon iku minangka tandha wacan, mesthine ditulis gandheng: Kelendi kabare? Lan hing nganggo titik maning nong mburine merga wis ana tandha takon.

2. Awalan /di-/ ring basa Using iku awalan. Hing ulih dipisah kaya ring basa Indonesia merga ring Basa Indonesia, sakliyane awalan, /di/ uga bisa artine keterangan panggonan. Keterangan panggonan ring basa Using iku mung: ring, nang, ning, nong.

3. Hubungan kekerabatan, nyeluk bapak, emak, kakang, kakik, embah, paman, jebeng, thulik, adhik, bibik, uwak lan liyane mula bisa ditulis nganggo aksara cilik kadhung hing dienggo nyapa. Umpamane: Adhike bapak lan emak diarani paman utawa bibik. Taping kadhung dienggo nong ngarepe arane wong lan njurus nang wong nganggo aksara gedhi. Umpamane: Man Tapah ambi Bik Asiyah arep nang umahe Embah Jakpar.

4. Keterangan milik. Nong basa Using, ana cara hang hing ditemoni ring basa Indonesia yaiku kadhung nyebut aran barang ditambahi /n/ ring tengahe lan nulise hing ulih dipisah. Umpamane: bukunisun, sapinkula, paculira. Taping hing ana: bukune sira, sapine kula, pacule ira.

5. Basa Using nduwe awalan hang nduduhaken kata kerja aktip yaiku /m-, n-, ny-, ng-/. Dadi kadhung kata kerja aktipe hing nganggo awalan iku, ana hang kurang,

Conto: Isun duwe buku. Iki padha ambi: Isun ombe susu. Utawa: Isun gawe layangan.

Mesthine: Isun nduwe buku. Isun ngombe susu. Isun nggawe layangan.

6. Aksara ring basa Using kurang akeh. Basa Using hing duwe: f, q, v, x, z lan gabungan konsonan kh lan sy.

Kelendi nulis fonem, Quran, video, pasif, zat, aqua, masyarakat, isya, khas, khotbah?

7. Taping basa Using nduwe aksara /dh/ hang beda ambi /d/ lan /th/ hang beda ambi /t/.

Paran bedane /adang/ ambi /adhang.

Paran bedane /titik/ ambi /thithik/.

8. Kabeh uni ditulis ring basa Using. Dadi dudu /stasiun/ taping /setasiyun/, dudu /studio/ taping /setudhiyo/.

Ring ndhuwur iku buru ganjelan hang ana hubungane ambi tandha wacan. Hang tambah nggawe ngelu maning basa Using hang wis kecathet ring kamuse nduwe 24.000 ucap, dene basa Jawa 56.000, basa Indonesia nduwe 120.000. Kelendi bisa nututi? Hing maido penyunting (paran basa Usinge penyunting?) nemoni akeh pengaruh basa Indonesia. Umpamane konstruksi: ke- -an, pe- -an. Paran basa Usinge kesuksesan, penggunaan.

Kelendi nyunting kalimat: Ana kunjungan limang wong selaku perwakilan pedagang nang bupati.?

Kelendi kadhung gedigi: Ana limang wong minangka wakile wong dagang sanja nang bupati.  

Ucap kunjungan (ana basa Usinge sanja),  selaku (minangka), perwakilan (wakile), pedagang (wong dagang).

Magih akeh wong hang nulis A (basa Indonesia) ale wis ana B (basa Using)

A                          B

Tongkat               teken

Pemusik               panjak

Ngajar                 mulang

Terutama            utamane

Sekitare              sakubengane

Ngeraih               ulih

Memang              mula

Pernah                tau

Sering                 kerep

Cuba                   cacak

Almarhum           ruwahe

Nyesel                 getun

Kesurupan          kejimen

Ote-ote               dhogolan

Buyar                  bubar

 

Hang keseron iku /cuba/ lan /pernah/ merga iku hang digawe dijuwut artine teka basa Indonesia. Sawetara ring basa Using ana artine dhewek: /cuba/ iku jerangkong lan /pernah/ iku kerasan.

Kelendi? Wis milu ngelu tah?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf