Gendhing Using Propaganda Orba (Bagian 2 pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 27 Juni 2024 07:39 WIB)
- Resensi



Gendhing Using Propaganda Orba (Bagiyan 2, pungkas)

   Gendhing-gendhing mau, biyasahe  mula pesenan teka Pemerintah Daerah Banyuwangi nang penganggit gendhing-gendhing Using, ana uga saire gendhing mau asil lomba teka masarakat Banyuwangi dhewek. Kaya gendhing “Makarya” saire anggitane Didik Bahran, taping serta melebu rekaman, sair lan lagune didandani bareng-bareng MABASAN (Machfud Hariyanto, Bashir Noerdian lan Andang Chatif Yusuf).

MAKARYA

Paman-bibik, kakang-adhik,

Kanca-kanca kabeh padha tandang gawe

Mbangun negara nuju makmure

Nusa lan Bangsa, saiki sing usume wong adol lambe

Ongkang-ongkang aclak-aclakan

Mayo kanca mayo padha tandang gawe

Produksi tingkatena pembangunan yara giyatena

Dadiya karyawan nyukupaken sandhang lan pangan

Rapetena persatuan, paman-bibik nuju kemakmuran

Mayo kanca mayo padha tandang gawe

Kukuhena iman kanggo nggayuh idham-idhaman

Mujudaken masarakat adil makmur

Pancasila lan Undang-Undang Dasar petangpuluh lima

 

Syair: Didik Bahran/Andang CY

Lagu: BS Noerdian

Tahun cipta/populer: 1973/1974

Instrumen Pengiring: Angklung

Produksi Rekaman: Sarinande Record Banyuwangi

 

   Gendhing iki ulihe lomba ngarang sair Banyuwangian tahun semono, temane kanggo nggugah utawa ngajak-ajak Generasi enom-noman Banyuwangi makene tangi kabeh kanggo mbangun dhaerahe. Kadhung ndeleng teka Basane, akeh basa 'propaganda' Orde Baru. Mula jaman semono kudu gedigu nyenengaken penguwasa, masiya tah penganggit gendhing hang diapiki ambi Pak Andang nduwe 'obat-mujarab" kanggo nangekaken uwong-uwong hang magih dhemen ngobos, utamane masalah politik angger wayahe Pemilu utawa sak marine.

   Ujar-ujar kaya ‘Persatuan’, ‘Pembangunan’, ‘Adil Makmur, ‘Pancasila’  lan “Undang-Undang Dasar 1945’  iku ‘ujar sakral’ jaman semana. Aja nyacak nyepelekaken, urusane bisa dawa.  Liwat gendhing-gendhing mau, karepe pemerintah makene gampang diterima kanggo nyadharaken masarakat. Masiya gedigu hang aran meksa nurut program mau uga magih ana, antara meksa uwong-uwong milu Penataran Pedoman Penghayatan dan Pengamalan Pancasila (P-4). Iki kudu dipiloni kanggone calon Pegawai Negeri, uga lara-lare sekolah lan kuliyah.

   Kampanye utawa propaganda mau, kadhung digawe ambi guyon has Banyuwangian. Kaya ring gendhing “Rijigan” (lali arane hang nganggit: red), Gendhing iki ana ring salah sijine Album rekaman OM. Tawangalun Rogojampi. Iki uga ajak-ajak urip hang rijigan, jiwa, raga lan lingkungan. Malah gendhing hang nganggo Basanan iki, sangsangan lan isine kadhang ya ewer kadhung dirungokaken. Ambi cara gedigu hang ngerungokaken sing kerasa, kadhung diajak urip rijig. Malah hang durung sadhar bisa diwadani, ambi basanan ring gendhing iki.

RIJIGAN

Yu ayune dhik, ya wong ayu dhik

Tapi ababe mambu lemuru

Kabare ya sing tau kemu

Pantes bain lancinge padha melayu

Gus baguse Kang, ya wong bagus kang

Tapi ambune kok kari lebus

Kabare ya sing tau adus

Pantes bain perawane nana hang ngingus

Mula-mulane ya hang rijigan

Rijigan iku kanggo kesehatan

Rijigan ya rijigan

Tapi aja ngerijigi barange liyan

 

   Gendhing hang dianggit antarane tahun 1970-an mau, nyeritakaken kahanan masarakat Banyuwangi jaman semono. Urip magih selengkrahan, diajak urip rijig bain kangelan. Aran penyakit kulit hang disebabaken lingkungan hang sing rijig mau, dadi kawigatene Pemerintah Orde Baru.  Mangkane aju golet cara hang gampang, yaiku nyindhir uwong-uwong Banyuwangi jaman semono kelawan gendhing hang bisa nggawe gemuyu.

   Gendhing “Rijigan” ukara hang dadi sangsangan, uga njuwut teka kahanan jaman semono. Iwak segara aran lemuru, kaya banjir ring kampung-kampung. Iwak iki murah lan gurih rasane, mangkane wong Banyuwangi sasate kabeh mangan iwak lemuru. Kadhung ambune seru amise, mangkane aju lare-lare jaman semono hang doyan lemuru mesthi ambune amis. Mergane ya kurang rijigan mau, sampek dienggo wadanan ring kanca-kancane.

   Bait kepindho lare wadon hang mbales wadanane lare lanang, merga arang adus ambu awake sampek kaya wedhus. Sindhiran iki keneng seru, kanggo nyadharaken uwong-uwong jaman semono. Kampanye rijigan mau digawa ambi cara ewer, hang kesindhir ya sing kerasa lan sing lara atine. Malah ring bait pungkasan, penganggit ngomong pentinge rijigan iku kanggo njaga kesehatan. Naming aja bablas, aju barange liyan hang ‘dirijigi’ (dijuwut).

   Sakliyane gendhing-gendhing ring ndhuwur mauka, magih akeh gendhing Using liyane hang pesenan pemerintah Orde Baru. Sing terima ring gendhing, nang kesenian Macaan uga akeh pesenane pemerintah Orde Baru. Acak rungokena album Macaan Aljin lan Januri, ring punggelan cerita (Pragmen) akeh nyisipaken ‘propaganda’ pemerintah Orde Baru. Kaya masalah pendhidhikan, taat hukum, taat mbayar pajek lan liya-liyane. Kabeh mau kadhung dirungokaken saiki, sing ketara kadhung iku propaganda. Siji mergane pentere hang nganggit dhung mbukus karep, kelorone merga pemerintahane wis beda.

Hasan Sentot

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Hasan Sentot

Editor: Hani Z. Noor