Genthulitan, Alat Musik Unik teka Jajang Has Banyuwangi (Bagiyan 1 teka 2)

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Selasa, 15 April 2025 08:17 WIB)
- Esai



   Sugihe budaya musik teradhisional Indonesia, Banyuwangi dadi dhaerah hang nduweni pirangane alat musik hang unik uga duwe riwayat ring sejarah lan budaya. Salah sijine alat musik teradhisional hang unik teka Banyuwangi yaiku genthulitan. Masiya durung akeh hang kenal ring njaba dhaerah iki, genthulitan duwe peran penting ring njerone seni musik teradhisional Banyuwangi uga dadi simbol teka kereatipitas lan keunikan budaya masarakat Using aseli Banyuwangi.
   Genthulitan yaiku alat musik tabuh teradhisional hang digawe teka jajang. Ring njerone genthulitan iki ana lonjoran jajang hang uwis diukur uga dilaras kaya dene saron Banyuwangi. Jajang hang dienggo yaiku Jajang hang nduweni sipat kuwat uga sing gampang pecah. Biyasahe nganggo Jajang petung kaya hang biyasah dienggo nggawe teruthuk patrol. Aran genthulitan dijuwut teka unine uwong ngomong “thulit-thulit” hang biyasah dienggo nembang ngetutaken gendhing ring angklung carukan hang unine unik uga ana larase.
   Nggawe genthulitan iku gampang, naming butuh keterampilan husus kanggone milih lan ngolah jajang hang arep dienggo. Jajang dikethok dawane beda-beda teka hang laras endhep biyasahe dawa, sampik ring laras dhuwur biyasahe cendhek. Wilahane Jajang hang uwis dikethok lan dilaras, diratakaken ukurane makene rata lan katone apik disawang.
   Namtokaken laras, biyasahe genthulitan digawe kanggo ngasilaken laras selendro utawa pentatonis hang memper ambi karakter musik Banyuwangi hang has uga sugih ring nuansa teradhisional. Sakuwise jajang dipasang ring rancake, genthulitan iki emeh padha ambi saron Banyuwangi kaya biyasahe, naming rada cilik uga suwarane hang bida.
   Carane nabuh genthulitan iki sing angel, naming kudu bisa nepakaken antarane tabuh ring wilahe. Nabuhe nganggo tabuh hang digawe teka jajang lan kayu, memper ambi tabuhe angklung biyasahe. Nabuhe padha kaya nabuh saron hang ditabuh tengahe wilah makene ulih suwara hang pas uga sing seliring. Penabuh kudu duwe dhasar timpal makene bisa nabuh bener lan ketata apik.
Padha kaya ring gamelan, alat musik genthulitan iki sering ditabuh sak grup, hang penabuhe padha nabuh bareng-bareng kanggo ngasilaken suwara hang enak dirungokaken uga dinamis. Ring pertunjukan, genthulitan biyasahe dicarukaken ambi alat musik teradhisional Banyuwangi liyane kayata kendhang, saron, gong baola uga liyane saingga nyiptakaken komposisi musik hang akeh wernane.
   Genthulitan duwe peran penting ring kesenian lan budaya Banyuwangi. Alat musik iki biyasahe dienggo ring acara adat uga ritual teradhisional kaya bersih desa, ring hajatan, uga acara panen minangka wujud sukur nyang Pengeran. Seliyane iku, genthulitan uga dienggo ring pertunjukan tari-tarian.
   Suwara genthulitan hang unik lan has nguweni gambaran dhewek ring saben pertunjukan seni teradhisional ring Banyuwangi. Alat musik iki sing mung duwe pungsi ngiringi bain, naming uga dadi bagiyan teka identitas budaya masarakat Using.

(Ana sambungane)

 

Ditulis ring: Alif Maulana


   
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Alif Maulana

Editor: Antariksawan Jusuf