Genpi Kelenceran Nang Penyangga Wisata Ijen
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 25 Januari 2021 06:12 WIB)
- Laporan
Inopasi kudu terus digoleti lan dianakaken kadhung kepingin gelis maju ana ring alam hang saiki iki tambah ndadi kompetisine. Kaya hang dianakaken Dinas Pariwisata dan Budaya (Disparbud) Banyuwangi ring tanggal 23 - 24 Januari 2021. Lare nom-noman hang kumpul ana ring Genpi (Generasi Pesona Indonesia) nganakaken kelenceran (famtrip) hang lawase rong dina ana ring panggonan penyanggane wisata Ijen Banyuwangi.
Famtrip utawane ider lirih-lirih nambah wawasan lan ilmu-ilmu anyar iki nggawa tema konten yaiku 1. Tata Kelola Destinasi, 2 Pemberdayaan Masyarakat dalam Ekonomi Lokal, 3 Peran Masyarakat dalam Konservasi Lingkungan. Alimi hang dadi Plt. Kabid Ekraf dan Atraksi nyatakaken kadhung kegiyatan iki duwe tujuan kanggo golet-golet paran bain hang bisa kanggo antarane bain kaya keragaman situs geologi, biologi dan budaya mankne bisa nguweni kontribusi nyang promosi potensi Banyuwangi anggone wisatawan lokal uga kanggo wisatawan nusantara.
Destinasi (jujugan) hang diparani Genpi saklawase lirih-lirih iki antare bain panggonan Penyangga Ijen. Dina Kawitan: 1. Watudodol Hill Situs Geologi, 2. Grand Watu Dodol (GWD), 3. Pulo Tabuhan, 4. Bangsring Underwater, 5. Kampoeng Kopi Gombengsari, 6. Pendopo, 7. Pasar Wisata Kuliner Arasfo.
Dina Pungkasan: 1. Pasar Wisata Kuliner Kampoeng Osing, 2. Komplek Rumah Adat Sukosari, 3. Agrowisata Tamansuruh, 4. Air Terjun Jagir, 5. Taman Gandrung Terakota, 6. Sendang Seruni, 7. Pendopo
Tepak ring dina hang pungkasan iki lare nom-noman Genpi hang akehe ana wong 20 iki mau manggon ana ring Umah Adat Using Dusun Sukosari Desa Kemiren Banyuwangi. Lare nom-noman hang asale teka Perwakilan Genpi Nasional, Jatim lan Banyuwangi iki ana hang asale teka: Youtuber asal Jakarta, Perwakilan Duta Wisata, lan Pelaku Ekraf.
Lare nom-noman iku sakteruse ulih keterangan teka ketua adat desa Kemiren ring masalah lan bab paran bain utamane adat suku using Banyuwangi. Kabeh padha tanek anggone ngerungokaken adate wong Banyuwangi hang dianggep aneh anggone iyane iki.
Dedy Wahyu, M.AP Ketua Umum GENPI Jatim nambahi keterangan nyang reportere belambangan.com kadhung kegiyatan Famtrip diarepaken bisa bantu ngubar informasi Geopark liwat content creative lan edukatif kanggo ndukung pengajuan UNESCO Global Geoparks.
Lare nom-noman Genpi iku sakteruse ulih sambutan lan suguhan has suku using kayata gandrung Banyuwangi. Sing mung sak jugetan naming ulih uga milu maju gandrung bareng-bareng ana ring umah adat using kono.
GENPI Jatim lan Banyuwangi iki uga teka asal panggonan hang beda-beda kayata latar belakang lan daerah hang beda disesuaikaken Pentahelix Model. Hang gediki iki dikarepaken bisa bangun Jaringan hang sing ana watese kanggo promosi pariwisata, budaya lan ekonomi kreatif, gediku Kang Dedy Wahyu lare Using iki nambahi keterangane.
Ring punkase kegiyatan kabeh padha mangan bareng ambi panganan has Banyuwangi kayata lepet, kucur, tape pincuk, orog-orog, kopi kemiren
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Desa
Editor: Antariksawan Jusuf





