Gapura Blambangan: Wong Banyuwangi ring Surabaya, Sidoarjo(1)

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Selasa, 24 Maret 2020 09:18 WIB)
- Laporan



Temekaken sakat sak durunge taun 1990-an, wis akeh paguyuban wong teka Banyuwangi ring wilayah Surabaya lan Sidoarjo. Naminh jaman sak mono, paguyuban mau mung sewates wong Banyuwangi hang manggon ring dhaerah kono, sing ana kaitane ambi wong Banyuwangi hang manggon ring dhaerah liya masiya magih ring Sidoarjo lan Surabaya. Dulur-dulur Banyuwangi hang mula kawite akeh megawe ring Pabrik iku, seru patheng lan omes nganakaken kegiyatan ambi nggawa hiburan kesenian teka Banyuwangi.

Paguyuban wong Banyuwangi hang merujuk kaya jamur ring usum udan iku, IKABBUB (Ikatan Keluarga Perantau Banyuwangi Buduran) Sidoarjo, IKPBS (Ikatan Perantau Banyuwangi Sedati) Sidoarjo, IKABBA (Ikatan Keluarga Banyuwangi Tanggulangin) Sidoarjo, Keluarga Laros (Lare Osing), Kawasan Industri Brebek, Waru, Sidoarjo, lan BFC (Banyuwangi Fans Club) markase ana ring Sawotratap, Waru Sidoarjo, naming anggotane akeh uga hang manggon ring Surabaya. 

"Taun sakmono, kabeh Paguyuban mau duwe kegiatan dhewek-dhwek lan kerep nganakaken pentas kesenian Banyuwangi ring panggon borone. Malah kanca-kanca ngertine kadhung ana paguyuban wong Banyuwangi, serta rungu ana pentas kesenian Banyuwangi ring saben dhaerah mau. Isun dhewek tepak iku aktif ring BFC, merga kumpul kanca hang seneng nyang musik Banyuwangi", jare Husnu Faridy hang kerep diceluk Didik lan tau dadi Ketua Gapura Blambangan.

Keterangan Didik mau ditambahi ambi Hari Suryanto, Ketua Gapura Blambangan hang ngganteni Didik serta hijrah nyang Jakarta, sabeb ana pentas kesenian Banyuwangi hang dianakaken paguyuban wilayah Buduran, Sedati, Tanggulangin, akeh-akeh wong Banyuwangi padha kumpul. Iku magih durung kegiatan hang dianakaken ambi Mahasiswa asal Banyuwangi ring Surabaya. 

"Malah jaman sakmono aju nduwe pikiran, kelendi kadhung bareng-bareng nggawe acara dadi siji. Sepisan mane gebyare katon gedhe, kapindhone, silaturahim dulur-dulur Banyuwangi mane tambah raket. Malah isun ambi kanca Zaenul, Anggota Marinir sampek nggoleti adhik-adhik Mahasiswa teka Keluaga Pelajar Mahasiswa  Banyuwangi (KPMB) nyang Surabaya, sak perlu diajak bareng-bareng nggawe kegiyatan Gebyar Seni hang lebih gedhe", gedigu ujare Hari Suryanti hang tau megawe ring PT. Siantar Top.

Didik, Hari lan Zaenul nyang belambangan.com ngakoni, kadhung hang ngumpulaken dulur-dulur Banyuwangi pancen kesenian. Rata-rata wong Banyuwangi iku seneng kesenian dhaerahe, paran maning serta megawe adoh teka tanah kelairane. Sing terima seneng, temekaken akeh uga hang bisa nabuh lan njoged Banyuwangi hang pancen beda ambi dhaerah liya.

"Wayah sakmono, Isun mung nduwe alat-alat musik eletrik. Ale kadhung nggelar Kendhang Kempul, kudu ana kempul, kendhang lan keluncing. Isun aju ngubungi dulur-dulur Ponorogo ring Sawotratap, Waru hang duwe kelompok kesenian Reog. Isun milih kelompok Reog, merga madakaken laras tabuhan Banyuwangi iku meh padha ambi Reog Pororogo. Taun 1994 aju bisa kolaborasi, pentas ring Gelora Delta Sidoarjo", ujare Didik, lare Gambor, Singojuruh hang keluargane ring Banyuwangi pancen aktif ring musik Gambus lan Orkes Melayu.

