Gebyar Isra Mikraj Ring Hongkong

Tirto Arum (dipublikasikan pada Rabu, 10 Maret 2021 07:28 WIB)
- Laporan



Kanggo mengeti dina Isra Mikraj Kanjeng Nabi Muhammad SAW taun 1442 Hijriah, Gabungan Migran Muslim Indonesia (GAMMI) Hongkong magih kober nganakaken Lomba Shalawatan lan Tilawatil Quran sak njerone mangsa pageblug ring bungase ulan Pebruari sore.

Ambi GAMMI hang minangka kumpulane 18 majelis ring Hongkong, iwuh iku diwani tema "Hentikan Eksploitasi Terhadap BMI di Masa Pandemi Covid19".

Kelawan miloni perintahe Pengeran, Isra mikraj minangka perjalanane Kanjeng Nabi Muhammad saw sewengi teka Masjidil Haram Mekkah nyang Masjidil Aqsa hang ana ring Baitul Makdis Palestina lan nyang Sidratul Muntaha. Umat Islam sak donya mengeti dina iki kelawan nggelar macem-macem kegiyatan. 

Lomba taunan Shalawatan dianakaken ring GAMMI taun iki dipiloni enem grup, kelawan biji ring kekompakan, lirik lagu hang miloni tema, lan suwara. Dewan jurine yaiku mbok Ann Milone teka organisasi kecantikan Caseluda lan mbok Lenny teka organisasi PILAR Hongkong. Dene Lomba Musabaqoh Tilawatil Quran dipiloni 12 peserta kelawan penilaian: adab utawa kesopanan, Tajwid utawa makhraj, lan Nada. Saben peserta diwani wektu sampek enem menit macakaken surah Al Isra ayat siji sampek telu. Jurine yaiku mbok Yuyun teka organisasi Subulul Jinan lan mbok Badriyah teka organisasi Dompet Dhuafa.

Merga pegeblug, akehe peserta taun iki mudhun seru timbang sedurunge, hang biyasahe ana 25 lebih. Akeh buruh migran hang dipenging metu ambi majikane merga magih akeh penggaweyan ring umah kayata belanja, ngateraken lalare sekolah lan njaga wong tuwek ring umah. Penulis milu Lomba Musabaqoh Tilawatil Quran kelawan cara njero kawat (online) merga anane pageblug. Pesertane rata-rata teka kampung hang wis nduwe dhasar agama lan maca Quran merga teka pesantren utawa sinau teka guru ngaji. 

Ring mangsa pageblug iki, hing kaya sedurunge akeh wates-wates hang hing diulihi pemerintah Hongkong. Kadhung ring njero restoran utawa panggonan umum liyane lungguhe diwatesi lan kudu nganggo aplikasi leave home safe kadhung hing gelem ana masalah lan keneng dendha 5000 dollar, kira-kira 10 juta rupiah.
Tanggal 7 Maret sore dianakaken Pengumuman Lombane. Kelawan ulih biji 177, Nurhamimah dadi juwara siji, Rasiti juwara loro (167) lan Nurhayati (166) juwara telu Lomba Tilawatil Quran. Dene Lomba Shalawatan Progresip dimenangaken grup Al Ikhlas (184) minangka juwara siji, ATKI (177) juwara loro lan OI Merah Putih (170) juwara telu.

Muga-muga ring taun-taun mengarepe pageblug iki wis uncal, makene silaturahim lan lomba-lomba bisa dianakaken maning kelawan cara normal. 

Cheung Sha wan, 8-3-2021 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Tirto Arum, Wawancara

Editor: Hani Z. Noor