Gesah Ambi Susi Susanti, Penari Seblang Olehsari

Ahmad Muzakky (dipublikasikan pada Selasa, 03 Desember 2019 17:01 WIB)
- Laporan



Ulan abete gemelantong katon teka dalan ring Radio GBS sepengulon. Sunare sing kalah endah ambi damar kang kemeredep ditulih teka kadohan. Montor-montor magih akeh kang seliweran, uwong-uwong ya magih padha melek, lawang-lawange umah magih padha diemblang, damar magih padha diurubaken. Sepengulon iku akeh cafe lan warung-warung jejer. Sing kaya bengen, Jalan Lijen iki saiki seru ramene.

Bengi iki isun semayanan ambi lare wadon, perawan tanggung. Arane Susi Susanti, Penari Seblang ring Olehsari. Umure kira-kira 18 tahun lan magih sekolah ring SMK. Sakbenere semayanan wis sakat wingi taklam, buru bisa kelaksan. Seja isun nemoni Susi ring umahe, arep gesah akeh, nggesahaken kok iyane dadi Penari Seblang.

Montor sun bilukaken ngalor melebu nyang Desa Olehsari. Isun ya semayanan ambi Kang Arif Wibowo, salah siji pemuda adat desa kang setaun kepungkur dadi ketua panitia pelaksana Seblang Olehsari. Isun semayanan ring ngarep masjid. Mari markir montor, isun melaku ngulonaken ambi Kang Arif, uga nduduhi dalan nyang umahe Susi. Umahe sing kariya adoh teka masjid, melebu gang kira-kira 100 meter, ngidulaken. Mari ngeliwati limang umah, gadug nyang panggone Susi lan keluwargane kumpul.

Isun disambut Susi, kang bengi iku kathik kudhung kelir cemeng, kelambi kelir abang enom lan celana jins biru. Abete apake Susi enak ngeroti jajang digawe kaya kunduke endog taping lebih cendhek. (kunduk iku engko dienggo andoh kembang kang diedol tepak acara Seblang tahun ngarep).

Kaya dene perawan desa, Susi ya sing ana bidane. Polos lan sopan adhung nerima tamu. Mari dikongkon lungguh isun aju takon-takon masalah seblang. Suwi-suwi emak, apak lan emboke Susi milu lungguh pisan. Ngerungokaken pitakon-pitakonisun nyang Susi. Mari njaluk idin, rekaman ring HP sun uripaken.

Susi dadi penari Seblang sakat rong tahun kepungkur. Siyap hing siyap kudu gelem dadi Seblang, polae kadhung nulak, resikone bisa dadi edan selawase, sak keturunan-keturunane.

Susi duwe getih keturunan penari Seblang. Apake Susi mara-mara nguweni potone embahe jaman kala semana, kang tau dadi seblang. Kelendi prosese kok mara-mara Susi kang dadi? Dadi penari seblang iku duduk mara-mara ndaptar nyang pawang terus dadi, using. Kang nemtokaken iku “wong alus” kang hing katon wujude. Nunjuke nganggo medhiyator. Arane Bapak Zaini, kang dadi perantara antarane wong alus lan menusa.

Jare ceritane Susi, sedurunge weruh sapa kang dadi seblang, seminggu apa telung dina sedurunge jebege, ring umahe uwong kang arep ditunjuk ambi wong alus iku mau mambu kembang menur. Seru antere. Masiya uwong kang arep dadi, utawa anggota keluwargane ana ring panggon adoh, metu teka Olehsari, kembang menur iku uga mambu. Iku tegese, keluarga kang umahe mambu menur mau kudu siyap-siyap, salah siji anak perawane arep dadi Seblang.

Bengi-bengi tepak wayahe uwong-uwong turu, Pak Zaini kesurupan. Rabine, kaget lan kepontang panting melayu metu nyang umahe lare kang disebut ambi Pak Zaini mau. Susi.

Keluwargane Susi wis pasrah, lila lan ikhlas anake dadi penari Seblang telung tahun mengarep. Susi wis siyap dadi Seblang. Siyap fisik lan mental. Lare perawan kang benere wayah memengan ambi kanca-kancane, bakalan, iki malah ketiban sampur dadi penari Seblang, kang kesurupan lan ditonton atusan uwong. Tepak kawitan, jare Susi ngerasa isin, diwadani lan dipoyoki kanca-kancane, guru-gurune ring sekolahan polae iyane dadi seblang. Taping suwi-suwi Susi mongkog, dadi Penari Seblang, kang sing sembarangan uwong bisa.

Susi tau duwe bakal. Taping saiki wis pedhot. Jaman magih bakalan, untunge lare lanang kang dhemen kang dadi bakale Susi iki hing keweden, malah ndukung Susi dadi Seblang. Arane hing ana alangan tepak Susi bakalan, masiya saiki wis sewang-sewangan. Jare Susi, sing bakalan sulung polae fokus ambi ujian kang wis arep dianakaen taun ngarep.

Gesah ambi Susi lan keluwargane seru enake sampek hing kerasa wis jam sanga bengi. Isun nerusaken takon-takon. Teh kang digawekaken ambi emake Susi durung sun ombe. Ritual tari Seblang iki mangkate ring ulan Syawal taping tanggale hing bisa diatur, mung dinane dina Senin utawa Jemuah, suwine sampe pitung dina, sing ana elete. Suwene pitung dina iku Susi kesurupan sing sadhar. Kang nggawe penasaran, paran kang dirasakaken Susi bangete kesurupan iku? Rasa-rasane adhung diceritakaken hing ana kang percaya. Goib.

