GESAH - Gerakan Sadar Zakat Infaq lan Sodakoh, Kanggo Mbantu Wong Sing Duwe
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Kamis, 05 Maret 2020 09:26 WIB)
- Laporan
Magih akeh wong kurang cukup, utawa melarat, mbutuhaken campur tangan sapa bain. Kabeh mau sing bisa digantungaken mung nyang tangane pemerintah, embuh ring pusat utawa sampek dhaerah. Masiya wis ana Dinas Sosial, aju ana lembaga amal zakat sampek tingkat kabupaten, naming kanggo meruhi lan bisa nguweni bantuwan hang pas mau butuh bantuwan lan elungan tangan teka anggota masyarakat liyane.
"Warga Tamanbaru, Kecamatan Kota Banyuwangi iki, mung kepingin megawe bareng lan nulungi pemerintah. Karepe, makene bisa ngedunaken angka akehe wong melarat hang ana ring kampung-kampung. Kelawan cara gedigi, sak using-usinge bisa mbantu warga masyarakat hang butuh bantuan mau. Kadhung sing ana campur tangan kelompok masyarakat, angel program hang ana bisa sampek sasaran", jare Lurah Tamanbaru, Abdur Rochman.
Program hang diarani GESAH, Gerakan Sadar Zakar Infaq lan Sodakoh digarap bareng ambi nggedhekaken Pokja Gakin (Kelompok Kerja Gardu Miskin) kanggo nerima lan nyaluraken dana masyarakat mau. Ring tingkat Kabupaten wis ana Tim Koordinasi dalam Menanggulangi Kemiskinan, kanggo ngurangi angka akehe wong melarat. Naming kanggone melaku mane lancar, kudu dikuwati ring tingkat paling ngisor Desa utawa Kelurahan.
"Isun nduwe cara ambi model dual-strategi, utawa cara wolak-walik. Kawitan mbangun-mbangun pegaweyan bareng kabeh hang duwe kepentingan milu mberantas kemelaratan. Kelawan cara gedigu, kabeh milu bareng-bareng ngedunakan angkane wong melarat ring Banyuwangi. Kaping pindho, ngeweni peran para Muzakki, yaiku wong-wong hang wajib zakat uga milu pisan nyegah mecungule kemelaratan mau. Carane ambi nguweni nyang para Mustahik, utawa wong-wong hang wajib diweni zakat seminggu sepisan, utawa sewulan sepisan" jelentrehe Rochman.
Teka megawe barenge wong-wong hang duwe kepentingan mau, temekaken ana hang ngagetaken. Maune ZIA teka para Muzakki biyasahe uleh Rp. 660.000,- angger ulan, saiki serta diprogram lan ditangani temenanan bisa ulih Rp. 2.500.000,- angger ulan.
"Alhamdulillah, angger ana masyarakat sing nduwe hang mbutuhaken, bisa mbantu malah kerep bisa nyukupi butuhe. Kaya modhal dienggo dodolan PKL. Butuh biaya obat nyang dokter. Nguweni anake wong hang sing duwe, kanggo biaya nunggang kendaraan sekolah. Uga bisa nguweni jaminan beasiswa kanggo anake wong sing duwe, sampek lulus kuliah", pungkase Rohman.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






