Gara-Gara (Kedadeyan) KKN di Desa Penari

Moch. Anil Syidqi (dipublikasikan pada Rabu, 05 April 2023 07:20 WIB)
- Esai



Hang durung weruh cerita "KKN di Desa Penari" paling using gedigi persi ringkese. Miturut cerita hang ana ring sosial media, ana pirang-pirangane mahasiswa teka kutha Surabaya ngelakoni KKN di Desa Penari.

Persise wilayah Desa Penari iku ring endi, jarene melebu nyang tengah alase Gunung Gumitir (wates wilayah kutha Banyuwangi lan Jember) kana.

Ring desa iku bisa diarani akeh papan-panggonan tenget, angker seru utawa keramat. Kaya salah telune hang ditampilaken ring pilem, yaiku watu gedhe, pertapan lan dalan melebu desa hang magih rupa alas-alasan hang singup lan nyenyet. 

Nawi kerana iku sakat kawitan berangkat KKN para mahasiswa mau wis ana hang nduwe pirasat sing enak, aju rasane kaya kudu-kudu mbatalaken kegiyatan KKN ring kana.

Bener bain, sak dawane dina manggon lan nginep ring Desa Penari, lalare mahasiswa kerep ngalami kedadeyan medeni, malah memei nyang aneh.

Salah sewijine dina, sebut bain si A lan si B (dudu aran hang ana ring pilem) menyang njaba desa. Lare loro iku mulihe tepak wis dalu. Gadug dalanan melebu desa hang rupa alas-alasan, bengsin sepidhah udhude lalare iku weruh-weruh gemet. Gelem sing gelem ahire sepidhah udhude mau disurung.

Ring tengah-tengah nyurung sepidhah, hang sak durunge kiwa-tengene dalan mau peteng dhedhet, mara-mara ana kerameyan, katon rumang seru. Cumpune ring kana ana wong duwe gawe.

Aju lalare iku mau diendheg wong tuwek, maksude dikongkon mampir, arep disuguhi jajan lan panganan. Panganane hang disuguhena katon enak-enak. Tanpa rasa curiga lalare mau langsung bain madhang lan mangan jajane.

Wis mari madhang kabeh, aju tepak lalare mau arep mulih, sing lali tuan rumah uga nyangoni berkatan. Tepak wis gadug umah, ana niyatan berkatan mau dibukak mesisan nepali akeh kanca-kanca ring kana. 

Serta weruh isi berkatane endhase munthung wutuh, yara sak akehe uwong mau padha mencilak kabeh. Sakwetara, lare loro hang mari mangan enak ring hajatane uwong mau pelekokan, kepikiran paran-paran hang wis melebu nyang wetenge.

Kira-kira wis setahun kepungkur, sakat pirale cerita KKN di Desa Penari iku ring media sosial sampek digawe pilem, isun kerep ulih pitakonan mulai teka kanca parek sampek uwong hang buru kenal, kaya: cerita iku temenan ana tah? Rika ngerti panggone Desa Penari? Emeh rata-rata padha takon gedigu. Nawi merga sangking kerepe uwong hang takon, isun dhewek kaya kedandapan kudu nyauri paran.

Nyatane mula isun sing tau weruh langsung cerita iku kedadeyane ring desa endi, uga ya sing tau rungu kabar teka uwong-uwong umah.

Nawi sak akehe uwong sing ana hang weruh antarane cerita iku dikarang-karang utawa mula aseli, kejaba hang kawitan nulis ring media sosial iku dhewek.

Kedadeyan kaya gedigu sun alami merga urip ring kuthane uwong. Sedheng isun wong Using, nawi dirasa paham nyang cerita hang jare manggon ring wilayah kutha Gandrung iku.

Kadhung mula dititi temenanan, aleya madak kabeh wong Banyuwangi weruh, uga sing kabeh ngerti pisan.

Ibarate, Banyuwangi iku wera, teka pucuk elor (Alas Baluran) sampek pucuk kidul (Alas Purwa) iku semono werane. Dibandhingaken Bali hang enem kabupaten bain, Banyuwangi lebih wera wilayahe.

Durung maning kadhung diukur teka wates wetan (pesisir Belimbingsari) tembus kulon (Gunung Raung), embuh butuh pirang meteran werna kuning hang melegenda iku.

Gedigu iku kadhang sing dadi bahan kanggo nimbang-nimbang, sukur takon, basa-basi, embuh hang ditakoni mau arep njawab paran beda urusane.

Taping ya ana bain cerita kaya gedigu. Kaya hang tau ditulis ring belambangan.com tanggal 16 Maret 2023 kelawan judhul Kampung Goib Pelesteran ya nduduhaken panggonan tenget hang tau ana kedadeyan wong desa parek kono nekani wong iwuh. Cumpu iku ring tengah alas.

Kira-kira rika kabeh hang maca tulisan iki tau tah ngalami kedadeyan kaya gedigu? Kadhung iya, kelendi uneg-unegrika? Padha kaya isun tah malah ana rasa liyane? Ketang ana-ana bain tingkahe uwong-uwong iku. Nagud yara wis!



 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : -

Editor: Antariksawan Jusuf