Pas mangkat hing sadhar, jare Susi, rohe kaya metu teka jasade Susi kaya ana kang nggawa nyang donya liya. Susi dikawal melebu nyang panggon kaya istana, lawang korine seru gedhene lan dilapisi emas kabeh. Panganane jare werna rupa, buah-buahan seru jangkepe hing kaya ring donya nyata. Susi ditumpakaken kereta, diajak melaku-melaku nunggang jaran putih sampek gadug Watu Dodol, mampir nyang pasar gedhi, seru gedhi lan rame kang tibane jare ring sekitar Tembakon kana. (Mula jare uwong-uwong lokal ring sekitar Tembakon, mula ana pasar goib ring kana). Rasane kaya ngipi taping kaya temenan.

Sedina, Susi kesurupan dileboni 44 roh uwong alus. Saben ganti gendhing, ganti pisan uwong alus kang ngeleboni ragane Susi. Mangkat sekitar mari bedhug, ngarepaken mahrib Susi disadharaken. Tepak dadi Seblang pitung dina iku, nyang endi-ndi Susi kudu dikancani. Adus lan turu kudu ana bature, kadhung hing wedine Susi diculik wong alus. Polae kadhung wis dadi Seblang, iku artine Susi dadi lare wadon pilihan kang didhemeni ambi uwong-uwong alus.

Susi sing ana wedine adhung wis kesurupan terus diajak nyang panggon liyan, donyane uwong alus. Emake Susi cerita, jare seru kuwatire tepak dina pungkasan Seblang dijugedaken. Tepak arep disadharaken ambi pawang Seblang, Susi sing melek-melek. Arwahe magih ana ring panggon liyan, panggone uwong alus mau, mergane Susi pernah ana ring kana. Sing weruha emake keranta-ranta, wedi Susi sing balik nyang donya.

Isun nulih cingkir teh kang ana ring meja magih wutuh, sun uyup sithik polae emake Susi wis ngongkon ngombe teh iku mau. Tehe wis kerasa adem.

Isun takon nyang emake Susi kelendi rasane anak perawane dadi Seblang. Ring pinggirisun, ana Wahyuni, emboke Susi. Yuni, ya kepilih dadi Seblang. Ceritane Yuni, seru nggawe ati keranta-ranta. Emake Yuni mangkat cerita, suwi-suwi ambi ngembung iluh, iling-ilingen kala semana. Yuni dadi seblang magih kelas lima SD. Seru cilike. Sing bisa sing, kelendi-kelendiya Yuni kudu njuget, kudu kesurupan, kudu dadi Seblang. Sing bisa nulak aju dadi edan. Ambi ngembung iluh mau lan lungguh timpuh ana ring pelesteran emak magih cerita. Tangga-tanggane kang tetangisan pas Seblang mangkat njuged. Yuni wis sing sadhar, matane merem, awake jejogedan. Emak, kuwat nulih anak perawane dadi Seblang.

Tepak Susi kang dadi sakat rong taun kepungkur, emak wis biyasah sing ana cara liyane kejaba ihlas lan nerima. Kabeh kanggo desa lan kanggo nguri-uri adat Olehsari. Tahun 2020, dadi tahun pungkasan Susi njuged Seblang. Atine emak nawi wis rada lega. Sing ana anak wadon maning, Susi anak kemunjilan.

Rekaman ring HP sun tulih wis ulih sak jam lebih. Taping isun magih penasaran. Kira-kira wong alus iku kelendi perainane. Jare Susi ana siji kang seru ayune, taping sikile dhengkol, arane Sayu Sarinah. Duwe bapak arane Ki Jalil kang sering muntup ring ngipi lan nyapa uwong-uwong anyar ring umahe Susi.

Isun mulai keweden.

Bapake Susi cerita, jare kadhung ana uwong kang hing semaput tepak kecaruk nyang Ki Jalil, iku artine wonge hebat. Jare Bapake Susi, wujude iku duwe jenggot putih dawa lan sering muntup ring pawon kadhang ring kamar. Isun sing wani takon-takon maning kelendi wujude.

Isun tambah keweden.

Yuni nambahi cerita, kadhung lakine pas mulih nyang umahe-umahe aseline adoh teka desa Olihsari - kaya-kayaa ana kang milu gonceng ring sepidhah montore. Seru abote jare. Pas arep gadug umah, wis kerasa entheng maning. Tibane dipiloni wong alus.

Jam ring tembok wis ngethungaken jam 21.30. Bengi tambah adhem rasane, isun wis kudu nyetop wawancara ambi Susi, polae wis dalu. Turne isun magih penasaran lan kepingin gesah maning. Isun semayanan ambi Susi lan keluwarga liya dina nak balik maning, gesah maning.

Mari rungu cerita-cerita iku, rasa wedi iki katut sun gawa mulih. Taping isun mikir kadhung isun iki niyate apik sing niat ngerusak. Kang Arif sun ajak pamit mulih pisan. Metu teka umahe Susi, lawang-lawange umah tangga-tanggane wis padha eneban, sing sepira kang magih melek.

Isun ambi Kang Arif melaku nyang Masjid panggonisun markir montor mau. Isun uluk salam nyang kang Arif, ya ngucap terima kerana wis dikancani nyang umahe Susi. Pas mbukak lawang montor, mara-mara isun mambu ambune kembang menur.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Antariksawan Jusuf