Genthulitan, Alat Musik Unik teka Jajang Has Banyuwangi (bagiyan 2-pungkas)
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Rabu, 16 April 2025 08:25 WIB)
- Esai
-48742.jpg)
Padha kayadene alat musik teradhisional liyane, genthulitan uga ngemu nilai pilosopis hang penting kanggo masarakat Banyuwangi. Suwara hang diasilaken teka jajang hang dikethuk nduweni nilai sederhana lan nduduhaken keparekan ambi alam. Jajang dhewek tegese simbol kekuwatan, ketahanan, uga kelenturan, hang nggambaraken masarakat Using hang adaptif lan sagah kanggo ngadhepi tantangan. Alat musik iki uga ngelambangaken bebarengan, merga memengan genthulitan biyasahe dilakoni ambi pirangane uwong hang kudu padha-padha ngerungokaken uga tandang bareng makene ngasilaken suwara harmoni. Bab iki nduduhaken gok kabeh padha guyub ngersaya lan kompak ring masarakat, yaiku saben ana hang duwe peran aju kabeh padha-padha ndhukung siji lan liyane.
Ring tengahe arus perkembangan teknologi lan modernisasi, alat musik teradhisional kaya genthulitan iki ngadhepi tantangan makene kudu tetap bisa tampil. Generasi nom-noman akehe dhemen nyang musik modheren, saingga alat musik teradhisional kaya genthulitan iki wis mulai arang ditabuh. Mula merga iku, nguri-uri alat musik dadi tanggung jawab kabeh masarakat, pemerintah lan budayawan ring Banyuwangi.
Ditulis ring: Alif Maulana
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Alif Maulana
Editor: Hani Z. Noor