Marake Gebyar Seni Banyuwang taun 1994, paguyuban wong-wong Banyuwangi saya aktif, saya tambah ndadi nguripi organisasine dhewek-dhewek. Malah kadhung taun-taun kawitan akeh dipelopori dulur-dulur hang dari Buruh Pabrik, sak mareke iku akeh teko TNI Polri hang milu gabung. "Masiya dulur-dulur angkatan teka TNI/Polri sing bisa aktif, utamane hang duwe pangkat lan jabatan, naming iyane seneng lan ndhukung seru paran bain hang arep dianakaken ambi gabungan paguyuban wong Banyuwangi mau. Kadhung sing bisa teka wayah diundang, ana hang magih ngirim utusan nekani undangan mau", gedigu ujare Hari hang manggon ring Tambak Sawah, Waru Sidoarjo.

Merga saya tambah giyat nguripi Paguyuban dhewek-dhewek, pungkasane ana kerenteg nggawe Gebyar Seni Banyuwangi (GSB) taun 1996. Acara iki tambah gedhe, manggon ring Gelora Juanda, penggerake adik-adik KPMB-Surabaya. Aleya jaman sakmono, lare-lare Mahasiswa Banyuwangi ring Surabaya padha duwe paguyuban atas nama Kampuse. Lare UNESA (Universitas Negeri Surabaya) nganggo aran Semanggi, lare Unair lan ITS uga duwe dhewek. Semono uga lare-lare Unversitas Islam Negeri Sunan Ampel (UINSA) Surabaya.

"Marek acara ring Gelora Juanda, aju dulur-dulur paguyuban duwe kerenteg kepingin nyawiji sak wadhah orbagnisasi. Wayah sakmono padha sepakat nganggo aran GAPURA (Gabungan Paguyuban Warga) BLAMBANGAN.  Taun 2001 sepakat nggawe kegiyatan GSB maning manggon ring Mapolda Jatim, merga ana pembina Gapura Blambangan anggota Polda Jatim. Marek iku kegiyatan macem-macem, sak liyane GSB ana peringatan Hari Besar Islam, Halal Bihalal, Arisan lan ngelencer Bareng (Gathering) nyang Malang lan Prigen. Malah diundang dulur Banyuwangi hang manggon ring Medura", ujare Hari Suryanto.

Serta para pembina Gapura Blambangan akeh hang munggah pangkat lan jabatan, gebyar kesenian Banyuwangi uga tambah gedhe. Malah Gapura Blambangan uga megawe bareng ambi Ikawangi Surabaya tahun 2019, gawe GSB hang ditekani ambi Wakil Gubernur Jawa Timur, Emil Dardak. "Sak durunge acara-acara Gapura Blambangan iku akeh ulih sokongan  teka Pemkab Banyuwangi, wayah jamane Bupati Samsul Hadi. Malah ngutus Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata, Asma'i Hadi nekani acara Gapura Blambangan. Iki hang nggarahi murub tekade dulur-dulur ngurupi organisasi," tambah Hari hang disauti ambi Zainul.

Kegiyatan Kesenian, Peringatan Keagamaan terus melaku. Malah manggon ring umahe Ketua Gapura Blambangan saiki, Mohammad Khoiroji buru-buru iki dianaken Muludan ambi nggawa Tradhisi Endhog-endhogan. Bener bain acara hang manggon ring Desa Semambung, Kecamatan Gedangan, Sidoarjo iku rame seru sampek nyerod kagiwatene wong Semambung sakubenge.

Ketua Gapura Blambangan, Mohammad Khoiroji, utawa akrab diceluk Roji iki uga njabat Sekretaris Gerakan Pemuda Ansor, Semambung. Pantes bain acara Muludan has Banyuwangi mau bisa megawe bareng ambi wong NU Semabung ambi sholawatan. "Terbang hang Banyuwangi, uga endhog-endhogan iki blas sing tau ana ring kene. Sing heran, acara mau tambah ngenalaken budaya lan tradhisine Banyuwangi nyang wong njaba. Mareka iku, aju akeh hang takon masalah muludan lan endhog-endhogan has Banyuwangi mau", ujare Roji hang megawe ring PT. Intergra Indocabinet iki.

(ana sambungne ring -2)

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Komunitas

Editor: Antariksawan Jusuf