Gemilang lan Literasi Kopi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 01 Maret 2021 08:26 WIB)
- Laporan



Ana pirangane lalare enom ring Gerakan Millenial Cemerlang (GEMILANG) nggawe iwuh diskusi lan pelatihan hang diarani  Literasi kopi Indie. Iwuh iku digelar tepak dina Ahad sore ring Kampung Adat Batara, Papring, Kalipuro, Banyuwangi.
   Kelawan nggawe workshop lan focus group discussion (FGD), GEMILANG setemene ngejak masarakat, utama lalare enom millenial, kanggo nduweni wigati nyang kopi minangka komoditas lokal hang kudu dimanpaataken sak apik-apike.
   “Literasi iku hing ana liyane kejaba kelendi pemahaman menungsa ngadhepi persoalan hang komprehensif. Gedigenan iki penting makene lalare enom Banyuwangi hing mung dadi obyek ring budaya ngopi, taping kudu wanen njuwut peranan ring njerone," jare Fikri Fitrananda hang dadi inisiator GEMILANG Banyuwangi.
   Iwuhe dhewek dibukak kelawan virtual ring Wakil Gubernur Jawa Timur Dr. Emil Elistianto Dardak M.Sc,  nganggo saluran njero kawat Zoom. Kang Emil Dardak nyampekaken pentinge kiprahe lare enom kanggo milu mbangun masarakat hang nduwe daya makene bisa manpaataken potensi lokal. "Saiki wayahe lare enom ring njabane wilayah metropolitan milu pamer gok lalare ring dhaerah hing mung terampil tapi uga mentas," jare kang Emil.
   Iwuh iku dipiloni ambi pirangane organisasi lan komunitas kayata Kampung Papring Kreatif (KPK), Kelompok Sadar Wisata (POKDARWIS) Gombengsari, lan Komunitas Pecinta Kopi. Peserta seru semangate miloni workshop kopi hang diajari langsung ring wong hang nduwe Moca Coffee, Novian Dharma putra.
GEMILANG uga nampilaken Abdurrahman, ketua POKDARWIS Gombengsari, hang dadi salah siji kelompok tuladhan ring tingkat regional. Abdurrahman nduduhaken pentinge lalare enom kanggo ngolah potensi pertanian kopi dadi salah siji bagiyan donya kelenceran (pariwisata).
"Kopi setemene hing mung bisa dirasakaken dadi produk olahan pertanian," jare Abdurrahman. Tapi bisa pisan ngisi segmen antarane pertanian lan pariwisata.
   Dene Widi Nurmahmudy minangka pendiri Kampung Adat Batara nduduhaken girange merga iwuh iku bisa nduweni dampak positip ngaruh-aruhi lalare enom kanggo lebih proaktif ngadhepi wolak-walike jaman. “Iwuh iki nggawe meleke matane lalare gok lare enom bisa dadi petani, pengusaha lan pebisnis kopi."
Widi nambahi iwuh iki bisa dadi kabar apik ring antarane isu rega kopi hang jare terus anjlok.
 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor