Gapura Blambangan: Kepingin Duwe Koperasi UMKM Banyuwangi (2-Entek)

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Rabu, 25 Maret 2020 09:20 WIB)
- Laporan



Sak temene, kanca-kanca Banyuwangi hang urip ring Surabaya lan Sidoarjo sak liyane karyawan lan TNI/Polri, uga akeh hang duwe usaha. Iki kadhung disambungaken ambi Usaha Mikro Kecil Menengah (UMKM) Banyuwangi, bisa dadi jaringan gedhe hang ngasilaken kanggo kelorone. Koperasi hang dikarepaken engko, sing terima ngelayani simpan pinjam anggota. Naming bener-bener bisa ngasilaken, kanggo anggota pribadi lan bisa nguripi organisasi.

"Kadhung potensine, aja takon rika, merga kanca-kanca iku akeh-akehe duwe usaha. Maning saiki akeh manggon ring panggonan strategis, kaya parek Bandara Juanda. Kadhung ana unit Usaha arupa Koperasi, majang asil UMKM ring Banyuwangi, mesti bisa payu. Utawa dadi agen tiket travel Surabaya-Banyuwangi, iku kaya sing pedhot-pedhot asile", gedigu ujare Hari hang tau megawe ring PT. Siantar Top iki.

Saiki Gapura Blambangan magih ngurus lan nyiapaken persyaratan Koperasi Usaha mau, sakat teka Akte lan ijin resmi hang kedaptar ring Kator Koperasi.  Panggonan usaha mau, saiki uga mulai digambar ring endi cocoke. Gapura Blambangan sing gelem kesusu, mangkane rada suwi ambi miloni tatacara hang ditetepakaken pemerintah.

"Koperasi hang dikarepaken kanca-kanca, sing terima kanggo simpan pinjam. Naming lebih teka iku bisa ngasilaken teka anggota-anggota. Kebeneran kakang sun duwe usaha panganan, uga duwe kenalan akeh kanca-kanca ring Banyuwangi hang duwe usaha. Iki mau potensi hang bisa dikembangkan liwat Koperasi", tambah Hari hang diiyani ambi Zaenul.

Sampek saiki GAPURA BLAMBANGAN tetep nganakaken acara arisan, kanggo ngeraketaken anggota. Naming sing sak ulan sepisan, bisa telung ulan sepisan utawa sak kobere. Gapura Blambangan nguweni kelonggaran nyang anggotane, merga sak liyane teka Sidoarjo lan Surabaya, akeh uga anggota teka Madura, Bangil, Pasuruan lan Gresik.

"Kadhung ana anggota hang duwe rejeki lebih, biyasahe langsung dianakaken kegiatan menyang bareng (Gathering) nyang Malang lan Prigen. Malah sak liyane anggota hang wis gabung, uga ngajak adhik-adhik mahasiswa pisan. Teka kegiyatan Gathering, akeh program-program hang bisa diwedar lan diomongaken, sak liyane bisa nyenengaken keluwargane anggota", digu keterangane Hari hang uga duwe usaha mbangun rangka umah teka Galvalum.

Mohammad Khoiroji, Ketua Gapura Blambangan saiki, ngaku magih nerusaken kegiyatan hang wis digaris ambi sesepuh-sesepuh Gapura Blambangan. Kegiyatan Gebyar Seni Banyuwangi (GSB) terus tambah gedhe, malah Penasehat Gapura Blambangan kaya Pak Fauzi magih terus duwe wigati gedhe nyang organisasi iki.

"Merga hubungan apik ambi jajaran anggota lan pembina, angger ana kegiyatan anyar akeh-akehe langsung didukung lan dibantu paran bain hang dibutuhaken. Koperasi pancen dadi target hang mendesak arep diedegaken, kari nggoletaken waktu hang pas kanggo ngumpul lan golet dukungan ambi senior-senior ring bidange", digu ucape Roji hang asli teka Kecamatan Cluring iki.

Masiya Gapura Blambangan minangka Paguyuban wong Banyuwangi hang paling sulung ana, naming tetep nduwe hubungan lan silaturahim ambi paguyuban wong Banyuwangi liyane, sing ketinggalan uga adhik-adhik Mahasiswa hang sak durunge duwe organisasi dhewek angger Kampus, saiki mulai gelem gabung sak organisasi KPMB Surabaya.

"Malah kanggo kegiyatan Halal Bihalan antara Gapura Blambangan lan Ikawangi Surabaya bisa megawe bareng.Taun kepungkur Gapura hang kepangonan, acara digelar ring Pasmar Gedangan. Tahun iki giliran Ikawangi Surabaya hang dadi Panitia, rencana manggon ring Surabaya. Iki hang terus diuripaken wujud nyata silaturahim padha-padha wong Banyuwangi masiya beda organisasi", pugkase Roji. 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf