Gerebeg Sewu Kupat, Ngusir Pageblug

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Selasa, 04 Agustus 2020 07:00 WIB)
- Laporan



Mbarengi pengetan setaun Masjid Sunan Giri Dusun Kemiren, Desa Singojuruh Kecamatan Singojuruh, dianakaken acara “Haul Kapisan Gerebeg Sewu Kupat Lebaran Haji Ngalap Berkah Syeh Maulana Ishak lan Sunan Giri”.  Angen-angen anane acara iki ndadak, teka Pak Sumono hang nyumbang wedhus loro kanggo wong Kemiren.

“Serta ulih amanat teka Anang Sumono, Isun lan pengurus Masjid liyane gage mujudaken ambi njelentrehaken karep mau. Janur minangka bungkus kupat, Isun lan pengurus takmir hang nyukupi diedum nyang warga Kemiren. Angger warga urunan 10 kupat, disetoraken nyang Masjid engko marek acara dipangan dhewek-dhewek”, gedigu ujare Susilo Wibisono, ketua Panitia nyang reporter belambangan.com Andi Sep Kurniawan.

Pak Silo, gedigu celukan akrabe Kepala SDN 2 Singojuruh iki, ngomong gok kawitane acarane arep ngarak kupat mau keliling kampung sak durunge dipajang ring pinggire Masjid. Naming merga kahanan pageblug Covid-19, pungkasane kupat urunan warga mau langsung dikirim Masjid. “Daging lan sate wis suncawisi, teka wedhus loro sumbangan Anang Sumono. Merga kahanane magih gedigu. Warga hang teka ya kudu miloni pelanggaren hang ana. Kudu nganggo masker lan wisuh hang disediani panggone, uga sing ulih kumpul ambi wong liya kejaba dulure, ambi tetep njaga jarak”, tambahe Ketua BPD Desa Singojuruh iki.

Panitia nyeja ngundang ustad hang bisa njelentrahaken sejarah perjuangane Syeh Maulana Ishak ring Belambangan jaman bengen. Mangkane ular-ular, utawa tausyiah mau dipecayakaken nyang Ustadz Fauzi Abdullah teka Banyuwangi, hang ngerti sejarah uga penulis hang tahu nggawe novil “Pereng Puthuk Giri”.

“Ngadhepi pageblug Covid-19, sing terima ihtiar lair. Uga kudu dianakaken ihtiar religi. Merga ring sejarah ketulis, Syech Maulana Ishak tau ihtiar cara lair lan batin lan asil ngatasi pageblug ring Belambangan jaman sak mono. Saiki masarakat Kemiren kene, kepingin ngalap berkah Syeh Maulana Ishak ambi karep muga-muga covid-19 gage minggat teka bumi”,  ujare Kang Ujik, gedigu celukane pegawai Dinas Kebudayaan lan Pariwisata Kabupaten Banyuwangi iki.

Kang Ujik aju nerusaken. Hikmah urip ring Normal Anyaran iki, kita kabeh wajib nganggo tongkos, wisuh lan njaga jarak.  Wisuh maksude, mane bisa njaga tangan teka polah jagil. Tongkos utawa masker, karepe menungsa bisa njaga ucape utawa lisan ambi sing ngumbar petenah lan njaga jarak, karepe supaya kita kabeh njaga awak ngedohi kabeh-kabeh hang dilarang Gusti Allah”, gedigu jelentrehe Kang Ujik.

Nanggepi acara iku mau, Sumono Abdul Hamid, pensiunan Krakatau Steel Cilegon hang kelairan Kemiren, Singojuruh, ngangku ternyuh lan sampek kemesar awake serta weruh potrek hang dikirim panitia liwat whatsapp. Iyane sing nyangka, kadhung acara iku mau bisa kelaksan ambi kahanan kaya saiki iki.

“Isun ambi ndeleng potrek-potrek mau, mung bisa nyawang ambi mberebes mili. Kawitane ya mung nduwe panemu bain, sonder bisa njelentrehaken lan teka nyang Kemiren. Temekaken lare-lare bisa mujudaken lan iku wis lebih teka hang sun angen-angen sak durunge. Mung bisa ngucap kesuwun nyang lare-lare, uga masyarakat Kemiren sekabehe. Insyaallah tahun ngarep diterusaken, ambi ditata lebih apik maning”, ucape Sumono hang saiki manggon ring Jakarta.

Poto: Andi Sepkur

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Panitia

Editor: Antariksawan Jusuf