Gedhang Cavendish ring Pelantikan Ikawangi OKUT
Hery susanto (dipublikasikan pada Rabu, 23 September 2020 07:52 WIB)
- Laporan
Werane Tanah Sumatera iki sing nyurutaken niyat uwong Banyuwangi hang manggon noring Ogan Komering Ulu Timur (OKUT) iki milu gabung ring Ikawangi Sumatra Grup (ISG) propinsi Sumatra Selatan.
Dina Minggu 20 September sore disaksekaken pengurus ISG, kang Subandriyo lan kang Wiyono, diserahaken Panji Ikawangi lan surat keputusan pengangkatan kanggo kabeh pengurus Korwil OKUT, diiring gendhing Umbul-umbul Belambangan.
Ketua ISG OKUT hang buru dilantik kang Selamet Santoso ngejak kabeh wong Banyuwangi hang ana ring kana, ngobong semangat ngibaraken panji Ikawangi, makene wong Banyuwangi aja sampek ketinggalan penguripan ekonomi, sosiale lan milu njunjung budayane.
Salah siji program hang arep dilakoni yaiku nandur gedhang cavendish massal. Saben umah dikarepaken nandur paling sithik 20 uwit kelawan tujuwan kanggo ningkataken pendapatan lan pemberdayaan ekonomi dulur ISG, jare Selamet hang aseli Awu-awu kecamatan Sempu iki.
Uga nekani acara iku Ketua ISG Sumsel kang Suroso lan pengurus pusat kang Andi Sudarmanto lan kang Edwin Sudarsono. Wong-wong iki sedurunge lungguh nong kursi hang dipikul lare enom papat sakat teka lawang kori desa sampek nong kursi dhayoh hang ana ring ngarep genjot, kelawan diiringi tabuhan jaranan. Royak.
Ring pidhatone, ketua ISG Sumsel Suroso ngejak wong-wong Banyuwangi ring OKUT nggedhekaken ISG makene bisa ngayomi wong-wong hang mboro ring kana. Malah ISG saiki nerima dulur-dulur hang dudu keturunan Banyuwangi naming kesengsem ambi adat lan budaya wong Banyuwangi.
Sing kelalen, hiburan has Banyuwangi yaiku gandrung jangkep ambi gamelane hang ditata berai ring genjote.
Acara hang dikawiti kelawan nyanyekaken lagu Indonesia Raya iku diterusaken ambi maca puisi Pengarep-arep Sayuwiwit, aju ditutup donga.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Liputan resmi ISG
Editor: Antariksawan Jusuf






